Previous Lesson -- Next Lesson
2. Malaikat Martakaké Babagan Kubur Kang Wis Suwung (Markus 16:5-8)
MARKUS 16:5-8
5 Nuli padha lumebu ing pasarean lan padha weruh priya nom-noman lenggah ing sisih tengen, ngagem jubah putih, temahan padha kaget. 6 Nanging priya nom-noman iku banjur ngandika marang para wong wadon mau: “Aja padha wedi! Kowe padha nggoléki Gusti Yésus saka ing Nasaret, kang wis kasalib, Panjenengané wis wungu. Ora ana ing kene. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarekaké Panjenengané. 7 nanging saiki padha lunga, para sakabate lan Pétrus kandhanana: Panjenengané ngrumiyini kowe kabéh menyang ing tanah Galilea. Ana ing kana kowe bakal padha ndeleng Panjenengané, kaya kang wis dipangandikaké marang kowe kabéh.” 8 Wong-wong wadon mau banjur metu padha mlayu saka ing pasarenan, amarga padha kataman giris lan gumeter, dadi ora tutur apa-apa marang sapa-sapa, marga saka wedine. Kanthi ringkes kabéh piwélinge malaékat mau wis ditekaaké marang Pétrus lan kanca-kancane. Sawisé iku Gusti Yésus piyambak lumantar para sakabate martakaké kabar kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakaké yaiku bab karahayon kang langgeng iku wiwit saka ing wétan nganti tekan ing kulon.
Wong-wong wadon iku nyeraki kubur kang kothong lan peteng iku, lan mlebu karo ana rasa wedi ing atiné, awit pikirané ing njeron kubur bakal ndeleng layon gusti Yésus kang wiwit mambu.
Nanging, nalika wong-wong wadon iku mlebu kubur kang peteng iku, wong – wong wadon iku ora ndeleng layon Gusti Yésus kang diwenehi lawon putih, nanging wong – wong wadon mau malah ndeleng nom-noman kang nganggo jubuh putih lungguh ing sisih tengen, nyawang wong-wong wadon mau karo pepadhang lan panguwasa kang metu saka awake. Wong-wong wadon mau kaweden, awit wong-wong wadon mau mikir yén kuwi lelembut. Kang awujud uwong iku yaiku malaikat utusané Gusti Allah, kang ora mung ngatonaké awaké, nanging uga metokaké tembung kang bisa dimangerteni, lan martakaké kabar kabungahan kasuwargan marang wong-wong wadon mau kang lagi gela lan kalimputan rasa wedi.
Sethithik mbaka sethithik, rasa wedine ilang, kaya kang kelakon nalika bala prajurit malaikat menehi katarangan marang kumpulan para pangon kang lagi ngengon wedhus-wedhuse ing cedhaké Betlehem, ing bengi nalika Gusti Yésus miyos.
Saka tembung-tembung kang banget déning ngayemaké kang dipratélakaké déning para malaikat iku, katon cetha yén malaikat iku bener-bener ngreti apa kang ana ing sajroné pikiran wong-wong wadon iku. Malaikat iku gawé ayeming wong-wong wadon mau kanthi kandha yén Gusti Yésus bener-bener wis mati, nanging Panjenengané wis wungu. Malaikat iku ana ing kana tujuwani martakaké babagan wungune Gusti Yésus lan nyebut Panjenengané kanthi negasaké Yésus kang disalib.
Panjenengané kang disalib iku uga Panjenengané kang menang, awit Panjenengané wis nyirep bebendune Allah lumantar salib, dadi korban karukunan kanggo dosa-dosa manungsa, lan ngalahaké cobané Iblis. Awit saka iku, Sang Kristus kabukti dadi wong kang menang atas bilahi.
Kamenangan Gusti Yésus ora mung sawijining pokok kang asipat ideologi gegayutan karo iman thok. Kamenangan iku dipratélakaké lan dadi sempurna ing sajroné ngalahaké bilahi. Pati kang asipat umum iku ora bisa nahan Panjenengané kang urip, lan si pengawak dursila ora duwé panguwasa atas Panjenengané kang Maha suci, awit Panjenengané wungu kanthi panguwasa Panjenengané.
Mangkono, Panjenengané tindak kanthi sesideman saka kubur watu iku, lan sebanjure rawuh uga tanpa suwara ing omah kang tutupan ing kono para murid padha kumpul. Gusti Yésus ora dikuwasani déning papan lan wektu, barang lan daya tarik bumi. Panjenengané nguwalaké sarirané kabéh kang teluk marang pati, ninggalaké kabéh kang bilahi lan mlebu ing sajroné kalanggengan.
