Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 049 (Principles of Following Jesus)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)

2. Watonan-watonan Ndhérék Gusti Yésus (Markus 8:34-38)


MARKUS 8:34-38
34 Gusti Yésus tumuli nimbali wong akéh karo para sakabate sarta padha dipangandikani mangkene: “Saben wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura marang awaké dhéwé, ngangkata salibe lan melua Aku. 35 amarga sing sapa kumudu-kudu nylametaké nyawané, iku bakal kelangan nyawané, nnging sing sapa kelangan nyawané marga saka Aku lan marga saka Injil, iku bakal nylametaké nyawane. 36 apa gunané wong oleh jagad iki kabéh, nanging kelangan nyawane? 37 Awit apa ta kang bisa diwenehaké kanggo ngijoli nyawane? 38 Sabab sing sapa isin marga saka Aku lan marga saka tembung-tembungKu ana ing ngarepe jinis kang ora setya lan dosa iki, Putrané Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, manawa besuk rawuh ngagem kamulyané Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaékat suci”

Ayat-ayat iki ngandhut makna kang lubér-lubér mula buku kang kandele kaya apa pisan ora bakal bisa mbeberaké kanthi sempurna. Awit saka iku apalna ayat-ayat iki, wulangna marang para mitra Panjenengané, lan nyuwun supaya Sang Kristus mratélakaké isine ing sajroné urip Panjenengané, ing sajroné kabungahan Sang Roh Suci.

Petrus pracaya marang Sang Kristus lan netepaké ndhérék Panjenengané, ora éling yang pikiran kang asipat daging lan rerasan kamanungsané babar pisan ora selaras karo Krajan Allah, awit ora pancen ora ana manungsa kang bener ing ngarsané Kang Maha suci. Sing sapa ora nyingkur awaké dhéwé, ora ngakoni dosa-dosané lan mateni watek gumunggunge, ora pantes lan ora bakal bisa ndhérék Sang Kristus.

Patrap kang kapisan ing sajroné anggon kita dadi murid nuntut nyingkur awak dhéwé. Awit saka iku aja nganti kita terus mbudidaya mikir kepentingan pribadi waé, nanging kandhaa marang pepinginan pribadi kita, “Ora ndak pikir maneh”. Ayo kita wiwit nganggep awak kita ora aji . Ayo kita nganggep kita ora duwé kaluhuran, utawa pikurmatan saka awak kita dhéwé.

Apa sebabé Sang Kristus paring dhawuh supaya duwé patrap kang mangkono marang awak kita dhéwé? Awit patrap kumingsun iku ngracuni sakabéhe pérangan urip kita, kanthi mangkono pikiran kita dadi cemer, lan tumindak becik kita dadi ora nyukupi lan ora kagayuh. Apa panjenengan wis wiwit nyingkur awak dhéwé, utawa panjenengan nresnani awak dhéwé, lan nresnani gambaran awak panjenengan? Apa panjenengan nampik hardaning hawa nepsu, utawa panjenengan isih bingung lumawan watek gumunggung panjenengan dhéwé? Gusti Yésus nyingkur sarirané piyambak lan keluwarga Panjenengané, lan dadi abdi kanggo wong kabéh. Apa panjenengan kepengin diajeni lan diluhurake? Manawa iya, mula panjenengan ora bakal tau ketemu karo Gusti Yésus, kang andhap asor lan alus bebudene. Panjenengan singkur awak panjenengan, awit Gusti Allah kita iku Gusti Allah kang andhap asor.

Gusti Yésus nuntun para muridé Panjenengané lumebu patrap kaping pindho ing sajroné ndhérék Panjenengané, lan ngandika, “ngangkata salibmu!”. Kang dikersakaké dudu salib Gusti Yésus, nanging prekara, panandhang, lan panganiaya awit asma Panjenengané; Panjenengané nuduhaké makna salib umume ing jaman iku, kang dirancang déning kang duwé panguwasa Romawi nalika matrapi paukuman marang pangawak dursila lan batur tukon kang mlayu saka bendarane. Kanthi nyebut tembung “salib’ Gusti Yésus mirsani panjenengan luput ing ngarsané Allah, batur tukon, pambalela, lan pantes dipatrapi paukuman mati.

Mung sawetara wong waé pandhéréke Gusti Yésus kang paham babagan nyingkur awaké dhéwé, awit anggone wanuh marang awaké kita nuntut anggon kita wanuh marang Gusti Allah luwih dhisik. Ukuranku kanggo awakku dhéwé dudu pikiranku, utawa rerasanku, nanging Gusti Allah piyambak, Paugeran Panjenengané, lan kaagungan Panjenengané. Ing ngarsané Panjenengané, kita ora ana apa-apane. Kita bakal nampa bilahi lan cemer. Diberkahi panjenengan manawa panjenengan wanuh katresnan Allah kang suci. Panjenengan bakal paham, tanpa dicethakaké, babagan sapa awak panjenengan kang sabeneré, lan panjenengan bakal rumangsa ajur ati awit saka iku.

