Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 102 (The Women Beneath the Cross)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)

19. Wong-Wong Wadon Kang Ana Sacedhaké Salib (Markus 15:40-41)


MARKUS 15:40-41
40 Uga ana wong wadon sawatara kang padha nyawang saka ing kadohan, panunggalané kayata Maryam Magdalena, Maryam ibune Yakobus Anom lan Yoses, sarta Salome. 41 Iku kabéh wis ndhérékaké tindaké Gusti Yésus lan ngladosi ing kabetahané nalika ana ing tanah Galilea. Lan ing kono iya isih ana wong wadon liyané kang akéh cacahe, kang padha teka ing Yesusalem bebarengan karo Gusti Yésus.

Akéh wong wadon saka maneka golongan kang wis ndhérék Gusti Yésus, anggone leladi saka Galilea tekan Yérusalém (Lukas 8:2-3). Tekan gusti Yésus disalib wong-wong wadon mau duwé tekad ora ninggalaké Gusti Yésus. Pribadi gusti Yésus, ing sajroné panguwasa Sang Roh Suci, ngendhaleni panguripané para murid, becik sing lanang uga sing wadon, ing sajroné kasucén lan kaeraman.

Bisa uga salawasé iki uripe para murid dibantu déning wong – wong wadon iki, kang ndeleng yén ana panguwasa kang asipat ilahi kang gedhé kang metu saka sarira Gusti Yésus. Sang Kristus ora mundhut bayaran kanggo kabéh kaélokan kewarasan kang ditindakaké Panjenengané, lan Panjenengané uga ora nglumpukaké banda nganti lubér-lubér, nanging Gusti Yésus urip sederhana lan kacukupan. Para wong wadon iku melu leladi para murid ing Galilea malah nganti ing mangsa panganiaya. Wong wadon iku leladi, lan nggatekaké para pengareping murid kang isih anyar iku.

Kita ora wanuh wong-wong wadon iku, kajaba jenenge waé. Tulisan ing Lukas 8:2-3 nuduhaké yén ana ing antarané wong – wong wadon iku ana kang tahu diuwalaké anggone dirasuk iblis lumantar panguwasané Gusti Yésus.

Awit wong-wong wadon mau durung nampa Sang Roh Suci, wong-wong wadon mau wedi yén roh-roh ala iku bakal bali manéh ngganggu, mligine Maryam Magdalena kang wong-wong wis padha ngerti yén Maryam Magdalena kapanjingan pitu roh ala, lan wis diwarasaké kanthi sempurna déning Gusti Yésus. Para wong wadon kang setya iku golék pangayoman saka Sang Juru selamet kang kagungan panguwasa, lan Gusti Yésus ora nglarang wong-wong mau ndhérék Panjenengané.

Bisa uga Salome iku ibu saka Yokanan lan Yakobus, kang nyuwun marang Gusti Yésus supaya anaké loro nampa pikurmatan lungguh ing sisih tengen lan sisih kiwa Gusti Yésus ing sajroné Kraton Panjenengané. Saiki, dhéwéké malah ndeleng begal loro ana ing sisih tengen lan sisih kiwa gusti Yésus. Dhéwéké maca uga tulisan, “Ratuné wong Yahudi”, lan dhéwéké gemeter ing sajroné rasa geter lan rasa andhap asor kang gedhé.

Akéh wong wadon liya kang ndhérék Gusti Yésus setya, duwé pengarep-arep yén Panjenengan bakal mratélakaké kamulyan Panjenengané, lan nyengkuyung wong-wong bener kang lagi duwé momotan ngadhepi patrap ora adil. Saiki, wong-wong wadon mau ndeleng dhéwé Gusti Yésus tatu abot. Wong-wong wadon mau krungu suwara palu maku gusti Yésus ing kayu salib, lan krungi pangandikan Panjenengané ing kayu salib iku. Nanging, wong-wong wadon mau tetep ora mlayu.

Manwa wong-wong wadon iku ora kendel, wong-wong wadon iku ora lumawan bebaya tetap ana cedhaké ing kayu salib. Kita ora ngreti akéh gegayutan cethané saka sedhané Gusti Yésus, nanging para wong wadon iku dadi seksi lan juru warta kang pantes nampa pangalembana.

Bisa uga prewira prajuri iku ngejaraké wong-wong wadon mau tetap ana ing kana, awit prewira mau ora kuwatir yén wong-wong wadon iu bakal ngrampas Gusti Yésus lan ngudhunaké saka kayu salib, awit wong-wong wadon malah lagi ngadeg gemeter karo nagning ing gunung Golgota iku, sawisé para imam lan para pinituwa bangsa iku ninggalaké papan kang nggegirisi.

Katresnan kang gedhé saka para wong wadon iku katresnan kang tulus banget, lan dilandhesi atur panuwun marang Panjenengané kang wis nylametaké saka iblis, lan katresnan iku kang nyegah wong-wong ninggalaké papan iku. Wong-wong wadon mau ndedonga, nangis lan ngrungokaké kabéh pangandikan kang dingandikaaké Panjenengané. Panase hawa ing kana agawé lambéne dadi garing, pepeteng kang ngalimputi papan iku agawé wong-wong katempuh rasa wedi, nanging wong-wong wadon mau tetep ngadeg ing kana, lan tetep ana ing cedhaking kayu salib nganti marang pungkasane.

Sakjané isih ana pangarep-arep nanging sebanjure sirna pangarep-arepe nalika Gusti Yésus nguwuh babagan kamenangan Panjenengané, lan banjur séda. Ing wektu kang pungkasan, wong-wong wadon mau isih duwé pangarep-arep Gusti Yésus nuduhaké kamenangan Panjenengané. Saiki, sawisé wong-wong wadon ndeleng dhéwé sédané Putra Allah, pikirané dadi kaya wong lumpuh, atine ajur, lan wong-wong wadon iku netesaké eluh karo ngampet tangise ing ngarepe para prajurit kang ana ing kana. Manungsa kang paling apik iku wis séda, lan katresnan kang gedhé dewe wis disalib. Panguwasané Allah katon dadi ringkih, lan para wong wadon iku ngadeg kalimputan rasa wedi ngadhepi sawijining wadi kang angél banget dimangerti.

Wong-wong wadon mau ora ngerti makna saka kayu salib nalika iku, awit sang Roh suci durung kaesokaké marang wong-wong wadon iku.

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka mboten namung priyantun jaler ingkang yasa sejarah, nanging priyantun putri ugi gadhah peladosan ingkang saestu penting ing salebetipun wekdal ingkang sanget penting ing salebetipun Kraton Paduka. Kamulyan putra Paduka ndudut manahipun kanthi makaten para priyantun putri menika lelados Paduka. Lan Paduka nuntun para priyantun putri menika dados seksi kang ningali lan mireng kasunyatan babagan anggenipun séda Gusti Yésus kanthi makaten saged mangertos pangandikan gusti Yésus ingkang pungkasan, lan nyeksekaken bab séda Panjenenganipun dhumateng tiyang-tiyang ingkang nampik. Paduka paring pitulungan dhumateng para priyantun putri ing jaman menika supaya mangertos katresnan ugi kamulyan ingkang asipat ilahi saking Gusti Yésus Kristus, kanthi makaten para priyantun putri ugi saged ndhérék Paduka lan dipun wilujengaké lumantar imanipun. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa pentinge anané para wong wadon iku ing cedhakan kayu salib?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 07:15 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)