Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 015 (Christ Heals a Paralytic and Forgives His Sins)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 3 - Lelawanan Antarané Gusti Yésus Karo Para Pemimpin Bangsa Yahudi (Markus 2:1 - 3:6)

1. Gusti Yésus Marasaké Wong Lumpuh Lan ngapurani Dosa-Dosané (Markus 2:1-12)


MARKUS 2:1-12
1 Let sawatara dina, bareng Gusti Yésus wis rawuh maneh ana ing Kapernaum, pawartané énggal sumebar, yén Panjenengané ana ing dalem. 2 Mulané banjur akéh wong kang padha kumrubut mrono, nganti kekurangan papan, malah ing ngarep lawang iya wis ora ana panggonan. Gusti Yésus banjur medhar pangandika marang wong-wong mau. 3 Tumuli ana wong-wong kang nyowanaké wong lumpuh, digotong wong papat. 4 Nanging ora bisa tekan ing ngarsané, marga saka akéhe wong, mulané banjur mbukak payon ing sanginggile Gusti Yésus; sawuse mangkono kasur kang dituroni wong lumpuh mau nuli diudhunake. 5 Bareng Gusti Yésus nguningani pangandele wong-wong mau, banjur ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, dosamu wis kaapura!” 6 Nanging ing kono iya ana ahli Torét sawatara, iku padha nggagas: 7 “Yagene wong iku kok muni mangkono? Iku rak nyenyamah Gusti Allah. Sapa kang wenang ngapura dosa kajaba mung Gusti Allah piyambak?”8 Nanging Gusti Yésus sajroning panggalih mirsa marang gagasané wong-wong mau kang mangkono iku, banjur padha dipangandikani: “Kapriye dene kowé padha duwé gagasan mangkono sajroning atimu? 9 Endi kang luwih gampang, kandha karo wong lumpuhiku: Dosamu wis diapura, apa kandha: Tangia, paturunmu akanten lan lumakua. 10 Nanging supaya kowé padha mangreti, yén Putraning Manungsa ana ing donya iki duwé panguwasa ngapura dosa.”- banjur ngandika marang kang lumpuh: -11 “Aku kandha marang kowé, tangia, paturonmu angkaten lan muliha!” 12 Padha sanalika wong mau banjur tangi, paturone diangkat nuli lunga metu saka ing ngarepané wong-wong mau, temahan wong kabéh padha kaeraman lan banjur ngluhuraké Gusti Allah, pangucape:”kaya mangkene iki aku durung tau tumon.”

Ing ngendi waé panguwasa Allah katon kapratélakaké, manungsa bakal nekani kemrubut, awit wong-wong mau ngorong bab panguwasané Allah kang nyegeraké, kang menehi urip ing tengah-tengah pati. Gusti Yésus martakaké Injil ing sajroné Panguwasa Rama Panjenengané, lan akéh wong nekani Panjenengané lan ngrungokaké Panjenengané.

Wong kang wis nandhang lumpuh matahun-tahun, urip ing Kapernaum. Panjenengané ora bisa lumaku sowan Gusti Yersus. Keluwargané nyaritakaké gegayutan Gusti Yésus, pangandikan Panjenengané kang kebak kabecikan, lan panguwasa Panjenengané kang ngédab-édabi. Awit saka iku, wong kang lara iku pracaya marang panguwasa Sang Kristus lan kepengin ndeleng Panjenengané. Wong iku njaluk wong papat mitrané supaya nggawa dhéwéké sowan Gusti Yésus. Sesawangan kang ngédab-édabi banget, nyawang wong papat mitra nggawa mitrané kang mbutuhaké iku sowan marang Juru selamet! Apa tau panjenengan nggawa wong kang nandhang sangsara marang Sang Juru tulung ing sajroné donga panjenengan?

Nalika wong-wong mau ora bisa nyerak Gusti Yésus awit saka akéhe wong kang ana ing sakiwa tengene Panjenengané, wong papat mau gawé bolongan gedhé saka payon, lan wong-wong mau ngudhunaké wong lumpuh iku nganggo tali ing tengah-tengah kumpulan wong kang ngrubung Gusti Yésus. Gusti Yésus mangreti kenapa papat mitra iku nindakaké prekara iku, lan uga Gusti mirsani imane. Panjenengané kepareng gegayutan kekendelané mitra papat mau lan sebanjure ngandika marang wong lumpuh mau kanthi panguwasa Ilahi Panjenengané, “He, ngger, dosamu wis kaapura!”

