Previous Lesson -- Next Lesson
a) Apa Makna saka tembung “Injil” iku?
MARKUS 1:1
1 Iki wiwitané Injile Gusti Yésus Kristus Putraning Allah
Para rasul ngrasakaké bebarengan karo pribadi Sang Kristus, nampa panyucen saka dosa-dosané, lan dikuwataken karo panguwasa Sang Roh Suci, kang madhangi pikirane. Para rasul urip ing sajroné prejanjian kang anyar saka Gusti Allah, lan nemokaké makna kang anyar ing sajroné basané kanthi mengkono Para rasul bisa mratélakaké kabungahan lan atur panuwuné, uga mratélakaké pengalamané marang wong-wong liya.
a) Apa Makna saka tembung “Injil” iku?
Tembung “Injil” wis dienggo mangabad-abad sadurunge Sang Kristus. Tembung iku wiwitané dienggo déning keluwarga Kaisar duwé makna pawarta becik lan kabar becik.
Tembung iki Rum kanggo menehi ngerti secara resmi, nalika ana bayi kang dilairkan sang Nata Agung, utawa nalika Sang Nata Agung menang ing peperangan lumawan mangsuh, mula pawarta becik bakal disebar ing saindhenge laladan negara kanthi nggunakaké papan pengumuman lan kairingan suwara trompret kanthi mangkono kabéh wong bisa ngreti lan ngrayakaké lelakon kang banget penting iku.
Makna saka tembung Injil ora ana sambung rapete karo filsafat kang kudu diteliti, utawa sawijining pranatan supaya ditaati; nanging sawijining pengumuman resmi kang nuduhaké marang sawijining lelakon kang bener-bener dumadi, lan kasunyatan yén prekara iku bener-bener dumadi ora kapengaruh déning wong kang nampik utawa wong-wong kang nampani.
Sang Kristus lan para Rasul nggunakaké tembung iku, kang cocok kanggo Sang Nata Agung. Sang Kristus lan para rasul ngisi tembung iku kanthi makna lan panguwasa anyar, awit Gusti Allah wis nindakaké kaélokan lan maringaké marang manungsa pawarta becik kang ora ana bandhingané, ngutus Kang Dijebati Panjenengané menyang donya, kanthi dadi manungsa. Gusti Yésus nampani kamenangan ing sajroné peperangan kang banget nemtokaké lumawan para satru Allah (Dosa, pati, Iblis), lan neguhaké kraton kasukman katresnanE. Awit saka iku, Panjenengané ngandika marang wong-wong kang mirengaké, “Iki wis tekan ing titimangsane; Kratoning Alla wus cedhak. Padha mratobata, lan pracayaa marang Injil” (Markus 1:15).
Allah ora ngandhapaké buku anyar ngampingi Kitab Suci, kang wis ana ing sajroné jagat sadurunge Sang Kristus, nanging Panjenengané ngersakaké supaya Putra Ontang-Anting Panjenengané dadi manungsa, dikaya kang diseksekaké déning Yokanan “Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane.....”. Awit saka iku, Injil ora luwih dhisik nuduhaké marang sawijining Kitab, nanging nuduhaké marang pribadi Sang Kristus kanthi gesang lan pungkasan saka Gesang Panjenengané iku. Kabéh kang kita waca ing sajroné Injil asale saka Gusti Yésus piyambak. Wong saka Nazaret iku ora mung ngandika gegayutan pangandikané Allah, nanging Panjenengané piyambak iku sabda Allah. Sang Kristus iku Injil kita.
Akéh seksi menehi pelaporan anggone ketemu karo Sang Kristus, lan kabéh pelaporan iku kalebu ing sajroné golongan pawarta becik, utawa Injil kang suci. Sabenere ora mung ana papat Injil, nanging akéh Injil, awit saben paseksén babakan panguripan lan pangandikan Sang Kristus iku pawarta becik utawa Injil. Nanging saka antarané kabéh bukti paseksén babagan sugenge Gusti Yésus iku, para Bapa iman gawé putusan milih papat Injil. Lan papat Injil iku, Injil Mateus, Injil Markus, Injil Lukas lan Injil Yokanan. Kabéh Injil iku nyesekaké kanthi siji swara, babagan keagungan saka Putra Maryam iku.
Ing pérangan liyané, Paulus Sang Rasul uga kulina nyebut layang-layange, kang ditulis sadurunge ditulise papat Injil iku minangka Injil uga, dikaya kang ditulis marang pasamuwan ing Rum. “Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatané Gusti Allah kang ndadekaké rahayu angger wong kang pracaya”. Paulus nganggep layange gegayutan Sang Kristus luwih penting ketimbang karo tulisan Sang Nata Agung, awit Sang Kristus ora terus ana ing sajroné kubur kaya para panguwasa ing jagat iki, nanging pancen wis wungu.
Sang Kristus kang gesang iku ora adoh saka kita. Panjenengané ana bebarengan karo kita lumantar pangandikan Injil Panjenengané, kang ngandhut kabéh panguwasané Allah. Injil iki luwih kaya sawijining dinamit kasukman, kang bisa ngrubah jagat.
Injil yaiku papan saka ngendi Gusti Allah ngandika marang kita. Gusti Yésus secara pribadi rawuh ing sajroné kitab iki kinanthenan kabéh panguwasa keselametan Panjenengané. Sing sapa mbuka Injil, ndedonga lan pracaya marang Sang Kristus kang gesang, bakal diselametaké nganti selawas-lasawe, awit pangandikan Injil nggayutaké wong-wong pracaya secara pribadi karo Sang Kristus. Sebanjure panguwasa Injil bakal ambanyu mili marang panguripané wong-wong pracaya lan ngrubah wong-wong mau selaras karo gambaran Sang Kristus kang kebak rahmat lan alus bebudén, lan wong-wong mau dhéwé uga dadi seksi babagan panguwasa Sang Kristus, mratelaké Injil ing sajroné panguripané dhéwé. Kajaba papat Injil iki, kita ngakoni uga Injil Paulus kang uga dadi jejeré Rasul marang wong-wong dudu Yahudi, lumantar layang-layange kang kebak panguwasa, lan Injil babagan gesang Sang Kristus kang andhap asor. Apa panjenengan dhéwé wis dadi seksi Injil kang gesang? Roh apa kang ngomong lumantar panguripan panjenengan?
PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang Suci, kawula manembah Paduka awit Paduka sampun ngutus Sang Kristus ing salebetipun jagat kanthi makaten kawula saged mangertos hakikat kawontenan Paduka ing salebetipun gesang Panjenenganipun. Lan mirengaké karsa Paduka ing salebeting pangandikan Panjenenganipun. Matur nuwun awit Paduka mboten ngutus Panjenenganipun ngasta paugeran ingkang murugaken pejah, nanging dados Juru wilujeng lan Ingkang Paring gesang. Paduka bikak pikiran kawula kanthi makaten janji Paduka saged dipun pratélakaken lumantar badan kawula, lan panguwaos Paduka ngasilaken woh-woh ing salebetipun gesang kawula. Amin.
PITAKONAN:
- Apa ta makna tembung “Injil”?