Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 014 (Christ Heals a Leper)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 2 - Wiwitané Anggone Gusti Yésus Leladi Ing Galilea (Markus 1:14 - 1:45)

5. Gusti Yésus Marasaké Wong Lara Budhugen (Markus 1:40-45)


MARKUS 1:40-45
40 Tumuli ana wong lara budhugen sowan ing ngarsané Gusti Yésus, banjur jengkeng sarta nyuwun tulung marang Panjenengané, ature: “Manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.” 41 Gusti Yésus trenyuh ing galih marga saka welas, banjur mulung astané, ndemek marang wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu!” Sanalika iku uga ilang lelarané budhug temah wis birat najise. Wong mau banjur énggal kadhawuhan lunga kanthi kaweling wanti-wanti: “Poma, kowé aja pisan-pisan kandha-kandha bab iki marang sapa bae, nanging lungaa, awakmu tuduhna marang imam, sarta caosna pisusung birating najismu, kaya kang wis kadhawuhaké déning Nabi Musa minangka paseksi marang wong kabéh.” 45 Ewadene wong mau saundure banjur martakak-martakaké lelakon mau, disuwuraké menyang ing ngendi-endi, satemah Gusti Yésus ora bisa kanthi ngedhéng lumebet ing kutha. Panjenengané lereb ana ing jaba, ana ing panggonan-panggonan kang sepi, nanging wong-wong saka ngendi-endi iya meksa sowan menyang ing ngarsane.

Ing jamané Gusti Yésus, sinagog nganggep budhugen iku paukumané Gusti Allah sesambungan sawijining dosa kang ora dimangreti. Awit saka iku, wong budhugen iku ditundhung kanthi cara asor, lan sing sapa duwé penyakit iku bakal benget ngrasakaké panandhang jasmani lan kasukman awit bebendune Allah. Salah siji wong saka wong budhugen kang ora duwé pengarep-arep iku krungu babagan kabecikan lan panguwasa Sang Kristus. Wong iku banjur mlayu sowan Gusti Yésus, lan sujud ing ngarsa Panjenengané awit pracaya yén Gusti Yésus iku Gusti Kang Mahakuwasa kang bisa marasaké awaké saka budhugen, lan nyawané saka bebendune Allah. Wong iku masrahaké awaké sawutuhe marang kawigatenané Sang Juru selamet kang kebak sih rahmat.

Ing sajroné manah Panjenengané Gusti Yésus mirsani anané kaluwen babagan katresnan, kaslametan lan kawarasan. Panjenengané ora nundhung wong-wong dosa kang sowan marang Panjenengané ing sajroné pamratobat lan iman, awit Panjenengané rawuh ing sajroné jagat iki kanggo nyirnakaké pakaryané si pangawak dursila, lan mbangun Kraton Allah. Gusti Yésus ngrasakaké sih kawelasan marang manungsa. Panjenengané malah ndemok kulit kang rusak iku supaya wong budhugen iku bisa ngreti wadi kang banget gedhé: Putra Allah nresnani aku. Panjenengané marasaké lan nylametaké aku. Panjenengané waé mitra kang apik dhéwé kanggoku. Sebanjure Gusti Yésus ngandika kang ora ana bandhingané kang mratélakaké watonan saka karsané Allah: “Aku karsa, dadia kowé waras.”

Apa panjenengan ngreti ganepe karsané Allah ing sajroné tembung iku? Kang Maha Suci “ngersakake’ supaya Panjenengané lan kabéh manungsa diselametaké, diberkahi, lan kalimputan karo urip langgeng saka Panjenengané. Gusti Allah ngersakaké supaya kabéh manungsa diselametaké lan nampa pangerten bab kayekten.

Apa kekarepané panjenengan selaras karo keparenge Allah? Sang Kristus sumadiya nylametaké panjenengan kanthi sempurna nganti salawasé. Sowana marang Panjenengané, sujuda ing ngarsa Panjenengané, lan nyuwuna kasarasan lan kesalemetan kanthi ceta ing sajroné donga panjenengan.

Sang Kristus nyuceni panjenengan, Putra Allah ngapura panjenengan. Kang Maha murah iku nyucekaké pikiran panjenengaen. Kang Maha Suci ngalimputi panjenengan kanti katresnan Panjenengané kang suci. Pikiran panjenengan bakal dipadhangi, lan mripat panjenengan bakal sumunar kebak kabungahan, awit Sang Kristus dadi pepadhang ing sajroné urip panjenengan. Panjenengané waé sunaring kayekten kita lan panglipuran nalika kita ora duwé pengarep-arep.

Sang Kristus ora kersa ngutus wong kang lagi diwarasaké iku menyant tengah-tengah ramene wong akéh, nanging ngutus dhéwéké kanggo ngrasakaké katentreman ing ngarsané Allah kanthi mengkono dhéwéké bisa mikir, ngaturaké panuwun, ngluhuraké, lan mangreti lumantar kewarasané yén ing sajroné Sang Kristus Yésus karo kabéh sipat keallahané manunggal ing ragane.

Gusti Yésus uga ngutus wong iku nemoni para imam supaya wong iku bisa nuduhaké awaké ing ngarepané para pemimpin agama minangka wong kang wis diwarasaké, kanthi mengkono para pemimpin agama bisa ngreti tekané Kraton Allah ing sajroné uripe wong-wong iku. Wong budhugen iku dadi paseksén ing ngarepané para pemimpin agama Yahudi yén Putra Allah ana ing antarané wong-wong minangka Peladén, Kang marasaké, lan Juru selamet.

Nanging, awit kabungahan kang gedhé banget, wong kang lagi diwarasaké iku lali marang apa kang dadi pangandikané Gusti Yésus. Wong iku ora lunga ing papan kang sepi kanggo ndedonga, nanging wong iku banjur lunga lan nyaritakaké marang kabéh wong babagan apa kang kalakon ing awaké, lan wong akéh sebanjure sowan marang Gusti Yésus lan ngrubung Panjenengané kanthi pengarep-arep supaya Panjenengané marasaké wong-wong mau. Nanging Gusti Yésus ora mung kagungan karsa kanggo marasaké badan jasmani waé. Panjenengané kagungan karsa nuntun ati manungsa marang owah-owahan pikiran lan anggone kaanyaraké kang asipat langgeng, awit pancen kabéh manungsa lara ing sajroné atiné, lan dosa ngrusak gambar Allah ing sajroné awak kita. Gusti Yésus rawuh kanggo nylametaké saka budhugen dosa, lan mbalekaké gambar Allah ing sajroné praupan, ati lan kabéh urip kita.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, kawula manembah Paduka awit Paduka Maha kuwaos. Paduka marasaken tiyang kusta menika kanthi pangandikan Panguwaos Paduka, lan dinten menika Paduka karsa nyarasaken kawula saking dosa-dosa, gumunggung, lan penyakit kawula. Yasa ing salebetipun badan kawula rasa kangen kanggé pitados selaras kaliyan karsa lan katresnan Paduka kanthi makaten panguwaos Paduka saged dados kuwat ing salebetipun badan kawula, lan kawula saged nglampahi kasarasan ingkang sempurna uga kawilujengan kang sejatos saking sadaya cemer kawula. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa kang dadi kaganepané karsa Allah kanggo kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 12, 2025, at 09:06 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)