Previous Lesson -- Next Lesson
9. Gusti Yésus Ing Ngarepan Makamah Agama (Markus 14:53-65)
MARKUS 14:53-65
53 Gusti Yésus banjur kadhabyang menyang ing daleme Imam Agung. Para pangareping imam, pinituwa lan ahli Torét padha nglumpuk ana ing kono. 54 Kacrita Pétrus ngdhol marang Gusti Yésus nganti tekan ing plataraning Imam Agung, banjur linggih awor para abdi, karo api-api. 55 Para pangareping imam, malah sapepaké pradata, padha golék paseksén kang kanggo nggugat Gusti Yésus, supaya bisa dipatrapi paukuman pati, nanging ora oleh. Akéh wong kang padha ngaturaké paseksén palsu, nanging siji lan sijine ora bisa gathuk. 57 Banjur ana wong sawatara kang ngaturaké paseksén rerekan, nglawan Gusti Yésus kalawan pandakwa mangkéné: 58 “Kula sampun sami mireng tiyang punika wicanten makaten: Padaleman suci gawéaning manungsa iki arep Dakrubuhaké, lan sajroning telung dina aku bakal ngadegaké liyané, kang dudu gawéaning manungsa.” 59 Paseksén iki uga cengkah karo paseksén liyane. 60 Imam Agung banjur jumeneng ana ing satengahing parepatan nuli ndagu marang Gusti Yésus: “Apa Kowe ora mangsuli apa-apa tumrap pandakwaning seksi-seksi marang Kowe iku?” 61 Nanging Gusti Yésus kendel bae, ora maringi wangsulan apa-apa. Imam Agung ndangu manéh marang Panjenengané: “Apa Kowe Sang Kristus, Putraning Kang Mahapinuji?” 62 Paring wansulané Gusti Yésus: “Iya Aku iki Panjenengané, lan kowe kabéh bakal padha ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Mahakuwasa lan rawuh nitih meganing langit”. 63 Imam Agung banjur nyuwek-nyuwek pangagemané lan ngandika: “apa prelune isih nganggo seksi manéh? 64 Panjenengan sadaya sampun mireng anggenipun nyenyamah Gusti Allah, kadospundi panimbang Panjenengané?” wong-wong kabéh padha sarujuk yén Panjenengané kudu diukum pati. 65 banjur ana wong sawatara kang wiwit ngidoni Panjenengané, nutupi pasuryané lan ngantemi karo kandha: “ Heh, Nabi, coba mecaa!”. Dalasan para abdi iya padha napuki.
Kang makili wong-wong Yahudi iku nglumpuk nganakaké pengadilan lan nibakak paukuman marang Gusti Yésus kalandhesi rasa sengit lan meri. Sapérangan gedhé wong-wong kang sengit lan meri iku duwé niat nyingkiraké nom-noman saka Nazaret iku, awit Panjenengané dianggep wis ngaco bangsa iku, lan wong-wong mau wedi marang cawe-cawene panguwasa Rum, lan wedi bakal dumadi pepérangan anyar.
Nanging, kanggo nyingitaké pangigit-igite, wong-wong mau tumindak kaya-kaya mituhu karo pranatan paugeran kang ana, lan mbudidaya mbayar para seksi supaya mbuktekaké yén Gusti Yésus luput manawa ngilo saka Paugeran torét, nyenyaman lan nyasarake. Nanging para sekti bayaran kang ala iku ora bisa mbuktekaké kaluputan Panjenengané, lan awit saka iku wong-wong kang dadi seksi iku ora ana gunané awit pasekséne antarané siji lan sijine lelawanan.
Sebanjuré, paseksi kang pungkasan uga luput lan ora duwé landhesan kang ana sambung rapete karo pangandikané Sang Kristus gegayutan Pedaleman Suci, awit Panjenengané ora tau ngandika, “Aku bakal ngebrukaké Pedaleman Allah,” nanging Panjenengané ngandika, “Pedaleman Suci iki bubrahen, sajroning telung dina bakal Dadegaké manéh.” (Yokanan 2:19). Kang nuduhaké badan Panjenengané piyambak minangka Pedalamen Allah lan anggone wungu saka séda piyambak.
