Previous Lesson -- Next Lesson
2. Timbalan marang Rolas Rasul (Markus 3:13-19)
MARKUS 3:13-19
13 Sawise iku Gusti Yésus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali sapa wong kang dikarsakaké lan iya banjur padha sowan ing ngarsane. 14 ana rolas kang ditetepaké dadi kanthiné, kang kautus nggelaraké Injil 15 sarta kang diparingi panguwasa nundhung setan. 16 Wong rolas kang kapiji iku yaiku: Simon, kang banjur kaparingan jeneng Petrus, 17 Yakobus, anaké Zebedheus, lan Yokanan sadulure Yakobus, kang karone banjur kaparingan jeneng Boanerges, kang tegese anak gludhug, 18 nuli Andreas, Filipus, Bartolomeus, Mateus, Tomas, Yakobus anaké Alfeus, Tahdeus, Simon Wong Zelot 19 lan Yudas Iskariot, kang ngulungaké Panjenengané.
Gusti Yésus nimbali kabéh wong marang pamratobat. Panjenengané mbuka dalan menyang suwarga kanggo kabéh manungsa, lan paring pangapura kabéh dosané ing kayu salib.
Aneh banget! Mung sethithik ing antarané wong-wong iku kang ngrungokaké Panjenengané lan mangreti rancangan Allah kanggo awake. Wong-wong mau sowan marang Sang Juru selamet supaya nampani keslametan. Sebanjure, wong-wong mau ndhérék Gusti Yésus. Wong-wong mau ngarani awaké “Kristen”. Wong-wong iku kang dilairaké maneh, nglakoni urip kang andhap asor lan kebak kabungahan Sang Kristus.
Gusti Yésus pirsa jerone ati wong-wong mau lan mangsa tembe saka saben pribadi. Panjenengané milih pribadi-pribadi saka wong akéh lan nimbali wong-wong mau marang Panjenengané supaya Panjenengané nglatih lan ngutus lunga martakaké Injil Panjenengané ing donya. Martakaké lan nyebaraké Injil iku hak luwih-luwih kang diparingaké marang saben wong Kristen. Nanging, sedulur, aja nindakaké leladi marang Allah mung nindakaké sawijining tugas thok, nanging entenana timbalan Gusti. Panjenengan ora bakal bisa ngalahaké kaculikané Iblis kanthi kekuwatan panjenengan dhéwé. Mung wong-wong kang ditulungi Gusti supaya ngorbanaké uripe lan nandhang sangsara kanggo asma Panjenengané waé kang ditimbali leladi ing sajroné kraton Panjenengané, selaras karo rancangan langgeng Panjenengané.
Para rasul Sang Kristus iku kaya para utusan kang nawakaké Injil keselametan marang kabéh manungsa. Wong-wong ora nggunakaké filsafat babagan Sang Kristus, lan uga ora njaga imané lumantar debatan, nanging nawakaké keselametan saka Gusti Allah ing sajroné Sang Kristus kanthi ora mbayar marang kabéh wong. Sing sapa kang gelem ngrungokaké bakal krungu, kang nampani bakal nampa, lan kang mangkotaké ati bakal wangkot atine uga kang rumangsa luwih luhur tinimbang Putra Allah akan nyirnakaké awaké dhéwé.
Gusti Yésus ora mung maringi panguwasa marang para muridé Panjenengané kanggo nglantaraké pangandikan Panjenengané, nanging uga maringi marang wong-wong panguwasa kanggo ngalahaké paugeran kang kothong, kanggo nelukaké filsafat kang mati, lan nundhung roh-roh ala kanggo mbuktekaké yén Kraton Allah pancen wis teka. Para panguwasa donya iki bakal dikalahaké dudu kanthi nggunakaké kawruh, dhuwit, utawa kapinteran, nanging kanthi pawarta Injil waé, lan pawarta babagan Panjenengané kang Kasalib kang yaiku panguwasa nylametaké saka Allah marang kabéh wong kang pracaya marang Panjenengané.
Gusti Yésus milih rolas murid supaya para murid tansah bebarengan karo Panjenengané minangka pralambang karsa Panjenengané kanggo ngengon umat Panjenengané kang ana ing sajroné rolas taler. Ana 12 kawangun saka hasil ping-pingan angka 3 x 4. Telu pralambang Tritunggal kang suci lan 4 nuduhaké marang papa arah, yaiku arah kompas, dadi angka 12 nuduhaké marang manunggale Gusti Allah lan manungsa.
