Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 063 (Jesus Heals a Blind Man)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 6 - Gusti Yésus Mlebu Yérusalém Lan Pakaryané Kang Pungkasan (Markus 10:46 - 12:44)

1. Gusti Yésus Marasaké Wong Wuta Ing Yerikho (Markus 10:46-52)


MARKUS 10:46-52
46 Banjur padha tekan ing kutha Yerikho. Nalika Gusti Yésus tindak miyos saka ing Yerikho, kadhérékaké déning para sakabate lan wong akéh gumrudug, ana wong ngemis wuta, jenenge Bartimeus, anaké Timeus, linggih ndheprok ing pinggir dalan. 47 bareng krungu, yén iku Gusti Yésus saka ing Nasaret, banjur wiwit nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, Gusti Yésus, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!” 48 Banjur disendhu ing wong akéh, dikon meneng. Nanging malah saya seru anggone nguwuh-uwuh: “Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!” 49 Gusti Yésus tindaké tumuli kendel lan dhawuh: “Undangen mrene!” wong picak mau banjur diparani wong akéh lan dikandhani: “wis, sing tatag atimu, ngadega, kowe ditimbali.” 50 Wong ngemis mau banjur cucul jubahe, tumuli ngadeg lan énggal-énggal sowan menyang ing ngarsané Gusti Yésus. 51 Gusti Yésus ndangu: “Karepmu Dakkapakake?” wong picak mau matur: “Rabbuni, mugi kawula sageda ningali!” 52 Gusti Yésus banjur ngandika: “wis, mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe!” Padha sanalika wong picak mau bisa ndeleng, banjur ndhérékaké tindaké Gusti Yésus.

Para murid wuta babagan watonan-watonan Kratone Allah. Para murid ora ndeleng kamulyan ing sajroné anggone andhap asor Panjenengané. Nanging, wong wuta mlarat kang jenenge Bartimeus saka Yerikho nampa dedelengan lumantar kapiyandelané marang Gusti Yésus. Sang Kristus agawé dhéwéké bisa ndeleng mula dhéwéké pracaya yén Gusti Yésus iku putra Dawud, lan Raja kang diprasetyakaké Gusti Allah telung ewu tahun sadurungé. Dhéwéké uga nyeksekaké yén Kraton Putra Panjenengané ora bakal ana pungkasané, lan Panjenengané bakal lenggah ing dhampar dikaya pangandikan: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekaké ancik-anciking tlapaknira”

Wong wuta kang pracaya iku ndeleng luwih akéh ketimbang karo wong-wong kang melek, sinadyana para murid tansah bebarengan karo Panjenengané. Bartimesus ora gelem nurut nalika para murid ngongkon supaya dhéwéké meneng lan ora mbaleni pambengoke kang bisa dadi geger, yaiku nguwuh “Putra Dawud”. Nanging tambah dielikaké, lan ngongkon meneng, dhéwéké tambah seru anggone nguwuh, awit Bartemius ngreti yén wektu iku siji-sijine wewengan kanggo dhéwéké saumur uripe, lan Bartimeus ora gelem kelangan wewengan iku.

Gusti Yésus kendel anggone tindak menyang Yérusalém, awit Panjenengané mirengaké cetha panguwuh saka telenge ati kang temen lan tulus saka wong wuta kang nasipe ora becik iku. Mengkono uga Panjenengané mirengaké panguwuh ati panjenengan manawa panjenengen bener-bener tulus duwé pepinginan urip ana ing sajroné Allah. Manawa panjenengan ora mireng timbalan Panjenengané awit ati panjenengan kadudut prekara-prekara kadonyan, uga awit akéh pikiran liya, aku kabéh duwé pitutur kanggo panjenengan supaya panjenengan ndedonga marang Panjenengaen, kang pirsa babagan panjenengan, lan kang nimbali panjenengan secara pribadi. Dadi, sowané marang Panjenengané, lan pirengna pangandikané, awit Panjenengané bakal nylametaké panjenengan kanthi sampurna.

