Previous Lesson -- Next Lesson
6. Tindak dhateng Taman Getsemani (Markus 14:26-38)
MARKUS 14:26-38
26 Sawisé padha ngrepekaké kidung pamuji, banjur padha menyang ing gunung Zaitun. 27 Gusti Yésus nuli ngandika: “Kowe kabéh bakal padha kacuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan mangkéné: Ingsung bakal nggebag juru pangon, sarta wedhus-wedhuse bakal padha pating slebar. 28. Nanging sawisé Aku katangekaké, Aku bakal ndhisiki kowe menyang ing tanah Galelia.” 29 Pétrus banjur munjuk: “Sanadyan sadaya sami kacuwan, kawula temtu boten.” 30 Pangandikané Gusti Yésus: “Aku pitutur marang kowe: Satemene ing dina iki, ing bengi iki uga, sadurunge jago kluruk ping pindho, kowe bakal wis nyelaki Aku kaping telu.” 31 Nanging Pétrus saya nemen anggoné munjuk: “Sanadyan kawula ngantos pejah sesarengan kaliyan Paduka, kawula boten badhé nyelaki Paduka.” Liya-liyané iya padha munjuk mangkono. 32 Bareng padha tekan ing panggonan kang aran Getsemané, Gusti Yésus ngandika marang para sakabat:”Padha linggiha ana ing kené, sajroné aku ndedonga.” 33 Pétrus, Yakobus lan Yokanan padha kadhawuhan ndhérék. Panjenengané kraos ajrih banget lan gumeter, 34 banjur ngandika marang sakabat-sakabat mau: “Aku prihatin banget, rasané nganti kaya arep mati. Kowe padha anaa ing kene lan meleka.” 35 Panjenengané banjur mlampah sawatara tindak, nuli sumungkem ing bumi sarta ndedonga, manawa pancen diparengaké, muga wektu iku sumingkira saka Panjenengané. 36 Ature: Dhuh Abba, Rama, kagem Paduka boten wonten barang ingkang mokal, mila mugi karsaa nyingkiraken tuwung punika saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga ing sakarsa Paduka.” 37 Sawisé mangkono Panjenengané banjur wangsul, katelune padha ketemu turu. Nuli ngandika marang Pétrus: Simon, kowe kok turu? Apa kowe ora kuwat melek sajam bae? 38 padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe ora tumiba ing panggodha; roh iku cumadhang, nanging daging iku ringkih.”
Ana sawetara jinis manungsa. Ana wong-wong kang rumangsa dadi ratu-ratu cilik lan nganggep awaké dhéwé pahlawan kang gagak prakosa. Ana uga wong-wng kang kacancang rasa wedi lan geter kanthi mangkono wong-wong mau nganti rumangsa isin kanggo ngangkat sirahe nyawang wong-wong liya, lan tansah ndhungkluk lan kapenet batine.
Wong-wong saka golongan kapisan disaruwe déning Gusti awit anggoné gumunggung lan gumedhe, golongan sijine dilipur uga diparingi kekuwatan déning Panjenengané supaya wong-wong mau bisa maekani rasa wedine. Gusti Allah nresnani wong-wong dosa supaya ora terus ing sajroné dosané, lan bakal dituntun marang pamratobat lan iman ing sajroné alusing bebudene Sang Kristus.
Pétrus iku kang ana ngarep dhéwé lan duwé daya pengaruh ing antarané para murid. Awit wiwit cilik dadi tukang amek iwak, dhéwéké wis kulina lan kendel ngadhepi bebaya lan nelukaké kabéh pepalang. Nalika iku, dhéwéké rasa mantepe marang awaké dhéwé kuwat banget. Dhéwéké ora paham pasekuton para panguwasa utawa panguwasané pepeteng kang bakal nempuh Sang Kristus nalika iku. Dhéwéké ora paham yén kekuwatané dhéwé iku winates, lan anggoné bombong marang awaké dhéwé iku durung tau ceklek déning pancoban.
Pétrus ora sarujuk nalika Sang Kristus ngandika marang para murid kabéh gegayutan watu sandhungan gedhé kang bakal diadhepi déning para murid.
Gusti Allah piyambak ngidinaké anané watu sandhungan iku. Watu sandhungan iku sawijining pérangan saka rancangan katresnan Panjenengané, awit Panjenengané wis damel putusan, sadurunge ana jaman, supaya nggebuk Sang Pangon kanthi mangkono para wedhus padha bubar mawut.
Pétrus ora ngreti makna pameca iku. Dhéwéké wis cemawis mbudidaya malah lumawan rancangan Gusti Allah lan kaculikané Iblis supaya bisa ngayomi Sang Kristus, lan ngedohaké Panjnengané saka pati. Panjenengané rumangsa yakin yén Gusti Yésus iku kang bener lan Sang Kang Menang ing sajroné perang suci. Iki mratélakaké marang kita yén Pétrus ora bener-bener wanuh karo awak dhéwé. Uga, dhéwéké ora ngreti rancangan Allah, lan ora paham kaculikané Iblis. Awit saka iku bakal tibané Pétrus wis ana ngarepan lawang.