Sing sapa nyinau jeneng-jeneng rolas rasul, bakal krasa gumun babagan kelompok iki. Bisa uga, 4 utawa 6 ing antarané para murid yaiku golongan juru amek iwak kang kulina nyambut gawé abot, lan 3 saka para murid asale saka Bethsaida kang ana ing pungkasané kali Yarden ing pinggiring segara Tiberias. Enem murid kang kawitan padha wanuh, awit wis tau mretobat lan dadi murid Yokanan Pambaptis. Gusti ora nimbali para rasul Panjenengané saka antarané kabéh taler kang ana lan saka antarané punjering kamursidan, nanging separo saka para muridé Panjenengané asale saka kelompok desa-desa juru amek iwak cilik.
Katelu murid kawitan iku kang mlebu golongan kang paling njero dhéwé. Murid telu mau tansah mbarengi Gusti Yésus. Simon, kang tinimbalan déning Gusti Yésus dijenengaké Petrus. “Watu karang”, bisa uga tegese kang kuwat dhéwé. Dhéwéké kulina nek ngomong kesusu, lan luwi kendel ketimbang karo para murid liyane. Dhéwéké tansah ora nuduhaké kawicaksanan lan kapinteran, nanging tulus, gampang emosi, lan mratobat lan iman. Anggone cemawis nampani kasunyatan ilahi agawé dhéwéké dadi seksi kang ngédab-édabi babagan Sang Kristus, kang sebanjure dadi landhesan kanggo geréja. Sawise mingkrate Gusti Yésus menyang kasuwarga, dhéwéké dadi kang ana ngarep ing antarané para murid.
Yakobus lan Yokanan mesti wis dadi kumpulan kang duwé semangat makantar-kantar lan keras ing antarané pandhérék Gusti Yésus, awit Gusti Yésus nganti ngarané “anak – anak gludhuk”. Ing sawijining lelakon, nalika ing desa Samaria nampik Gusti Yésus, wong loro mau njaluk supaya Gusti Yésus ngudhunaké bledhek minangka pamales.
Nanging, Gusti Yésus andadekaké Yokanan kang isih enom iku dadi wong kang kebak katresnan Allah kang sawutuhe nampa hakikat gusti Yésus. Nalika juru pawarta Injil liyané nulis gegayutan kaélokan, pangandikan, lan apa kang ditindakaké déning Gusti Yésus, Yokanan nyethakaken gegayutan Pribadi Gusti Yésus lan mratélakaké kaluhuran Panjenengané.
Sawise Sang Putra Allah munggah menyang Suwarga, Yokanan dadi salah siji panggedhéne pasamuan ing Yérusalem. Lan sawise matine Petrus lan Paulus, uga rusaké kutha Yérusalem, Yokanan pindhah menyang Efesus, lan ngladeni pasamuwan ing kana. Ing kana sebanjure dibuwang lan nampani ndeleng dedelengan saka Gusti Yésus babagan wahyu pungkasané jaman lan anggone Panjenengané bakal rawuh.
Kita ora ngreti akéh babagan Yakobus anaké Zebedeus, kajaba yén dhéwéké yaiku salah siji murid kang ana nalika Gusti Yésus diluhuraké, lan uga ana ing Taman Getsemani nalika kasangsarané Gusti Yésus, lan uga ana ing omahe Yairus nalika anaké wedok Yairus ditangekaké saka pati déning Gusti Yésus. Dhéwéké mlebu golongan kawitan ing antarané rolas Murid Gusti Yésus, mati krana iman kang kawitan ing antarané rolas murid ing tangan Sang Prabu Herodes Agripa, kang mateni dhéwéké kanggo nyenengaké wong-wong Yahudi.
Dadi, para murid kang unggul dhéwé yaiku Petrus, Yakobus, lan Yohanes. Golongan kang kaping pindho yaiku Andreas, Filipus, lan Natanael.
Andreas iku sedulur Petrus, kang nggawa Petrus marang Gusti Yésus, lan kang kawitan ngakoni yén Gusti Yésus iku Sang Mesih (Yokanan 1:14).
Filipus asale saka Bethsaida, padha asale karo Petrus lan Andreas. Panjenengané yaiku wong kang becik banget, dadi juru kotbah, lan wong kang bisa ngrancang babagan ekonomi, duwé tujuwan kang tulus (Yokanan 1:43, 45, 6:5; 12”20; 14:8; Lelakone Para rasul 1:13).