Nalika wong wuta iku krungu Gusti Yésus nimbali dhéwéké, dhéwéké banjur ngadeg, nyopot jubahe supaya ora malangi anggone sowan marang Sang Kristus, utawa ngganggu anggone mlaku supaya énggal bisa nyedhak Sang Kristus. Bartimeus krungu suwara Putra Allah kang ngandika: “Karepmu Dakkapakake?”

Sedulur kang kinasih, manawa Putra Allah ndangu panjenengan uga, “apa kang kokkarepaké kang kudu Aku tindakaké marang kowe?” apa kang dadi jawaban panjenengan? Panjenengan pénggalih kanthi becik sadurungé panjenengan atur jawaban awit jawaban panjenengan bakal ana daya pengaruh ing mangsa tembe panjenengan. Ndedongaa ing ati panjenengan babagan apa kang dikersakaké Gusti kanggo panjenengan, lan sebanjure panjenengan atur jawaban marang Panjenengané kanthi alandhesan iman lan kalanhesan rasa andhap asor. Wong wuta iku nyuwun supaya dhéwéké bisa ndeleng. Apa kang panjenengan suwun marang Sang Kriristus: Kasil anggon panjenengan ujian, waras saka lelara, pangapura saka dosa -dosa panjenengan, utawa urip langgeng lumantar manunggale Sang Roh suci ing sajroné urip panjenengan?

Sang Kristus bakal mirengaké panyuwun panjenengan lan paring jawaban atas donga panjenengan, manawa panjenengan nyuwun marang Panjenengané kanthi golong giliking ati, teguh suméndhé marang Panjenengané. Wong wuta saka Yerikho mengakaké atine marang Sang Kristus, lan nampa katresnan Panjenengan. Dhéwéké pracaya marang panguwasa pitulungané Sang Juru selamet, lan nampa uwoh-uwoh iman. Anggone waras iku ora saka hasil panguwuhe utawa awit anggone cepet-cepet nyedhak Sang Kristus, nanging awit kapiyandelané, kang dadi keparenge Gusti Yésus. Kapiyandele iku kapratélakaké kanthi ati kang teguh nyuwun, lan uga anggone ngakoni yén Gusti Yésus iku Sang Raja kang asipat Allah, kang sinadyan Panjenengané iku wong agung, kersa maringi wektu kanggo wong mlarat kang ngemis nyuwun pitulungan dikaya dhéwéké.

Iman Bartemius iku iman kang tulus, awit sawise dhéwéké bisa ndeleng, dhéwéké ora duwé pikiran bali marang keluargané lan sedulur-sedulure, nanging banjur ndhérék Gusti Yésus. Mripate wis ndeleng Sang Raja kang asipat Allah ing sajroné kabecikan Panjenengané, lan Bartimeus banjur nyekeli kabecikan iku, lan mlebu ing sajroné Kraton Gusti Yésus, sinadyana dhéwéké kudu nampa panganiaya, pandakwa lan diremehake. Kepiyé panjenengan sawise ngerti apa sing panjenengan waca iki? Apa panjenengan wis nampa kabisan ndeleng lan panjenengan ngreti tenan pribadi Sang Kristus, utawa apa panjenengan isih wuta awit kapalangan pepinginan kang asipat kadonyan?

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka nggatosaken tiyang-tiyang sedherhana, sakit lan tiyang ingkang mboten gadhah. Kawula nywun Paduka kintun kathah tiyang ingkang purun nyambut damel kanggé undhuh-unduhan Paduka dinten menika, awit undhuh-undhuhan menika kathah, lan kathah manah ingkang kapang kayektosan, nanging tiyang ingkang medamel sekedhik sanget, lan kala-kala malah wonten ingkang mboten setya. Paduka piji kawula dados abdi ingkang andhap asor, rila nyambut damel kanthi saestu, mbangun turut dhumateng kraton Paduka, lan saged ngraosaken kasaenan Paduka, kanthi makaten kawula saged tansah ningali Paduka, ndhérék Paduka, lan nindakaké karsa Paduka kanthi kabingahan. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa kang kita sinau saka warase Bartimeus, wong wuta saka Yerikho iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2025, at 05:12 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)