Apa panjenengan nyingkur awak panjenengan lan ngakono yén panjenengan iku tumindak dosa? Manawa mengkono ndhéréka Gusti Yésus minangka murid kang mituhu, mbangun turuta tuntunan Panjenengané, panguwasa Panjenengané lan tampanana panglipuran ing sajroné Panjenengané. Paulus ngrasakaké dhéwé kahanan iku, lan mbeberaké ing sajroné pratéla kang dadi misuwur, “Aku disalibaké bebarengan Sang Kristus; dudu maneh aku kang urip, nanging Sang Kristus ing sajroné aku”

Sepisan maneh, prelu kita éling ing kene: Manawa panjenengan mburu dadi artis kang misuwur, kalungguhan, lan urip kang kasil secara kadonyan, panguripan kasukman panjenengan bakal dadi ringkih, lan panjenengan bakal dadi padha karo wong-wong kang mati ing sajroné dosa. Nanging nalika panjenengan ngorbanaké urip panjenengan kanthi kebak atur panuwun awit anggon panjenengan rukun karo gusti Allah, lan panjenengan martakaké Injil Kristus kanthi tembung lan tumindak, panjenengan bakal urip ing sajroné tentrem rahayu lan kabungahan salawasé, ora mung awit woh-woh kang becik kang panjenengan hasilaké, nanging uga awit pengarep-arep, katresnan lan donga diteguhaken déning Sang Roh Suci kang manunggal ing sajroné panjenengan. Sang Roh Suci nganyaraké lan nitahaké pikiran kang suci ing sajroné urip Panjenengané. Urip kang anyar ing sajroné Sang Kristus iku urip kang sejati kang pantes supaya bener-bener disebut urip, lan kabéh kang liyané mung panandhang lan kasusahan. Sinadyana ing sajroné urip kang mewah lan duwé kasugihan karo mobil larang regané kang akéh, akéh wong mbrewu kang turune nyimpen senjata ing ngisore bantalé. Dadi putri ayu, nanging anggone nglakoni urip kanthi telenging ati kang lara lan tatu. Wong-wong mau ora rumangsa diberkahi. Wong-wong mau tetap duwé rasa was-was lan kebak panandhang nganti wayahe wong-wong mau disucékaké kanthi rah Sang Kristus, lan dianyaraké ing sajroné panguwasa Sang Roh Suci.

Wong kabéh tanpa gusti Yésus iku kawulané dosa, kelangan kasucén atiné, lan ilang nganti salawasé. Manungsa ora bisa nganyaraké awaké dhéwé. Tanpa gusti Yésus, panjenengan mlarat, ilang, lan bakal nampa bilai, awit ing hakikate panjenengan cemer lan ala. Kasunyatané, Sang Kristus waé kang dadi Juru selamat jagat, lan sing sapa nyepelekaké utawa nampa pangandikan keselametan Panjenengané bakal nampa bilai salawasé. Nanging wong-wong kang nampa Injil, lan ngakoni panguwasa Panjenengané ing sajroné jaman kita kang akéh wong kang ora mituhu iki, bakal nampa pengarep-arepe ing jagat kang bakal teka, awit Sang Kristus bakal énggal rawuh ing sajroné kaluhuran Rama Panjenengané. Para pendhérék Panjenengané iku hasil Panjenengané kang kebak kaluhuran. Sebanjure Panjenengan bakal neguhaké kraton katresnan Panjenengané ing jagat iki ing antarané wong-wong kang wis mati kanggo karepe dhéwé, lan ing kana wong-wong mau bakal urip ing sajroné panguwasa Sang roh Suci Panjenengané. Apa panjenengan isih ngawula pepinginan hawa nepsu panjenengan dhéwé, utawa apa panjenengan wis diteguhaké ing sajroné Sang Kristus.

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka Gusti Yésus, awit Paduka nilaraké suwarga ingkang mulya, ngracut kamulyan Paduka, dados manungsa asor, mituhu dhumateng karsa Rama Paduka, lan nuntun kawula wangsul ing salebetipun gesang kasukman ingkang leres, Paduka uga ngasoraken badan panjenegan nyingkur badan Paduka, lan wangsul dhumateng Sang Rama ing salebetipun kaluhuran, gesang lan paring dhawuh sesarengan kaliyan Panjenganipun ing salebetipun kamanunggalan Sang Roh Suci ngantos salami-laminipun. Paduka wucal kawula karsa Paduka, kanthi makaten kawula uga saged nyingkur badan piyambak nilaraké hardaning hawa nepsu kawula ingkang dipun salibaken ing kajeng salib Paduka, leladi Paduka awit Paduka pantes diladosi, lan nresnani sesama minangka abdi-abdi ingkang dados kepareng Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa kang dadi syarat kang kudu ana, supaya bisa ndhérék Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2025, at 02:40 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)