Gusti Yésus ora tumindak dosa utawa ora luput apa waé, lan awit saka iku bilai ora bisa nahan Panjenengané. Kabéh nabi padha mati awit para nabi iku dosa. Nanging gusti Yésus wungu saka séda, awit Panjenengané suci. Panjenengané bener-bener séda ing kayu salib ora awit dosa-dosa Panjenengané piyambak, nanging awit dosa-dosa kita. Panjenengané séda supaya kita bisa gesang. Malaikat ing kubur kang kothong iku seksi kawitan saka wungune Gusti Yésus saka séda.
Kasunyatan iki nuduhaké marang wong-wong wadon iku kayektén kang bisa disawang cetha lan ora bisa diselaki gusti Yésus ora ana ing kubur. Panjenengané ora ngilang kaya roh, utawa ngaton kaya-kaya Panjenengané rawuh saka nggegana, nanging Panjenengané tindak mengkono waé, lan kubur iku ora ana layone. Malaikat iku sebanjure nuntun para wong wadon kang bingung iku ing papan Gusti Yésus disumarekaké, lan ing kana wong-wong wadon ndeleng lawon kang gumulung lan diselehaké ing sisih papan gusti Yésus disarekaké, dadi tandha yén wungune Gusti Yésus ora dumadi ujug-ujug lan kesusu tanpa pranatan, nanging temata lan karancang kanthi becik.
Sawisé iku Malaikat mratélakaké marang wong-wong wadon mau yén Gusti Yésus ora banjur mingkrat marang Rama Panjenengané, nanging isih tetep ana ing donya iki, lan Panjenengané bakal ndisiki menyang Galilea, papan anggone leladi kang tau katindakaké Panjenengané. Banjur, malaikat iku dhawuh para pandhérék Gusti Yésus iku supaya ndhérék Gusti wiwit wiwitan nganti pungkasan, ora mung sadurunge patangen, nanging luwih-luwih manéh sawisé patangen iku. Lan Gusti Yésus ora bakal tau ninggalaké wong-wong wadon iku, awit Panjenengan iku pangon kang becik kang lumaku ing ngarepe wong-wong wadon iku.
Dadi, para wong wadon iku wong-wong kang kawitan kang martakaké kabar becik babagan patangen. Malaikat ngutus wong-wong wadon mau supaya martakaké marang para murid lan Pétrus supaya ngejur anggone gumunggung minangka jejeré wong lanang kang asring nganggep awaké bisa ngreti sakabéhe nganggo pikirané dhéwé. Nalika iku, kaya-kaya malaikat Allah mitayakaké marang para wong wadon iku tugas nyebaraké kayektén babagan patangen kang luhur.
Nanging, kabéh tembung, pangreten, lan pikiran iku ngluwihi pangerten para wong wadon iku, awit wong-wong wadon ndeleng yén layon Gusti Yésus ora ana ing kubur iku, lan malah ing njero kubur iku ana nom-noman kang kandha marang dhéwéké. Panjenengané kang disalib iku wis wungu saka séda, lan kubur iu wis kothong. Panjenengané wis tindak saka kubur iku. Panjenengané uga bakal ndhisiki kita dikaya kang diprasetyakake. Kabéh lelakon iku karasa kaya sinamber mbledhek ing wayah awan, ngagetaké wong-wong wadon iku, mula wong-wong wadon iku dadi geter. Wong-wong wadon mau cepet bali lan karo gemeter ora bisa kandha apa-apa, awit pancen katempuh rasa wedi.
PANDONGA: Dhuh gusti ingkang suci, Paduka gesang. Paduka mboten wonten ing salebetipun kubur Paduka kados dene tiyang-tiyang ingkang ngedegaké agami-agami sanes, lan badan Paduka uga mboten mambet lan ical, nanging Paduka wungu kanthi kebak kamimpangan, awit Paduka mboten gadhah dosa. Paduka séda kanggo kawula lan wungu kanggo mbeneraken kawula. Kawula manembah Paduka, Paduka menika ingkang kasalib lan gesang. Paduka paringi dhumateng kathah tiyang ing jaman samenika, kasagedan mangertos kayektén babagan gesang Paduka, kanthi makaten tiyang-tiyang menika mratobat, lan pitados dhumateng kaagungan Paduka. Paduka paring pitulungan dhumateng kawula ndhérék Paduka ing saben wekdal ing salebetipun gesang kawula lan ngantos salaminipun. Amin.
PITAKONAN:
- Apa kayektén-kayektén maton kang dicethakaké déning malaikat iku marang wong-wong wadon kang ana ing kubur Gusti Yésus?