Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 050 (Jesus’ Transfiguration)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)

3. Gusti Yésus Kamulyaké Ana Ing Gunung (Markus 9:1-7)


MARKUS 9:1-7
1 Pangandikané maneh mangkene: “Aku pitutur marang kowe, satemene wong kang ana ing kene iki ana kang bakal ora mati, sadurungé padha ndeleng rawuhe Kratoning Allah kalawan panguwasa.” 2 Sawise nem dina Gusti Yésus dhawuh marang Petrus, Yakobus lan Yokanan supaya ndhérék bebarengan minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak. Tumuli Gusti Yésus santun rupa ana ing ngarepe para sakabat mau. 3 Panggagemané katon putih memplak sumorot. Ora ana wong ing donya iki kang bisa mutihaké sandhangan nganti kaya mangkono. 4 Para sakabat bannjur padha dikatingali Nabi Elia karo Nabi Musa, kang lagi padha imbal Pangandika kalawan Gusti Yésus. 5 Petrus nuli matur marang Gusti Yésus: “Rabbi, iba senipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngadekaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia. 6 Anggone matur mangkono iku, marga ora ngreti, apa kang kudu diaturaké, saka anggone padha banget wedine. 7 Banjur ana mega teka ngayomi, lan saka ing sajroning mega iku ana suwara kang kaprungu: “Iki PtraningSun kang Sunkasihi, padha estokna dhawuhe."

Preluné Gusti Yésus rawuh yaiku kanggo njejegaké Kraton Allah kinanthenan panguwasa lan kamulyan Panjenengané. Kawicaksanan iki ora ateges sipat pemerintahané nggegirisi lan diktator, nanging bakal kelakon krajan kang rakyate kasinungan urip ing sajroné tentrem rahayu, lan kasinungan kabungahan. Krajan iki yaiku krajan kasukman. Krajan iki kebak pepadhang, kayektén lan kabecikan.

Gusti Yésus mratélakaké rancangan kang asipat ilahi ing Dina Pentakosta, nalika Sang Roh Suci rawuh ing ngarepané para murid lan lagi ngarep-arep, lan para murid dirubah saka patrape kang cilik ati dadi wong kang kendel, dirubah sing biyén kebak mangu-mangu dadi wong kang pracaya. Para murid dadi pepadhanging jagat, martakaké asmna Gusti Yésus Kristus marang wong kabéh.

Nanging sadurungé lelakon mandapé Sang Roh Suci kang banget ngédab-édabi iki, gusti Yésus mratélakaké babagan sédané kang bakal kelakon, sebanjure nimbali para murid supaya nyingkur awaké dhéwé, Panjenengané ngajak telu muride supaya Panjenengané bisa nuduhaké kaya apa agunge kamulyané Allah. Sawetara juru tafsir pracaya lelakon iki dumadine ana ing Gunung Hermon ceraké Kisarea Filipi (8:27) ana kono Gusti Yésus dimulyakaké ing ngarepe murid telu ana pucuk gunung dhwur kang banget sepi.

Ing gunung iku Gusti Yésus ngatingalaké sarirané minangka jejeré Sang Kristus, Raja atas kabéh Raja, Gusti atas kabéh Gusti, Kang Maha Suci, ora dosa, luwih padhang jingglang tinimbang srengenge, lan ing sajroné Panjenengané babar pisan ora ana pepeteng. Rasukan Panjenengané dadi putih sumorot minangka tanda kasucén kang sampurna. Prekara iki bakal dialami déning kabéh wong kang pracaya marang Panjenengané. Tanpa panyucen, kita ora pantes mlebu ing ngayunané Gusti Allah babar pisan.

Kraton Sang Kristus ora mung ana ing turunan wong-wong suci ing donya kang ana saiki, nanging uga wong-wong kang wis mati ing sajroné Gusti kang sejatine ora mati, nanging urip lan leladi Allah kinanthenan kasucéné, lan leladi ing sajorne kasucén langgeng. Ing sajroné kamulyan ing pucuk gunung iku, nabi Musa ngatonaké awaké ing ngarepané para murid minangka wakil saka paugeran Torat, sawetara nabi Elia makili para nabi, kang menehi paseksén bab Gusti Yésus minangka jejeré sang Mesih kang sabeneré, sinadyana Panjenengané milih dalan kang asor lan milih nyingkur sarirané piyambak, malah nganti kgantung ing kayu salib. Kanthi ngatonaké awaké Nabi Musa lan Nabi Elia ing ngarepe para murid kang kaweden, loro seksi iku uga mbuktekaké yén Gusti Yésus iku selaras karo paugeran Torat lan selaras karo para nabi, lan dalan salib kang laknat iku namung siji-sijine dalan kanggo nylametaké jagat saisine.