Wong-wong Yahudi debatan gegayuan karo pangandikané Gusti Yésus lan uga maknane. Wong-wong mau ora ngreti sasaran saka pengadhilané dhéwé: Gusti Yésus Kristus kang jumeneng ing tengah-tengahe wong-wong mau yaiku Pedalamen Allah kang ing sajroné Panjenengané kalimputan ilahi sawutuhé.
Gusti Yésus tetep kendel ing ngarepané wong akéh iku, pracaya yén Sang Rama Panjenengané ora bakal menehi marang Panjenengané kayu salib kanthi alesan kang ora cetha, nanging minangka pratéla sih Panjenengané marang wong-wong dosa. Anggota Makamah Agama nesu banget awit Panjenengané mung kendel waé. Nanging, Gusti Yésus ora wedi marang para satru kang ana ing sakiwa tengené, nanging Panjenengané masrahaké sarira Panjenengané sawutuhé marang tuntunan Sang Rama kang setya.
Nalika anggone mriksa Gusti Yésus iku kabukti gagal, Kayafas Sang Imam Agung sebanjure ngadeg, lan njaluk Gusti Yésus sumpah lan mratélakaké apa Panjenengané pancen Sang Mesih, Putra Allah kang gesang. Ing sajroné pitakonan iki, Kayafas nggayutaké gelar loro iku, negasaké anggone ndakwa marang Gusti Yésus, kang akibate bakal bisa nibakaké paukuman mati marang gusti Yésus, awit wong Yahudi ngenteni Sang Mesih kang duwé kekuatan Allah, lan ora wong kang dibanda lan dienyek ing tengah-tengahe sidang iku.
Para imam lan pemimpin bangsa iku duwé panemu anggone Gusti Yésus ngakoni dadi putrané Allah bakal dadi cecamah kang banget déning nistha, awit Gusti Allah iku siji, Panjenengané ora kagungan sekuton, lan Panjenengané mapan ing sajroné kamulyan lan mapan ing pepadhang kasuwargan.
Gusti Yésus ngadeg ing ngarepané Makaman Agama bangsa Panjenengané lan paring jawaban, wong-wong mau yaiku golongan para ahli Torét, kanthi pratéla kang tegas gegayutan sapa ra Panjenengané, apa ta kang ditindakaké, lan kepiyé ing mengkoné, Jawaban kang jembar banget lan jero iki salah siji pratéla kang gedhé dhéwé ing sajroné Kitab suci, awit saka iku, mangga disinau praela iku, lan apalna.
Sang Kristus ora nyelaki hakikate kang sabenere supaya bisa nylametaké sarirané dhéwé, nanging Gusti Yésus kanthi tegas ngakoni sapa ta Panjenengané, “Ya aku iki Panjenengané”. Pratéla iki panyengkuyung prejanjian lawas, lan uga landhesan prejanjian kang anyar. Kanthi pratéla iki, Gusti maringi dhawuh ing sajroné dasa titah, kanthi ngandika, “Ya Aku iki”, lan Panjenengané mratélakaké sarirané ing sajroné gerumbul kang murub ing ara-ara samun. Kanthi cara kang padha, Sang Kristus nyebutaké sarira Panjenengané makaping-kaping ing sajroné Injil Yohanes, “Ya Aku iki”. Sang Kristus ora mung nyebut sarira Panjenengané dadi Putra Allah, nanging Panjenengané uga negasaké kanthi ngandika yén Gusti Allah iku manunggal karo Panjenengané, sinadyana nalika iku Panjenengané lagi jumeneng lan kabanda ing tengah-tengah para pinituwa kang kaget banget wektu krungu pangandikané Gusti Yésus.