Pangandikan iku kaprungu kaya suwara bledhek kanggo wong akéh kang ana ing kono, lan mlebu ing sajroné ati wong kang lara iku, kang duwé pengarep-arep nampa kawarasan saka penyakit ing ragané, nanging dhéwéké malah nampa pangapura. Bisa uga wong iku rumangsa yén dosa sabenere kang dadi jalaran utama saka kabéh lelara lan panandhang manungsa. Gusti Yésus nguwalaké wong iku saka cancangan kang nyancang umat manungsa, lan nyebut minangka putra Panjenengané, awit sing sapa pracaya marang Sang Kristus pancen dadi putra Allah. Apa panjenengan mangerti babagan pangapura Sang Kristus atas dosa-dosa panjenengan? Sowan marang Panjenengané. Panjenengané ora bakal pareng bebendhu, lan ora bakal nampik panjenengan nanging Panjenengané bakal banjur nylametaké panjenengan, manawa panjenengan sowan marang Panjenengané kanthi iman.

Nanging, para pemimpin agama kang fanatik ing antarané wong akéh iku banget kaget krungu Gusti Yésus nindakaké apa kang kudune mung dadi hak Gusti Allah waé – hak kanggo ngapura dosa. Wong-wong dadi nesu banget lan uga rasa wedi, lan duwé pikiran ing sajroné ati, “Yagene wong iku kok muni mangkono? Iku rak nyenyamah Gusti Allah. Sapa kang wenang ngapura dosa kajaba mung Gusti Allah piyambak?”

Sang Kristus, kang naliti ati lan wanuh apa kang ana ing sajroné urip manungsa, ngelikaké wong-wong awit kaluputané, lan nuduhaké marang wong-wong yén Panjenengan iku Allah, Kang nitahaké, Penebus, lan panglipur, kang duwé hak kanggo ngapura saben-saben. Panjenengané paring dhawuh wong lumpuh iku supaya ngadeg, ngangkat papan paturone lan mulih. Panjenengané ora nuntut supaya wong kang lara iku ngunjukaké donga utawa pamratobat sadurunge, nanging ngandikan marang wong iku kanthi kebak panguwasa, “Aku kandha marang kowé, tangia, paturonmu angkaten lan muliha!”

Panjenengané kang kandha karo nyebut “Aku” ing kene yaiku gusti piyambak, kang uga kandha, “Ya Aku iku Gusti ALLAHmu”. Aja ana allah liyané ing ngarsané Aku.” Panjenengané ngandika tembung iku makaping-kaping nalika Panjenengané urip minangka manungsa ing bumi iki, “Aku Pepadhang Jagat”. “Aku Roti Urip”. “Aku iki dalan, Kayekten lan Urip”. “Ora ana wing siji kang sowan marang Sang Rama manawa ora lumantar Aku.” Lan nalika Panjenengané dicepeng lan ditakoni asma Panjenengané, Panjenengané paring wangsulan. “Ya Aku Panjenengané” kanthi mangkono kabéh wong bisa ngreti yén Gusti Allah piyambak rawuh ing antarané wong-wong ing sajroné badan.

Sing sapa nresnani Gusti Yésus, ngreti hakikat Panjenengané. Nanging sing sapa nresnani awaké dhéwé lan cekalan kenceng marang paugeran torat uga gumantung marnag kekuwatan dhéwé, bakal tetap wuta ing sajroné atine. Sebanjure, wong iku bakal sengat pribadi kang rawuh saka suwarga kanggo kita lan nampik katresnan saka Kang Maha Kuwasa.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, kawula manembah Paduka awit Paduka menika Gusti Allah ingkang sejatos saking Allah ingkang sejatos. Paduka paring pangapunten atas sadaya dosa kawula, lan nguwalaké kawula saking bandan. Kawula bingah ing salebetipun Paduka awit Paduka menika Juru wilujeng ingkang sampun nguwalaké kawula saking sadaya prekawis, lan kawula nyuwun supados Paduka nylametaken para mitra kang kawula dongakaken wonten ing ngarsa Paduka. Dhun Gusti, Paduka tedahaken sih rahmat Paduka dhumateng kawula lan dhumateng sadaya tiyang ingkang nyuwun pangapunten dinten menika. Amin.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé Gusti Yésus nuduhaké panguwasa Panjenengané kanggo ngapura dosa?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 12, 2025, at 02:42 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)