Natanael iku wong kang nggoléki kayekten kang ora gampang pracaya, kang kala-kala uga diceluk Bartolomeus. Gusti Yésus mirsané dhéwéké nalika lagi ngeningke cipta lan ndedonga ing sangisore wis anjir, lan gusti Yésus ngandika yén dhéwéké iku wong Israel kang sejati. Natanael iku kang kawitan nyebut Panjenengané minankga”Putra Allah” lan “Ratu Israel” (Yokanan 1:46-49; 21:2).
Ing antarané enem para murid iku ana golongan njaba kang kalebu kabéh murid kang liyane: Mateus, Thomas, Yakobus kang liya, Tadeus, Simon kang liya lan Yudas Iskariot.
Kita ora duwé catetan kang cukup babagan Matius, kajaba prekara anggone ditimbali nalika isih dadi juru mupu beya kang ditampik déning masyarakate, lan kalungguhané ing sajroné nomor pitu ing sajroné daftar para rasul. Dikaya Yokanan, dhéwéké uga ora gelem ndudut ati marang pribadi Gusti Yésus. Prelu disebutaké uga yén matius, bebarengan karo paulus, Yokanan lan Lukas, dadi wong kang nulis babagan kekristenan kang ngédab-édabi salawasé. Ing sajroné Injile, dhéwéké nulisaké marang kita babagan kang penting, ora ana kang cicir lan migunani gegayutan Gusti Yésus. Kurangnya ngreti wutuh babagan Matius ing sajroné Injile nuduhaké gegayutan kepribadiané kang agung lan banget ngédab-édabi (Matius 9:9-11; Markus 2:14; Lukas 5:28).
Thomas wong kang gampang mangu-mangu, lan gampang kelangan pengarep-arep bisa dadi pralambang saka manungsa moderen kang pracaya marang kayekten kang dipratélakaké, nanging ora gelem banjur pracaya tanpa ana bukti kang ana tangane. Thomas dadi conto kanggo para Ilmuwan Eropa lan para wong kang nggoléki Gusti kang nggoléke kayekten dhéwé lan arang wong kang nemokaké (Yokanan 11:6; 14:5; 20:24-29).
Sawise jeneng-jeneng Matius lan Tomas, ana telu jenengan Rasul kan meh ora kita wanuh. Nanging, sadurunge dadi murid sang Kristus, Simon saka Kanaan, utawa Simon “Wong Zelot” iku anggota fanatik saka golongan patriotis taler Zelot kang duwé pepeinginan dibangune Kraton Allah cepet-cepet kanthi nggunakaké kekerasan. Gusti Yésus nimbali dhéwéké, mulang dhéwéké, lan ngrubah dhéwéké. Lan dhéwéké ndhérékaké Gusti Yésus kanthi kebak andhap asor ing dalan alusing bebudén.
Gusti Yésus uga nimbali Yudas Iskariot, siji-sijine wong Yehuda ing antarané rolas murid. Kabéh murid kang liyané asale saka Galilea. Yudas iku kang gawéané nyolong, atine ngarah marang dhuwit, lan duwé kekarepan kalungguhan, kang tambah suwe tambah mangkotaké atine marang Sang Kristus nganti roh ala manunggal ing sajroné uripe. Dhéwéké katon kaya wong suci, nanging atine kebak pangigit-igit, dhéwéké mbalela marang Gusti Yésus, pancen dudu mung dhéwéké, nanging sapérangan para murid uga duwé pepinginan Gusti Yésus dadi Sang Mesih kang asipat politik. Nanging, wong-wong mau ngrubah pikiran lan nampa Gusti Yésus dikaya anané Panjenengané, kajaba Yudas kang ora mbangun turut. Lan nalika Gusti Yésus mratélakaké kang dadi karsa Panjenengané, Yudas mbalela Panjenengané ing sajroné pangigit-igit lan rasa sengit. Nanging, kaya ngapa anggone ngagetake! Ing sajroné rasa wedi banget dhéwéké dhéwéké ngakono Gusti Yésus lan mbeberaké pasekséne kang ngédab-édabi gegayutan anggone Gusti Yésus kang ora luput, sadurunge Yudas dhéwé mati nglalu. Gusti Yésus wis mbudidaya nuntun Yudas kanthi alusing bebudén lan uga kanthi tegas ing bujana kang pungkasan. Gusti Yésus ora ngipati-ipat Yudas nalika Yudas ngambung Panjenengané, nanging malah nimbali dhéwéké kanthi nyebut “kanca”.