Gusti Yésus pirsa kanthi ngakoni sapa ta Panjenengané ateges Panjenengané bakal kasédanan. Nanging Panjenengané mirsani mirsané babagan liyane. Panjenengané mirsani langit kang tinarbuka, lan Panjenengané wis mratélakaké gegayutan anggone wungu, lan uga gegayutan anggone mingkrat marang Sang Rama, lan lenggah ing sisih tengan Sang Rama, ing papan kamulyan, awit mung Panjenengané waé kang bisa nylametaké manungsa. Lenggah ing sisih tengene Allah mung dicawisaké kanggo Sang Kristus, dikaya kang tau diprasetyakaké Panjenengané: Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekaké ancik-anciking tlapakanira”. (Mazmur 110:1).
Kanthi pratéla iki, Gusti Yésus ngandika ing ngarepaké pitung puluh pinituwa iku yén wong-wong mau ora pantes ngadhili Panjenengané, malah kosok baliné, Gusti Allah bakal andadekaké wong-wong mau dadi ancik-ancikané sukune Gusti Yésus. Kanthi pratéla liya saka Daniel (Daniel 7:13), Nom-noman saka Nazaret iku nyesekaké ing ngarepe para hakim kang lantip iku yén Panjenengané waé kang sejatine Hakim kang langgeng. Kang nyebut sarirané putra Allah kang bakal rawuh ing sajroné mega ing langit lan ngadhili wong kang urip lan wong kang mati.
Saben wong Israel ngreti makna saka rong ayat iku, kang didadekaké siji bebarengan déning Sang Kristus dadi siji pratéla kanggo ngakoni yén Panjenengané waé pancen sang Mesih ing ngarepané Makamah Agama Yahudi iku. Kanthi pangandikan kang ringkes nanging landhep iku, Panjenengané mbuktekaké sarira Panjenangané putra Allah kang gesang, Sang Kristus kang sejati, Hakim kang langgeng, lan gusti piyambak. Manungsa kudu manembah Panjenengané, lan nampa Panjenengané kanthi patrap telu, asurak-surak lan ngidungaké pujian.
Awit saka iku, para pemimpin bangsa Israel kudu milih antarané teluk marang Panjenengané, utawa nibakaké paukuman pati marang Panjenengané. Wong-wong mau ndakwa Gusti Yésus nyenyamah, nibani paukuman pati, lan njotosi Panjenengané ing ngarepané wong akéh dadi tanda yén wong-wong iku ora melu-melu apa-apa waé ing babagan nyenyamah iku, supaya bebendune Allah ora tiba atas wong-wong iku.
Cempéne Allah kang alusing bebuden iku jumeneng ana kana lan meneng. Panjenengané nyangga kanepson lan rasa sengit itu tanpa ngandika apa-apa. Ing sajroné wong-wong mau ora mituhu karsané Allah, manungsa wis ngampleng putra Allah. Kepiya kalungguhan panjenengan? Apa Panjenengané manembah Panjenengané lan nresnani Panjenengané, utawa apa panjenengan nampik Panjenengané lan melu cawe-cawe ing sajroné nyalibaké Panjenengané?
PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus kang gesang, Paduka kemawon gusti kula, lan Allah kula, Hakim kanggo kula, lan Panebus kula. Ing asta Paduka, kula pasrahaken roh kula, jiwa kula, lan badan kula sesarengan kaliyan sadaya sadhéréka kula. Paduka apunten kawula atas patrap kawula ingkang mboten awatek satria lan ats dosa kawula, lan sucékaken kawula sawetahaipun kanthi makaten kawula bsaeg nyesekaken sipat ilahi Paduka tanpa raos ajrih. Paduka gulawentah kawula supados kawula ngentosi karsa Paduka, awit Paduka lenggan ing sisih kanan Sang Rama, lan Paduka badhé rawuh kalimputan kamulyan. Amin.
PITAKONAN:
- Apa makna saka jawaban Gusti Yésus ing sakngarepé Makamah Agama Yahudi?