Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 093 (Peter Denies Jesus)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)

10. Pétrus Nyélaki Gusti Yésus (Markus 14:66-72)


MARKUS 14:66-72
66 Nalika iku Pétrus isih ana ngisor, ana ing plataran. Banjur ana wong wadon, abdine Imam Agung, kang teka, 67 lan bareng weruh Pétrus api-api, ditamataké rainé, banjur alok: “Sampeyan niku enggih melu Yésus, tiyang Nasaret niku.” 68 Nanging Pétrus selak, wansulane: “Kula boten ngreti sing mang karepaké niku.” Pétrus banjur menyang ing pandhapa. 69 bareng wong wadon mau weruh Pétrus manéh, banjur kandha-kandha marnag wong-wong kang ana ing kono: Tiyang niki enggih tunggale nika.” 70 Nanging Pétrus selak manéh. Ora let suwe wong-wong kang ana ing kono padha calathu marang Pétrus: “Sampeyan niku genah tunggale, napa malih sampeyan tiyang Galilea!”. 71 Ing kono Pétrus banjur wiwit nyupatani lan sumpah: “Kula boten wanuh kalih tiyang sing mang kandhakaké niku!” 72 Nalika iku jago tumuli kluruk kaping pindhone. Pétrus banjur kélingan marang pangandikané Gusti Yésus marang dhéwéké: “Sadurunge jago kluruk ping pindho, kowe wis nyelaké Aku kaping telu.” Bannjur nanging senggruk-senggruk.

Pétrus ora gelem ninggalaké Gusti Yésus babar pisan. Dhéwéké yakin yén mengkone dhéwéké bakal ndeleng Gusti Yésus menang ing wektu kang pungkasan, mratélakaké kaluhuran Panjenengané minangka jejeré Putra Allah kang mulya ing ngarepe Makaman Agama Yahudi kanthi kaélokan kang ngédab-édabi.

Murid kang utama iku duwé tekad nyekeli prasetyané marang Sang Kristus bakal ngampingi Panjenengané apa waé kang bakal kelakon, tanpa ngreti yén ora ana manungsa kang bisa netepi prasetyané marang Gusti Allah sawutuhé utawa netepi prasetyané kanthi pas, awit prasetya iku dilandese keyakinan marang awaké manungsa kang ringkih, kang bakal gagal becik nalika nindakaké uga nalika netepi prasetya mau.

Donya cepet banget ngreti wong-wong kang ndhérék Sang Kristus, awit praupané wong-wong kang ndhérék iku nuduhaké kabecikané Sang Kristus, lan tata lakune nuduhaké menapa anggone ngetokaké tembung iku tulus. Anané para pandhérék Gusti Yésus ora bisa disingidaké, lan donya bisa ngrasakaké rohe malah sinadyana saka kadohan.

Mengkono abdi wadon nalika ndeleng Pétrus kang lagi singitan kang ora melu kabandha lan nyangga karemehahe kaya Gustiné, nanging dhéwéké ngetutaké saka kadohan ing petenging bengi, dadi pahlawan nanging uga jireh. Dadi, sejatine anggone nyelaki iku wis ana ing sajroné atine Pétrus wiwit wiwitan. Awit dhéwéké ora kepengin ana wong kang ngreti, dhéwéké ngetokaké yén dhéwéké iku pandhéréke Gusti Yésus, mula ditutupi karo apus-apus putih. Nganggo cara iku, sebenere Pétrus uga nyelaki Gusti sawutuhé, lan lali marang anggone ngakoni kang nalika ngakoni katuntun déning Sang Roh suci yén Gusti Yésus kang saka Nazaret iku yaiku Sang Kristus, Putra Allah kang gesang. Kang manggon neraka nggeguyu krungu kang dadi alesan lan katarangan Pétrus. Jago kang kluruk, dadi ngumandang iblis ngremehaké atas anggone murid kang ana ngarep iku ngedoh karo Gustine. Awit saka wedine ndhérék Gusti, Pétrus dadi kauntal gampang déning Bapaké tukang apus-apus. Apa panjenengan tulus ing sajroné iman panjenengan marang Sang Kristus, utawa panjenengan ora yakin awit panjenengan durung kalairaké manéh déning Sang Roh Suci.

Neraka duwé kamenangan wutuh, awit neraka ora tau marem karo apus-apus cilik utawa alesan kang sepele, nanging iblis nuntun Pétrus supaya nyelaké Gusti Yésus kanthi tegas. Pétrus nyelaki Gustine ing ngarepané wong wadon kang liyané, lan negasaké kanthi sumpah yén dhéwéké babar pisan ora wanuh karo Gusti Yésus.

