Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 060 (Jesus Speaks about His Death and Resurrection)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)

13. Gusti Yésus Ngandika Kaping Telune Bab Séda Lan Wungune (Markus 10:32-34)


MARKUS 10:32-34
32 Nalika samana lagi padha bebarengan munggah menyang ing Yérusalém, Gusti Yésus tindak ana ing ngarep. Para sakabat padha ngungun, sarta wong-wong kang ndhérékaké padha rumangsa wedi. Sakabat rolas nuli ditimbali maneh, banjur wiwit dipangandikané bab apa kang bakal kalakon tumrap ing sarirané, 33pangandikane: “Saiki aku kabéh mnyang Yérusalém lan Putraning Manungsa bakal kaulungaké marang para pangareping imam lan para ahli torét, banjur bakal kaukum pati lan bakal kaulungaké marang bangsa-bangsa kang durung wanuh marang Allah, 34 lan bakal dipoyoki, diidoni, disapu sarta dipaténi lan sawise telung dina bakal tangi.”

Gusti Yésus pirsa apa kang dadi rancangan Panjenengané, lan kanggo rancangan iku Panjenengané rawuh ing donya, yaiku kanggo séda minangka gegenti para murid lan kanggo kabéh manungsa. Panjenengané pirsa yén dhawuh-dhawuh lan prasetya Panjenengané ora ngrubah para murid lan kabéh uwong, wong-wong tetep gumunggung, wangkot, lan ora bisa ngasihi. Awit saka iku, Panjenengané kersa ngrukungaké wong-wong mau karo Gusti Allah, kanthi mangkono Roh Gusti bisa manunggal ing sajroné wong-wong kang wis dibeneraké, dianyaraké, dirubah lan disucékaké sawutuhé.

Awit saka iku, gusti Yésus netepaké tindak Yérusalém, papan séda Panjenengané. Panjenengané ora mlayu, lan uga ora wedi. Nanging para pandhérék Panjenengané wedi banget, awit ngreti yén makamah agama yahudi, lan para ahli Taurat ngawasi Gusti Yésus, lan terus nggatekaké Panjenengané supaya bisa nemokaké cara njiret Panjenengané kanggo nemokaké akéh kaluputan. Wong-wong mau ngipat-ipati Gusti Yésus lan para muridé Panjenengané, lan Gusti Yésus uga para murid dipencilake. Wong-wong kang mitulungi Panjenengané utawa kang kumpul karo Panjenengané bakal dipencil saka patunggalan lan hak-haké ora diweheni minangka jejeré bangsa Yahudi.

Nanging, Gusti Yésus kanthi sengaja terus nyeraki kandang singo, sindayan Panjenengané pirsa yén ora ana cara liya kanggo nebus jagat iki kajaba lumantar kayu salib. Panjenengané nyawisaké rolas muridé Panjenengané supaya kabéh lelakon kang bakal dumadi, awit Panjenengané kagungan pangerten kang cetha ora mung gegayutan anggone séda, nanging uga kabéh lelakon liyané kang bakal dumadi, nanging Panjenengané tetep waé nampa pati iku.

Apa sampeyan pirsa kaagungané Gusti Yésus ing sajroné pamecané gegayutan séda lan wungune? Panjenengané meca kanthi cetha babagan apa kang bakal dumadi marang sarirane. Nanging, Panjenengané terus nekani para satru Panjenengané, lan mulangaké marang para muridé Panjenengané babagan kabéh lelakon kang bakal dumadi kanthi mangkono para murid bisa gawé putusan dhéwé. Gusti Yésus piyambak mituhu malah nganti séda, lan lair kanggo kita. Katresnan Allah dipratélakaké sawutuhé ing tengah-tengah pambalela manungsa marang Gusti Allah.* Panjenengané nyangga kabéh cemer lan penyakit kita ing bahu Panjenengané, nanging wong-wong mau nggebuk Panjenengané, ngidoni panon Panjenengané kang kebak asih, nyapu badan Panjenengané, maku Panjenengané in kayu kang kaipat-ipati iku, kanthi mangkono Panjenengané séda secara alon-alon déning bobot badan Panjenengané piyambak. Wong-wong mau ngasoraké Panjenengané kang disalibaké, duwé pengarep-arep mirengaké tembung-tembung nyenyamah marang Allah bakal metu saka lambé Panjenengané, nanging Panjenengané nyangga prekara lan panandhang kita kanthi kebak sabar, ndedonga kanggo kita ing kayu salib, lan ngapura kabéh dosa wong-wong kang maku Panjenengané ing kayu salib. Panjenengané ora kelangan pengarep-arep sinadyana Gusti Allah ora mirsani Panjenengané, lan Panjenengané ngunjuk tuwung bebendune Allah nganti entek, lan masrahaké awaké ing astané Sang Rama Panjenengané. Ing tengahe bebendune Allah, gusti Yésus pirsa kelanggengan Panjenengané lan anggone wungu saka séda, lan pungkasané Panjenengané nampani kabéh kamenangan.

Gusti Yésus pracaya marang apa kang dipratélakaké Rama Panjenengané lumantar Sang Roh Suci, lan Panjenengané langsung tindak tumuju Yérusalém. Apa sampeyan pracaya marang pangandikané Allah, lan atindak selaras karo pangandikan iku? Urip Panjenengané bisa uga kapenuhan prekara, coban, pepeteng, lan malah rasa wedi. Nanging sampeyan kudu ngreti yén Sang Kristus wis nyangga kabéh bebendune Allah kanggo kita, kang sejatine adoh saka Gusti Allah, kanthi mangkono kita bisa ngrasakaké cerak karo kang Maha langgeng iku nganti salawasé. Pracayaa marang Rama kasuwargan, lan panjenengan bakal ngalahaké kabéh prekara panjenengan lumantar iman panjenengan, nyeraki prekara panjenengan kanthi kebak keyakinan, ngasihi para satru Panjenengané, lan amberkahi para satru sampeyan. Aja wedi manawa sampeyan tatu, awit Gusti kang Mahakuwasa lan Maha pirsa iku anganthi sampeyan.

PANDONGA: Kawula manembah Paduka Gusti Yésus, awit Paduka mboten mlajeng saking panandhang lan anggen Paduka séda, kang sampun Paduka pirsa. Paduka terus tindak tumuju kajeng salib kanggé kawula, lan nandhang sakit, dipun gebuk, dipun idoné, lan dipun sapu kanggi kasucén kawula. Kawula ngaturaken panuwun atas katresnan Paduka, lan masrahaké badan kawula dhumateng Paduka. Paduka tampi ingkang mboten pantes menika. Paduka sucékaké kawula lan kalimputana kawula kanthi Roh suci Paduka, kanthi makaten kawula mboten gesang kanggé badan kita piyambak, nanging gesang kanggé Paduka, kanthi panguwaos Paduka. Paduka tampi kawula ingkang mboten pantes menika. Sucékaké kawula lan kalimputana sang Roh suci Paduka kanthi makaten kawula mboten gesang kanggé badan kawula piyambak, nanging gesang kunjuk Paduka, kanthi panguwaos Paduka makarya ing salebetipun karingkihan kawula. Paduka pitulungi tiyang-tiyang ingkang kacancang déning dosa-dosanipun supaya tiyang-tiyang menika saged nilaraké watek gumunggungipun lan nampi katresnan kayekténan Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabé Gusti Yésus tumuju menyang Yérusalém beberangan karo para muridé Panjenengané?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2025, at 05:03 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)