Previous Lesson -- Next Lesson
15. Gusti Yésus Masrahaké Gesangé Panjenengané (Markus 10:41-45)
MARKUS 10:41-45
41 bareng sakabat kang sapuluh krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang Yakobus lan Yokanan. 42 Nanging banjur padha ditimbali Gusti Yésus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yén kang jeneng pamarentahing bangsa-bangsa iku masesani rakyate, lan para panggedhé padha kaampilan panguwasa ngereh marang rakyat mau. 43 Nanging ana ing antaramu ora mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhé ana ing antaramu, iku dadia paladenmu, 44 sarta sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia bature wong akéh. 45 Amarga Putraning manungsa iku rawuhe ora supaya diladeni, nanging sumedya ngladosi lan masrahaké nyawané minangka panebuse wong akéh.”
Manungsa iku lagi lara kasukmane. Manungsa kalebon bibite lelara saka anggone gumedhe. Dosa si Iblis iku kang dadi jalaran manungsa duwé krenteg ing pikirane. Ora mung Yohanes lan Yakobus waé kang gagal ing pendadaran dadi murid, nanging para murid kang liya uga, awit para murid liyané padha nesu marang anak-anaké Zébédéus iku. Kabéh para murid iku dadi cemer awit déning anggone gumedhe. Para murid padha ngrungokaké wulangan Gusti Yésus, nanging anggone ngrungokaké ora ngreti tenan, awit pangandikané Gusti Yésus durung bener-bener ditampa. Sadurungé kayu salib lan mandhape Sang Roh Suci, para murid mung wong lumrah, kang kesasar lan mentingaké awaké dhéwé.
Nanging Gusti Yésus nuduhaké sih rahmat marang para murid. Panjenengané mulang para murid dibolan-baleni babagan watonan Tritunggal kang suci, kalandesan andap asore Putra Allah, anggone sarira Panjenengané sumarah kang dilahiraké saka Sang Roh Suci kanggo leladi Sang Rama, lan dilahiraké kanggo nyingkur sarirané piyambak. Banjur Sang Rama, maringaké sakabéhing panguwasa ing langit lan ing bumi, nglenggahaké Gusti Yésus ing sisih tengen Panjenengané, lan andadekaké Panjenengané dadi gambaran pribadi Panjenengané sakwutuhe. Mangkono uga pakaryané Sang Roh suci ora bakal ngluhuraké awaké dhéwé, nanging ngluhuraké Panjenengané kang Gesang lan kang Wis kasalibaké, lan Putra Allah lumantar Sang Roh bakal maringi pangerten babagan keselametan lan neguhaké geréjané Panjenengané. Iki sawijining kengkeran kang gedhé banget ! Gusti Allah iku semanak, andhap asor, kebak asih lan kabecikan.
Sang Roh iki sawutuhé lelawan karo roh donya, awit para panguwasa donya mrentah nganggo gaman lan kanthi peksan, tujuwané nguwsani rakyate. Nanging para panguwasa dhéwé ora gelem teluk karo wong-wong liya, awit para panguwasa mburu rasa bombong, dhuwit, kamulyan, kanthi ngremehaké wong-wong liya.
Gusti Yésus menging para pandhérék Panjenengané lan geréjané Panjenengané canthuk lawung karo roh donya iki. Panjenengané nuntun para pandhéréke supaya terus duwé pikiran leladi, mulang para pandhéréke yén abdi utawa wong nyambut gawé setya kuwi banget luwih aji ditimbang karo bendarane; lan para uskup, utawa para pendeta ora luwih aji ketimbang karo ibu-ibu kang setya ndedonga, lan bocah-bocah kang setya. Sang Roh suci agawé kita manunggal. Katresnan Gusti Yésus agawé kita dadi andhap asor, lan cemawis leladi wong liya. Wong-wong kang dilahiraké saka Sang Roh suci ora kepengin mburu pangkat, utawa dadi wong unggul dhéwé ing kelompoke utawa ing sajroné patunggalan. Sang Roh Suci mbereg para pandhérék supaya ngladeni wong-wong wuta, para wong mendem, lan wong-wong kang kesasar uga kang dibobot remeh, supaya wong-wong iku uga bisa diuwalaké saka cancangané dosa.
Apa panjenengan iku kalungguhané abdi utawa bendara? Apa panjenengan wis ngrasakaké ajur ati ing ngarsa kaagungané Gusti Allah, lan apa panjenengan wis ngakoni karingkihan lan ndhérék patuladan Sang Kristus, utawa panjenengan isih duwé rasa gumedhe? Gusti Yésus paring patuladan kang endah banget kanggo kita. Sapa waé kang ndhérék Panjenengané uga bakal nuladha apa kang wis ditindakake. Panjnengané ora rawuh supaya diladeni, nanging kanggo ngladeni. Gusti Allah ngladeni kita. Cekeli pratéla iki, awit pratéla iki nuduhaké apa kang dikersakaké Gusti Yésus kanggo panjenengan.
Gusti Yésus maringaké kasugengané lan rahe minangka tebusan, kanthi mangkono kita bisa diuwalaké saka anggon kita dadi kawulané dosa. Kabéh kang ngrungokaké pangandikan kang kebak rahmat iki lan pracaya marang panguwasa tebusané bakal diuwalaké saka cancangan kumingsun, lan bakal nampa berkah-berkah Roh suci. Wong-wong kang ngrungokaké iku bakal sawutuhé dirubah dadi patuladan becik ing sajroné katresnan lan kesabaran, ndongakaké wong-wong liya. Panebusan Sang Kristus agawé kita bisa nresnani, lan menehaké urip kita kanggo wong liya. Apa panjenengan rila korban kanthi kebak kabungahan lan atur panuwun?
PANDONGA: Kawula manembah Paduka, Rama kawula, awit Paduka sampun ngutus putra Paduka ing jagat ingkang awon menika. Panjenenganipun tansah ngluhuraken Paduka, lan gesang ing antawisipun kawula minangka jejeripun abdi, lan nguwalaké kawula saking anggen kawula gumedhe. Kawula ngaturaken panuwun awit Paduka sampun nyucekaké kawula lumantar séda panjenenganipun ing kajeng salib. Kawula manembah Paduka awit Sang Roh suci Paduka nguwalaké kawula saking pikiran ngluhuraké badan kawula piyambak lan ngrubah kawula dados abdi ingkang cemawis leladi sadaya tiyang kanthi makaten sadhérék-sadhérék kawula menika saged kawilujengaken saking dosa-dosanipun. Amin.
PITAKONAN:
- Apa maknané patuladan gusti Yésus kang leladi wong-wong dosa kanggo kita?