Apa Pétrus wedi lan sengaja endha saka disapu? Utawa apa dhéwéké ngremehaké wanita abdi kang ora sekolah iku, lan sebanjure duwé panemu yén mung ngaku ing ngarepané Makaman Agama waé kang nuduhaké kekendelané anggone ndhérék Sang Kristus?

Sing mesti, kita ora bisa ngreti alesané kang bener. Nanging, ing sajroné rerembugan antarané Pétrus karo abdi wadon iku, wong-wong kang lagi genen wiwit menehi kawigaten. Wong-wong mau nyawang Pétrus, nyemak cengkok omongané, kanthi ngrungokaké cengkok omongané Pétrus wis bisa nuduhaké saka ngendi Pétrus iku yaiku saka Galilea kaya dene Gusti Yésus. Pétrus ora nggunakaké wewengan kang becik iku kanggo nyesekaké babagan sang Juru selamet lan babagan kaélokan-kaélokan yang ditindakaké Gusti Yésus, nanging malah Pétrus sumpah ing ngarepe umum, yén dhéwéké babar pisan ora tahu wanuh karo Gusti Yésus.

Ya iki kabéh rancangané Iblis: supaya wong kang dadi pandhéréke Gusti Yésus padha nyelaki Gustiné, lan agawé para pandhéréke Gusti Yésus nekakaké bilai marang awaké dhéwé kanthi mangkono iblis bisa ngalahaké iman pandhéréke Gusti Yésus lan ngedohaké pandhéréke saka Gusti Yésus piyambak.

Sang Kristus wis pirsa lan mangreti lelakon iki sadurunge, lan wis nyirnakaké rancangan kamenangan Iblis kanthi katresnan Panjenengané, awit Pétrus ora sengit Gusti Yésus saka telenging atine kaya kang ditindakaké déning Yudas Iskariot, nanging dhweke nyelaki Gusti Yésus kanthi kesusu, awit dhéwéké wedi marang pedhang. Ya awit rasa bombong kang palsu iki, Pétrus sebanjure tiba ing cengkolongané Iblis. Nanging, Sang Kristus wis netepaké supaya jago kluruk kang kapindho bisa ngélingaké Pétrus sesambungan anggone nyelaki kang kaping telune. Sebanjure, suwara jago kluruk iku nembus atine Pétrus. Pétrus éling ajure ajine awaké, lan ngreti yén dhéwéké dudu pahlawan kang kuwat, nanging mung wong duraka kang ora ana gunane. Pétrus gemeter lan wedi banget karo Hakim kang langgeng iku, banjur rumangsa yén awaké banget déning remeh, lan wiwit nanging sesengrukan.

Nalika gusti Yésus diantemi lan diremehaké, murid sing ngarep dhéwé iku kalungguh karo nanging sesenggrukan, awit bombong marang awaké dhéwé iku wis ajur saknalika, lan diremuk déning rasa lupute dhéwé. Lumantar pamratobat iki, Sang Kritsus wiwit nganyaraké muridé Panjenengané, awit ora ana manungsa kang bisa mlebu ing Kratone Allah manawa wong iku ora mratobat kanthi tulus, nyingkur awaké dhéwé, lan dianyaraké karo Sang Roh Suci.

Apa tahu panjenengan krungu jago kluruk? Suwara iku ngélingaké yén panjenengan iku pandhéréke Sang Kristus, sinadyana bisa uga saka adoh. Bisa uga panjenengan lagi ana ing lawange bebaya bakal nyingkur Panjenengané, utawa bakal tiba ing dosa kang nggegirisi. Muga suwara jagu kluruk iku bakal dadi jalaran panjenengan tangi saka anggon panjenengan keturon secara kasukman, lan mbereg panjenengan ngakoni kanthi blak-blakan ing ngarsané Sang Juru selamet lan nangisi nyawa kang cemer, banjur panjenengan bakal nampa keselametan lan urip langgeng.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, kawula mboten langkung sae katimbang Pétrus. Kawula sampun nyelaki Paduka ewon kawula ing sadhérék ing sakiwa tengen kawula, keluwarga lan para mitra kawula, lumantar dosa kang saestu mirang-mirangake. Paduka wanung kula. Ampuni dosa kula, Paduka sucikaken kula kanthi sampurna, lan Paduka merdikaaké kula saking ngendelaken badan kula piyambak kanthi makaten kula namun pitados dhumateng Paduka kemawon, ngraosaken panguwaos Paduka kanthi ndhérék Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé Pétrus sethithik mbaka sethithik tumuju marang karusakan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 06:52 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)