Nanging, sang Kristus pirsa yén kayu salib Panjenengané iku siji-sijine dalan kanggo nyurutaké bebendune Allah, kang mesti bakal nempuh wedhus-wedhus kang ora mituhu. Pangon bakal nandhang sengsara kanggo wedhus-wedhus Panjenengané, lan cemawis séda kanggo para wedhus iku.
Sadurung séda Panjenengané, Gusti netepaké yén Panjenengané bakal wungu maneh saka séda lan nglumpukaké para wedhus pangonané Panjenengané lan bakal nambahi kanthi lipet gunggunge. Wiwit saka iku, pedoman kang nguwataké banget kanggo wong-wong pracaya iku apa kang dingandikaaké Gusti Yésus piyambak, “Aku bakal ndhisiki kowe”
Panjenengané ngrumiyini kita lumantar kabéh prakarané urip kita. Kita ora tahu dhéwékan, lan kita ora tau dikalahake. Pangon kang Becik iku ngadeg ngampingi kita. Panjenengané nguwataké kita lan nganti-anti kita menyang ngendi kita lunga lan ing ngendi waé kita mapan.
Nanging, Pétrus kepengin nglakoni urip iki kanthi kekuatané dhéwé. Panjenengané ora ngrungokaké pepéling kang cetha banget saka Sang Kristus, lan mung pracaya marang awaké dhéwé.
Wis mesthi waé, dhéwéké ora duwé karep nyelaki Sang Kristus. Panjenengané tulus ing sajroné tekade kanggo mbelani Gusti Yésus, dikaya para murid nyeksekaké Panjenengané mati kunjuk Sang Kristus. Nanging kabéh tembung iku kanthi kemrungsung. Ati kang kemrungsung waé babar pisan ora cukup kanggo ndhérék Sang Kristus, awit ana paribasan kang kandha yén dalan menyang neraka akéh uga kang tumindak lan niat kang becik manungsa.
Gusti Yésus meca gegayutan tibané Pétrus lan anggoné nyelaki, lan ngélingaké wong kang dadi wong ngarep ing antarané para murid iku. Gusti Yésus menehi marang Pétrus tanda saka kasetyan Allah nalika Panjenengané nyethakaké marang dhéwéké gegayutan jago kluruk kang bakal mitulungi dhéwéké kanggo mretobat.
Sawetara geréja masang wujud pitik jago ing menara geréjané kanggo ngélingaké wong-wong kang kajiret ing sajroné dosa iki, lan bakal duwé kabisan kanggo mbudidaya lumawan Iblis, uga babagan pentinge sowan marang Sang Juru selamet kanthi pamratobat lan sumarah marang katresnan Panjenengané.
Rasul Paulus nyethakaké marang kita babagan makna ndhérék Gusti Yésus, kandha: “Mulané padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter, awit gusti Allah waé kang ngudi ing sajroné kowe becik kekarepan uga pakaryan manut karilan Panjenengané”
Ya iki waé saka wong-wong kang menang ing sajroné mituhu ing iman. Ora nganggo kekuwatané dhéwé utawa ngendelaké awaké dhéwé, utawa pracaya marang kasetyan rerasan thok, utawa pracaya marang kekuwatané dhéwé, nanging wong-wong mau ajur atine sowan marang Sang Kristus nyuwun marang Panjenengané supaya nindakaké karsa Panjenengané ing sajroné karingkihané, lan kanggo ngesokaké panguwasa Panjenengané ing sajroné karingkihané kanthi mangkono rancangan kabecikan Panjenengané bisa dipratélakaké lumantar pakaryan Sang Roh Suci Panjenengané.
PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang kebak rahmat, Paduka apunten kawula awit anggen kula ngendelaken badan piyambak kalangkung-langkung. Paduka sirnakaké sadaya angenan tanpa gina gegayutan kayektosan badan kawula piyambak. Paduka jangkung kawula supados mboten kesesa ngedalaken tembung. Tulung kawula supados saged nyelaki badan piyambak ngangge panguwaos Paduka. Paduka selarasaké pepinginan kawula kaliyan karsa Paduka, lan tuntun kawula supados lumampah tumuju dhateng ingkang Paduka kersakaken kanthi makaten kawula mboten kesasar, nanging ndhérék Paduka dhateng pundi kemawon Paduka nuntun kawula sesarengan kaliyan saben tiyang ingkang ndhérék Paduka kaliyan kebak atur panuwun. Amin.
PITAKONAN:
- Apa kaluputan Pétrus nalika Gusti Yésus maringi pepéling marang dhéwéké?