Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 106 (Christ Appears to Mary Magdalene)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 9 - Wunguné Sang Kristus Saka Sédané (Markus 16:1-20)

3. Sang Kristus Ngatonaké Sarirané Marang Maryam Magdaléna (Markus 16:9-11)


MARKUS 16:9-11
9 Bareng Gusti Yésus wus wungu ing dina kapisan ing minggu iku Panjenengané banjur ngatingal marang Maryam Magdalané, yaiku kang biyén kapanjingan dhemit pitu, nanging wis padha ditundhungi déning Gusti Yésus. 10 Wong wadon mau nuli lunga aweh pawarta bab iku mau marang kabéh wong, kang biyén tansah ndhérék Gusti Yésus, lan kang ing wektu iku pinuju padha susah lan nangis. 11 Nanging bareng padha krungu, yén Gusti Yésus gesang lan wis dideleng Maryam, padha ora ngandel.

Gusti Yésus gesang. Panjenengané wungu saka séda, lan ngalahaké pati ing sajroné kamenangan kang bener kabukti. Nalika wong-wong kang ora pracaya lan wong-wong kang nyenyamah takon marang kita apa ana wong kang tau bali saka kalanggengan, kita bisa kanthi kendel njawab, “Ya, Gusti Yésus wungu saka séda, lan Panjenengané nangekaké wong-wong liya uga. Panjenengané mbuktekaké hakikat lan anané Gusti Allah kang gesang. Badan kasukman Panjenengané yaiku lambang saka titah kang anyar. Panjenengané yaiku Kang menang kang gesang lan langgeng kang ngalahaké kabéh penyakit, cemer, lan karingkihan. Panjenengané rawuh lan tetap ana nganti salawasé. Urip Panjenengané ora bakal kapungkasi”. Sebanjure, manut pelaporan saka Pétrus, kang ditulis Markus, muride, Gusti Yésus ngatonaké sarirané marang Maryam Magdalena kang tau diwarasaké Panjenengané saka anggone kapanjingan pitu roh ala. Ora ana kang bisa marasaké Maryam Magdalena kajaba Gusti Yésus, Sang Juru selamet kang kebak kanthi sih kawelasan marang dhéwéké lan marasaké dhéwéké kanthi pangandikan kang kalimputan panguwasa. Gusti Yésus iku Kang menang ora mung atas bilahi, nanging uga atas kabéh roh-roh ala. Gusti Yésus iku sang Juru selamet kang kebak panguwasas lan kabecikan.

Sang Roh suci durung manunggal ing sajroné ati para murid Gusti Yésus, utawa ing sajroné ati wong-wong wadon kang setya ndhérék Gusti Yésus. Bisa uga Gusti Yésus ngatonaké sarirané marang Maryam Magdalena kanggo neguhaké iman wong wadon iku kanthi mangkono wong wadon iku ora tiba, utawa bali marang roh-roh ala.

Wungune Gusti Yésus saka séda mbuktekaké marang kita babagan kasucén Panjenengané kang sempurna, lan Panjenengané resik saka cancangan sipat kedaginan lan dosa. Panjenengané neguhaké para pandhérék Panjenengané, lan ngalimputi para pandhérék Panjenengané kahanan kang suci minangka benteng lumawan dosa.

Maryam Magdalena ora gemeter nalika dhéwéké ndeleng Gusti Yésus kang kasalib iku lan Panjenengané isih gesang lan ana ing ngarepe. Bisa uga dhéwéké dhéwé duwé pelangalaman nalika dhéwéké isih kacancang karo roh-roh ala, yaiku dhéwéké kulina ketemu karo roh-roh ala. Roh-roh mengkono iku pancen ana lan duwé panguwasa kang ora dimangerti déning manungsa. Gusti Yésus bisa uga katon kaya malaikat, lan sebanjure Maryam Magdalena banjur yakin yén kang kadeleng iku Gusti Yésus piyambak. Maryam Magdalene ngreti ing ngarsané Gusti Yésus ora ana panguwasa liya kang bisa tetep ngadeg jejeg, awit mung kanthi tembung saklimah waé Gusti Yésus bisa nundhung Iblis lan kabéh panguwasa roh ala kang nggegirisi.

Maryam Magdalena mlayu karo bungah saka papan anggone ketemu karo Gusti Yésus kang wis wungu saka séda, lan martakaké iku marang para murid. Maryam Magdalena menehi ngreti para murid yén Gusti iku gesang, lan Panjenengané ngatonaké sarirané marang dhéwéké, nanging para murid nampik pawartané Maryam Magdalene iku, lan ora gelem ngrungokaké katarangané, lan malah ndakwa Maryam Magdalena ngimpi. Bisa uga para murid padha omong-omong dhéwé, “Kita wis ngerti sapa Maryam iki, roh-roh, angenané, lan anggone wedi. Pikirané bisa uga apik, nanging ora bener”.

Ati saka para murid, sawisé pambalela, disiksa, kasalib, séda lan anggone Gusti Yésus dikubur, para murid isih ing sajroné kahanan kaget. Para murid ora manéh pracaya apa waé kajaba kang bisa dideleng. Sawisé ngubur pangarep-arepe lan rasa pepinginané, para murid ora cemawis mrecaya sawijining prekara, awit atine wis dadi wangkot. Prekara kang padha kelakon ing jaman saiki sawetara wong kang ndhérék Gusti Yésus dadi wangkot banget atine sawisé lumantar bencana kang nglarani banget, awit para murid kelangan gegayutan karo pratéla pakaryan Gusti ing sajroné uripe. Para murid uga ora bisa énggal pracaya, lan uga kangélan nyawang marang pengarep-arep kang urip, lan mung bisa nyawang kabéh kangélan kang ngalimputi dhéwéké.

PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang maha agung, kawula manembah Paduka awit sampun mratélakaken kasucén Paduka dhumateng tiyang setri ingkang nate Paduka sarasaké ingkang rumaos ajrih dhumateng roh-roh, kanthi makaten Paduka neguhaken imanipun. Kawula manembah Paduka awit Paduka gesang lan suci, lan Paduka kagungan samukawis kuwaos atas sadaya roh awon. Kawula pitados dhumateng panguwaos pangadikan ilahi Paduka, ingkang saged nundhung roh awon saking saben tiyang ingkang gadhah pengajeng-ajeng dhumateng Paduka kanthi makaten Paduka saged nebihaken tiyang-tiyang saking anggen kawula kesasar lan neguhaken tiyang-tiyang ing salebetipun sang Roh suci Paduka. Saestu, Paduka kemawon ingkang mimpang atas bilahi, iblis lan dosa. Jangkung kawula siang lan dalu ing salebetipun asma Paduka sesarengan kalian saben tiyang ingkang dedonga dhumateng Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabé Gusti Yésus Kristus ngatonaké sarirané marang Maryam Magdalena luwih dhisik?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 07:24 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)