Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 018 (Argument About the Sabbath)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 3 - Lelawanan Antarané Gusti Yésus Karo Para Pemimpin Bangsa Yahudi (Markus 2:1 - 3:6)

4. Alesan babagan Anggone Mbangun Turut Marang Paugeran bab Sabat (Markus 2:23-28)


MARKUS 2:23-28
23 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yésus tindak nglangkungi pategalan gandum lan sajroné mangkono iku para sakabate padha nyethuti wewulen gandum. 24 wong-wong Farisi banjur padha matur marang Panjenengané: “Kula aturi mirsani. Punapaa tiyang-tiyang punika sami nindakaké punapa ingkang dados awisan tumrap ing dinten Sabat? 25 paring wangsulané Gusti Yésus: “apa kowé durung tau maca apa kang ditindakaké déning Senopati Dawud, nalika karo para pandhéréke padha nandhang kekurangan lan kaluwen, 26 yaiku anggone banjur lumebu ing Padalemaning Allah, nalika Abyatar dadi Imam Agung, nuli dhahar roti cecaosan – kang ora kena dipangan déning wong liyané kajaba déning para imam – lan para pandhéréke iya banjur padha diparingi uga?” Banjur ngandika maneh: “Dina Sabat iku dianakaké kanggo manungsa, ora kok manungsa kanggo dina Sabat, dadi Putraning Manungsa iku uga Gustine dina Sabat”

Ing sajroné prajanjian kang lawas wong-wong kang ora mbangun turut paugeran Sabat kanthi pas bakal ditibani paukuman pati, awit Sabat disucekaké déning Gusti lan dimligekaké kunjuk Panjenengané piyambak kanggo leladi lan kanggo kaluhuran Panjenengané. Pranatan iku kanggo kabéh bangsa iku yén bangsa iki ora kena nindakaké pagawéan apa waé ing dina Sabat. Iki sawijining pralambang saka prajanjian kang lawas ing sajroné prajanjian iku bangsa iki melu cawe-cawe ana ing sajroné pangasone Gusti Allah.

Sang Kristus piyambak mbangun turut lan ngganepi makna kasukman dina Sabat. Panjenengané ngaso ing sajroné kubur Panjenengané ing dina Saptu lan wungu maneh saka pati ing dina Minggu.

Nanging wong-wong Farisi andadekaké pranatan dina Sabat dadi Paugeran kang ora duwé roh lan tanpa katresnan kanthi mangkono manungsa dadi bandan saka dina iku lan dadi abdoi kanggo nindakaké luwih sapa apa kang dadi tanggung jawab utawa kewajibannya.

Dadi, wong-wong Farisi kang kolot nglarang wong supaya madhangi awaké kanthi lampu ing dina Sabat, awit prekara iku dipadhakaké karo geni kang gedhé, kang dilarang ing dina Sabat. Wong-wong mau ora kena masak utawa manasi panganan ing dina Sabat, lan ora kena nindakaké pagawéan sedherhana apa waé. Wong-wong fanatik iku uga nganggep ngonceki gandum sawijining panerak paugeran ing dina iku.

Ing sajroné pangreten Panjenengané babagan Paugeran iki, lan kanthi kawicaksanan kang jero, Gusti Yésus nuduhaké marang wong farisi yén manungsa ora dititahaké kanggo paugeran, nanging kosok baliné, paugeran diyasa kanggo leladi lan mitulungi manungsa. Mengkono uga Dawud masuk ing sajroné papan suci saka kemah patemon lan bebarengan karo para muridé Panjenengané, roti sajen kang dimligekaké kanggo Gusti Allah lan para imam, kanthi mengkono Dawud ora mati kaliren, awit dadi wareg nalika iku luwih penting saka nindakaké upacaya agama. Gusti Allah ora paring paukuman marang Dawud atas panerak iki, nanging nyethakaké imané kinanthenan berkah kang akéh.

