Previous Lesson -- Next Lesson
a) Gusti Yésus nyirep Prahara ing Tlaga Tiberias (Markus 4:35-41)
MARKUS 4:35-41
35 Ing dina iku bareng wis sore, Gusti Yésus ngandika marang para sakabate: “Ayo padha menyang sabrang” 36 Banjur padha ninggal wong akéh mau lan mangkat ndhérékaké Gusti Yésus kang wis nitih prau, bebarengan karo prau-prau liyane. 37 Tumuli ana prahara gedhé, lan ombaké nyempyok-nyempyok tumiba ing sajroning prau, nganti praune meh kebak banyu. 38 Dene Gusti Yésus ana ing buritan, lagi sare ngagem kajang sirah. Banjur diwungu déning para sakabat, unjuke: “Guru, punapa Paduka boten nggalih, bilih kawula sami badhé tiwas?” 39 Panjenengané banjur wungu, angine didukani, lan ngandika marang sagara: “Menenga lan dadia anteng!” Angine nuli mendha lan sagarané dadi anteng maneh. 40 Banjur ngandika marang para sakabate: “Yagene kowe padha wedi mangkono? Yagene kowe ora padha pracaya?” 41 wong-wong mau padha dadi wedi banget lan padha guneman: “Sapa ta Panjenengané iku, dene dalasan angin lan sagara kok iya padha ngestokaké dhawuhe?”
Iblis sengit marang Sang Kristus. Iblis gawé putusan mangsa para pandhérék Panjenengané lan agawé para pandhérék Panjenengané iku tiba ing sajroné guwa kang peteng kanthi kaliputan rasa wedi, nglokro, lan kalimputan anggone ora pracaya. Perang antarané Kraton Allah karo prajurit Iblis iku ora ana sih kawelasan. Sinadyana kita tansah bener-bener nresnani manungsa, mokal Sang Roh Suci bisa nyambut gawé bareng karo Roh Iblis. Roh kang suci iku Roh Sang Kristus, kang mratélakaké yén Panjenengané rawuh kanggo nyirnakaké pagawéané si pangawak dursila. Iblis mbudidaya nyirnakaké Sang Kristus lan para muridé Panjenengané kanthi nggundakaké prahara gedhé nalika Gusti Yésus karo para murid mrau ing tlaga Tiberias. Sang Kristus lagi krasa sayah sawisé nindakaké leladi sadina muput, lan awit saka iku Panjenengan sumare kanthi ayem sinadyana ana bebaya kang nempuh. Panjenengané pirsa yén prahara ora bakal bisa nyedani Panjenengané, awit Panjenengané katuntun déning tangan Sang Rama Panjenengané kang tansah njangkung Panjenengané.
Para murid durung nampa panguwasa Roh Suci. Para murid mung duwé pengalaman dadi juru amek iwak. Pepetang kang ndhedhet, kinanthenan prahara kang santer, durung tau duwé pengalaman kang mangkené, lan prahara iku ngluwihi kekuatané para murid. Awit saka iku, nalika perahue kaisinen banyu meh kebak lan meh nyilem sing mesthi kabéh kang ana perahu bakal melu nyilem, para murid mungokaké Gusti Yésus kang nuju sare, lan ngluputaké Panjenengané, awit para murid wedi babagan keselametané dhéwé, lan duwé pikiran yén Gusti Yésus ora kagungan kawigaten marang dhéwéké kabéh lan ngejaraké dhéwéké kabéh iktiar dhéwé.
Nanging, Sang Kristus pirsa jalaran dumadine prahara iku. Panjenengané wungu lan dhawuh marang roh ala ing sajroné prahara mau supaya sirep. Sak tembung waé saka tutuk Sang Kristus dadi jalarané sirepe balané roh ala. Sang Kristus iku Gusti atas angin, atas bumi, atas segara, atas roh-roh, atas pati, lan atas urip. Manawa Panjenengané rawuh ing kono ana katentreman kaluhuran Allah kang ngluwihi kabéh prakara kang katon utawa kang ora katon.
Geréja iku saupama perahu lan ing kono sang Kristus lelayaran bebarengan karo kita ing tengah-tengah segara jagat kang ombaké mawalikan, kinanthenan prahara kang nggegirisi. Apa panjenengan rasa ayem kumpul karo wong-wong pracaya, utawa panjenengan malah wedi babagan pancoban, kekuwatan-kekuwatan liya, serangané, lan bancana jagat luwih saka kapitayan panjenengan lan iman panjenengan babagan anané Sang Kristus kang manunggal karo panjenengan?
Putra Allah ngandika marang para murid, asipat ngelingaké, “Yagene kowe padha wedi mangkono? Yagene kowe ora padha pracaya?” . Panjenengané wis maringi marang para murid panguwasa supaya martakaké Injil, nundhung roh-roh ala, lan marasaké wong lara, nanging nalika pancoban nempuh, wong-wong mau banjur gagal, lan nangis keweden. Kita kudu sinau yén kita kabéh iku abdi kang ora ana gunane. Tanpa Sang Kristus, kita kabéh ora bakal kasil. Nanging manawa kita nyancang awak kita marang sang Juru selamet kanthi pangandel kang urip, mula Panjenengané bakal neguhaké Roh Panjenengané ing sajroné urip kita kanthi jaminan kang ngayemaké, menehi pengarep-arep lan pepesthen ing sajroné hakikat Gusti Yésus Kristus. Panjenengan iku priyayi kang njamin geréja, kang njangkung kaya manik paningale.
PANDONGA: Dhuh Gusti, sakawis panguwaos ing langit lan ing bumi sampun diparingaké dhumateng Paduka. Paduka apunten kawula babagan kirangipun iman kawula, babagan kekuwatosan lan anggen kula apus-apus. Teguhaken kawula ing salebetipun katentreman lan pangayoman Paduka, kanthi makaten roh-roh awon saged dipun bungkem lumantar sabda ingkang saking tutuk Paduka, lan geréja Paduka saged tansah wonten ing salebetipun pangayoman Paduka. Mboten wonten panguwaos ing jagat utawi ing neraka ingkang saged nyilakaaken kawula, awit Paduka nganthi kawula ngantos pungkasan jaman.
PITAKONAN:
- Apa sebabe Gusti Yésus ngrasakaké ayem lan bisa sare ing tengahe prahara? Apa kang kita bisa sinau saka anggone disirepe praharo kang marakaké cilaka iku?