Ing ngarsané pepadhang kang asipat kasuwargan iki, Petrus nuduhaké rasa kapange kabéh manungsa anggone kepengin cecedhakan karo Allah. Sawetara sadurungé lelakon iki, Gusti Yésus nyebut Petrus iku “iblis”. Nanging pribadi kang luwih katon dhéwé ing antarané para murid iki kepengin cekelan marang loro pribadi kang wis nampa pepadhang iku supaya dhéwéké uga bisa nampani. Lan pancen, ing dina Pentakosta Sang Kristus menehi prekara iku marang dhéwéké, kanthi mangkono, wong iki dadi pedaleman Sang Roh suci kan ngalimputi urip, panguwasa lan katresnan.

Manungsa kadonyan ora bisa ndeleng kamulyané Allah. Manungsa mung bisa gumun, bingung, wedi lan sebanjure jengkeng kaya wong mati, mligine ing sajroné kahanan kang ngagetaké ing papan Gusti Allah mratélakaké sarirané ing sajroné mega lan ngemu cahya kang padhang. Gusti Allah ora mratélakaké sarirané kaya Panjenengané mratélakaké sarirané ing Gunung Sinai, ing tengah prahara lan bledhek, nanging mratélakaké kaluhuran Panjenengan ing sajroné Injil sih rahmat. Gusti Allah kang suci maringi paseksén ing ngarepe wakile manungsa yén Gusti Yésus iku Putra Allah kang ontang -anting, lan Panjenengané luwih agung dibandingaké nabi Musa lan kabéh nabi liyané, awit marang Panjenengané diparingi kabéh panguwasa kasuwargan lan bumi. Pancen mokal yén Gusti Yésus, kang maringi urip iku, séda. Nanging awit Panjenengané kanthi sukarila ngasoraké sarira Panjenengané, milih nandhang sangsara kanggo kita ing sajroné paukumané Allah, Panjenengané nampik tembung para muridé Panjenengané lan sebanjure kagantung ing kayu salib.

Nalika Gusti Yésus kawitan ngasoraké sarirané ing sajroné kabaptis ing kali Yordan, sawis pratéla tekad Panjenengané kang golong gilik bakal munggah ing kayu salib, Gusti Allah Sang Rama mratélakaken anggone kepareng gegayutan prekara iku, lan ngandika, “Yaiki Putraku kang Sun sihi. Rungokna Panjenengané!”. Gusti Yésus pancen kudu séda nggenteni kita, minangka cempéne Allah kang nebus jagat. Awit saka iku ora ana kamulyan liya kanggo kita kajawa ing sajroné salib kang ing salib iku Putra Allah kang kinasih séda, ing sajroné Panjenengané katresnan Allah sawutuhé manjalma. Ora ana dalan liya kanggi keselamaten manungsa kajawa ing sajroné Panjenengané kang disalib. Sing sapa mirengaké tembung iki lan parcaya, bakal nampani urip , dadi para putrané Allah, lan kebak katresnan kan asale saka Allah.

PANDONGA: Dhuh gusti Yésus Kristus ingkang mulya, Paduka kemawon Raja kawula. Paduka apunten sadaya cemer lan dosa-dosa kawula. Kersanipun kawula ngrasuk kasucén Paduka. Kesranipun kamulyan Paduka manunggal ing salebetipun kawula kanthi makaten kula saged ribah lumantar Sang Roh Suci Paduka inggih menika saking tiyang ingkang namung mentingaken badan piyambak dados tiyang ingkang kebak kawigatosan dhumateng sesami. Paduka rawuhi kanthi panguwaos Paduka dhumateng ewoh manah ing sakiwa tengen kawula kanthi makaten sadhérék-sadhérék menika uga saged karibah, lan saged mlebet ing salebetipun kraton Roh Paduka dinten menika. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa pentinge Gusti Yésus diluhuraké dikaya kang dideleng para murid?

Ayat kanggo diapalake:
“Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha éstokna dhawuhe!”
(Markus 9:7)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2025, at 02:43 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)