Mengkono, Gusti Yésus nyethakaké yén manungsa ora diselametaké awit anggone mbangun turut marang dina Sabat, utawa dina-dina liyané, nanging mung déning imané marang kabecikané Gusti Allah. Sing sapa duwé pikiran bisa nampa suwarga lumantar anggone mbangun turut marang paugeran bakal kena pangipat-ipat. Panjenengané durung mangreti cemar jiwané uga durung mangreti katresnan saka Gusti Allah. Dadi, Sang Kristus ora paring dhawuh para putrané lumantar prejanjian kang anyar kanggo mligekaké dina-dina tartamtu, nanging supaya wong-wong iku tansah nyucekaké awaké kanthi mengkono patrap saben dinané bisa tetep suci. Wong-wong Kristen kang sabenere nglakoni saben dina ing sajroné kabungahan ing ngarsané Gusti, kang tansah nyucekaké wong-wong iku saben jam lan saben detik. Gusti andadekaké uripe ing jagat iki dadi riyaya malah ing tengah akéhe kangélan.

Sang Kristus wis agawé kita merdika saka paugeran kang lawas, nanging wong iki mapanaké ing sajroné awak kita sawijining paugeran kang anyar, watonan-watonan saka Sang Roh Suci, minangka jaminan saka kraton langgeng ing kono, ing sajroné ora ana maneh dina utawa wektu lan mung ana katentreman uga pujian marang Gusti.

Awit Sang Kristus nyebut sarira Panjenengané minangka gusti atas dina Sabat. Panjenengané uga mratélakaké sarira Panjenengan minangka Kang Paring paugeran Ilahi kang duwé hak lan panguwasa kanggo nafsiraké paugeran iku ing sajroné cara kang anyar. Panjenengané milih kanggo nindakaké pranatan kang anyar ing sajroné paugeran iku ing sajroné cara kang anyar. Panjenengané milih nindakaké pranatan kang anyar ing sajroné panguwasa kelanggenan Panjenengané. Sang Kristus ora ngilangi paugeran Sabat, nanging nyempurnakaké ing sajroné katresnan Panjenengané. Ing sajroné manunggale Sang Roh suci ing sajroné uripe wong-wong pracaya, Panjenengané agawé kabéh dina ing sajroné seminggu minangka dina Sabat, lan Panjenengané maringi tentrem rahayu marang kita lumantar anggone mbeneraké kita kanthi ora mbayar apa-apa.

Sang Roh Suci mimpin para bapa kekristenan supaya ora maneh anut Dina Sabat, awit Gusti wis mindhahaké wong-wong iki saka cancangan Paugeran Torat marang kamardikan para putra Allah ing sajroné prejanjian kang anyar. Para bapa duwé dina wungune Sang Kristu minangka wektu kanggo nganakaké patemon, lan kanggo bujané Gusti, minangka pralambang saka prejanjian kang anyar, kamenangan atas pati, lan bakal manunggal Sang Kristus ing sajroné panguripane. Saiki, kita ora prelu maneh takon: Apakah kita ngurmati dina sabtu utaw dina Minggu? Nanging: Apa panjenengan wis dilahiraké maneh, apa panjenengan wis dadi wong-wong suci kang wis dimerdekaake? Utawa apa panjennegan isih dadi abdi Paugeran Torat lan dosa?

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Putra Paduka sampun merdekaaken kawula saking Paugeran legalistik dhumante kelahiran énggal lan katresnan Paduka ingkang langgeng, maringi jaminan babagan kraton Paduka ing sajroné manah kawula, lan maringaken dhumateng kawula kaayeman manah lumantar sih ramah Paduka. Paduka tulungi kawula supados mboten wangsul malih dhumateng Paugeran legalistik ingkang mboten gadhah katresnan, nanging supados kawula terus nindakaké pakrayan kasaenan Paduka saben dinen, kadosdene Paduka lan Putra Paduka makarya lan nylametaken saben wekdal. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabé ana bab kang ora cocok antarané Gusti Yésus lan wong-wong Yahudi gegayutan karo njaga dina Sabat?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 12, 2025, at 02:49 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)