Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 059 (Reward of Jesus’ Followers)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)

12. Pituwas Saka Ndhérék Gusti Yésus (Markus 10:28-31)


MARKUS 10:28-31
28 Petrus tumuli matur marang Gusti Yésus: “Lah kawula punika sampun sami nilar samukawis sadaya lajeng sami ndhérék Paduka.” 29 Paring wasulané Gusti Yésus: “Aku pitutur marang kowe: “Satemene saben wong kang marga saka Aku lan marga saka Injil ninggal omahe, sadulure lanang apa wadon, ibune apa bapakné, anak-anak utawa pategalané, 30 wong iku, saiki, ing wektu iki uga, bakal tampa sembulih tikel satus: Omah, sedulur lanang, sadulur wadon, ibu, anak lan pategalan sanadyan kanthi panganiaya maneka warna, lan ing jaman besuk bakal tampa urip langgeng. 31 Nanging para pangarep akéh kang bakal dadi pamburi, lan para pamburi bakal dadi pengarep.”

Akéh wong ngoyak kalungguhan kang kinurmat, panguwasa lan bandha donya, duwé pikiran yén bandha donya diwenehaké marang wong-wong mau minangka hasil anggone nyambut gawé tumemen. Kaya apa akéhe wong mlarat kang mburu bab kang nglaha tanpa guna babagan kasugihan, awit penyakit kang ndawa-ndawa, lan pati kang bakal teka, utawa pengadilan pungkasan bakal mulangaké marang dhéwéké yén jagat bakal énggal kepungkur, lan mung Gusti Allah waé kang langgeng salawasé, anganthi kabéh wong kang wis kapenuhan Sang Roh suci, lan kang terus njangkung ing sajroné katresnan Panjenengané.

Kristus mulangaké paugeran kasuwargan marang wong-wong kang wis kamomotan rasa kuwatir, lan kang mburu bandha donya: “Ananging Kratoning Allah lan kasampurnané, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabéh bakal diparingaké marang kowe”. Cekelen pedoman kang banget endah iki lan atindak selaras karo kayektén iku, kanthi mangkono sampeyan bakal ngrasakaké owah-owahan saka patrap mementingaké awaké dhéwé marang iman, mlebu ing sajroné Kratone Allah, lan kumpul ing sajroné keluwarga kasukman Panjenengané, kang kita sebut Kraton Panjenengané, utawa badan kasukman Sang Kristus.

Apa panjenengan ngreti yén ora ana apa waé kang aji kang bakal tetap ana ing salawasé, kajaba saka Gusti Allah Tritunggal kang suci lan para putra Panjenengané kang wis kalahiraké secara kasukman? Kabéh kang liya bakal kepungkur. Ing sajroné urip langgeng, gegayutan rah lan gegayutan bebrayan bakal kapungkasi. Keluwarga Allah dadi luwih penting ketimbang kabéh sesambungan lan pamitran. Bapak lan ibu sampeyan bisa uga bakal sengit marang sampeyan awit iman sampeyan ing sajroné Gusti Yésus Sang penebus. Sedulur sampeyan bisa uga bakal nganiaya sampeyan. Malah anak-anak sampeyan bisa uga bakal ngipat-ipati sampeyan. Iki pancen nglarani ati lan mrihatinaké, nanging sampeyan bakal nemokaké Allah dhéwé. Apa kang luwih penting: kang langgeng apa kang bakal sirna? Apa sampeyan ngasihi Allah luwih saka keluwarga sampeyan dhéwé?

Bapak sampeyan bisa uga bakal nampik sampeyan, lan sedulur sampeyan bisa uga mbudidaya mateni sampeyan. Nanging, tetapa cekelan marang iman awit Sang Kristus iku kang gesang lan kang maringi urip. Panjenengané piyambak nglakoni dianiaya saka keluwarga Piyambak. Wong-wong nyebut Panjenengané minangka wong kang gawéané ngayal, lan mbudidaya ngajak Panjenengané ngedoh saka anggone leladi. Nanging Gusti Yésus ninggalaké para sedulure mau, lan nimbali kabéh wong kang nindakaké karsané Rama minangka sedulur lanang lan sedulur wadon uga ibu Panjenengané.

Sing sapa kang pracaya marang Sang Kristus bakal nemokaké sedulur lanang lan sedulur wadon kang anyar, lan somah kang setya kabawah tuntunan Sang Roh suci. Panjenengané uga bisa uga bakal nampa kalungguhan kang anyar lumantar nyambut gawé kang temenan lan panggawéan kang kinurmatan. Nanging kang penting dhwe yaiku wong bakal nemokaké Gusti Allah dhéwé, lan dadi putra saka kang Maha suci. Iman ing sajroné Sang Kristus sederajat lan malah ngluwihi kabéh kelangané ing sajroné donya iki. Kabejan ing sajroné Sang Roh suci tikel sewu luwih gedhé ketimbang karo kelangan kang kita lakoni ing jagat iki.

Kareben wong kang cepet sowan marang Sang Kristus, utawa kang isih cethek pracaya marang Panjenengané; muga-muga wong-wong mau ora kesusu ninggalaké Sang Kristus, awit Sang Kristus pancen ora nimbali kita supaya ngaturaké dhuwit, kalungguhan, utawa kasugihan, nanging kanggo ngapura dosa-dosa kita, andadekaké kita kanca nyambut gawé ing sajroné kaselametan Panjenengané, lan menehi marang kita kamenangan atas coban kan nistha. Sing sapa pracaya marang mung sadrema entuk kauntungan bandha donya saka wong-wong, bakal kelangan pengarep-arep lan dadi getir atiné, awit urip bebarengan karo para putra Allah ateges ana pangorbanan, leladi, dana weweh, lan ora njupuk, nguwasani utawa gumunggung. Sing prayitna, lan dadaren awak sampeyan dhéwé, delengen apa alesané ndhérék gusti Yésus. Apa panjenengan golék kauntungan kadonyan utawa apa urip panjenengan wis dadi korban kang urip kunjuk katresnané Allah?

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka nilaraké Rama Paduka kanggé mimpangaké kawula tiyang-tiyang dosa. Matur nuwun atas sih susetya Paduka, awit Paduka sampun maringi gesang Panjenengan supaya milujengaké kawula, lan Padula pejah kanggo kawula kang asor supados kawula saged dados para putra Allah, lan leladi Panjenenganipun ing salebetipun panguwaos katresnan Paduka. Paduka paringi kawula kesabaran kanthi makaten kawula sage tanggung tinanggung antawis sasami kawula, gesang sesarengan ing salebetipun Roh suci Paduka, lan ora nate nyingkur, uga terus majeng ngantos-antos rawuh Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa kayekténe bab kauntungan kanggo wong-wong pracaya?

Ayat kanggo diapalake:
“Saben wong kang marga saka Aku lan marga saka Injil ninggal omahe,
sadulure lanang apa wadon, ibune apa bapakné,
anak-anaké utawa pategalané,
wong iku, saiki ing wektu iki uga,
bakal tampa sembulih tikel satus:
omah, sadulur lanang, sadulur wadon,
ibu, anak lan pategalan
sanadyan kanthi panganiaya maneka warna,
lan ing jaman besuk bakal tampa urip langgeng.
Nanging para pangarep akéh kang bakal dadi pamburi
lan para pamburi bakal dadi pangarep”

(Markus 10:28-31)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2025, at 04:57 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)