Sing sapa kang sinau watek wantu saka rolas murid, bakal ndeleng yén Gusti Yésus nimbali wong-wong kang béda-béda marang Panjenengané, lan wis mesti ana prekara ing sajroné patunggalané, uga ana watek gumunggung lan gumedhe uga. Nanging Sang Roh Gusti Yésus ngrubah pikirané, kajaba wong siji. Gusti Yésus andadekaké para murid wedhus-wedhus ing sajroné katresnan Sang Roh Suci, yaiku wong-wong kang ndhéréka dalan cempéning Allah nganti pungkasane.
PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka Ratu kawula. Paduka nimbali para murid Paduka kanthi pangertosan lan tetingalan ingkang cetha supados njembaraken Kraton kasaenan Paduka ing salebetipun asma Paduka. Paduka apunten dosa-dosa lan gumunggung kawula kanthi makaten kawula mboten dadi pepalang Paduka nimbali tiyang-tiyang ing sakiwa tengan kawula ndhérék Paduka. Merdekaaken kawula saking anggen kula mburu pikurmatan, panguwaos lan kamisuwuran, lan mliginipun anggenipun karem arta, supados kawula mboten mbalela Paduka, nanging nresnani Paduka, lan maringi gesang kawula dhumateng Paduka minangka korban ingkang gesang lan kepareng dhumateng Paduka. Amin.
PITAKONAN:
- Sapa to rolas rasul iku? Apa ciri-ciri saben para murid?
KUIS 1
Pamaos kang Kinasih,
Menawa panjenengan wis saéstu nyinaoni buku kan kawitan saka Injil Kristus miturut Penginjil Markus iki, panjenengan bakal nampani berkah kan langgeng. Nalika iku uga, panjenengan bakal bisa mengsuli pitakonan-pitakonan iki kanthi gampang:
- Sapa ta Markus, lan sapa ta kanca-kanca nyambut gawéne?
- Saka ngendi sumber utama saka Injil Markus?
- Kanggo sapa ta Markus nulis Injil iki, lan kapan?
- Apa ta makna tembung “Injil”?
- Apa teges kang ana ing sajroné asma “Yésus”?
- Apa to pentingé sesebutan “Kristus” iku?
- Apa ta kang dadi watonan-watonan utama ing sajroné pratéla “Putra Allah”?
- Apa sebabé Markus Sang Penginjil mbuka Injile kanthi tembung-tembung iku?
- Apa ta isi lan tujuwan saka pawarta kang dilantaraké déning Yokanan pambatis?
- Kepiyé Tritungggal kang suci katon ing sajroné lelakon iki?
- Apa sebabé Sang Roh Suci luwih dhisik nuntun Gusti Yésus ing ara-ara samun supaya dicobani déning Iblis?
- Apa pentingé pratéla “Kraton Allah”?
- Apa tegese saka timbalan Gusti Yésus, “Ayo padha melua aku, lan Aku bakal ndadekaké kowé tukang njala manungsa”?
- Kepiyé Gusti Yésus nguwalaké wong kang kepanjingan déning roh ala?
- Kepiyé gusti Yésus nguwalaké wong-wong kang ana ing daya pengaruh déning roh-roh cemer ing jaman iki?
- Kepiyé juru pawarto Injil Markus nggambaraké Sang Kristu sing sajroné Injile? Apa kang dadi kaganepané karsa Allah kanggo kita?
- Kepiyé Gusti Yésus nuduhaké panguwasa Panjenengané kanggo ngapura dosa?
- Apa maknané yén Gusti Yésus lenggah bebarengan para juru mupu beya lan wong-wong dosa?
- Apa sebabé para murid Gusti Yésus ora pasa?
- Apa sebabé ana bab kang ora cocok antarané Gusti Yésus lan wong-wong Yahudi gegayutan karo njaga dina Sabat?
- Apa sebabé Gusti Yésus dadi duka marang para juru mulang Torét kang kolot iku?
- Saka ngendi waé wong akéh sowan marang Gusti Yésus?
- Sapa to rolas rasul iku? Apa ciri-ciri saben para murid?
Menawa panjenengan mangsuli kanthi bener 75% saka pitakonan-pitakonan iki, aku bakal ngirimaké buklet sakbanjuré saka seri iki. Monggo panjenengan tulisaken asma jangkep lan alamat panjenengan kanthi cetha, lan kirimaken marang alamat iki:
Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany
Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net