PAMBUKA
Sang Kristus nuntun sawetara para sakabat kang cedhak karo Panjenengané supaya nulis apa kang dingandikaaké, apa kang ditindakaké, lan uga gegayutan lelakon-lelakon ing sajroné urip, pati, wungu lan anggone mingkrat. Para sakabat iku antarané yaiku Matius, kang dadi seksi yaiku weruh kanthi mripate dhéwé, lan ahli basa Yokanan, murid kang banget disihi kang asale saka turun golongan imam; Lukas, dhokter Yunani kang ngancani Rasul Paulus, lan Markus, nom-noman kang nulis kotbah-kotbah Petrus, rasul kang misuwur dhéwé ing antarané para sakabat.
Sapa ta Markus iku?
Kita sarujuk karo panemu Geréja kang kanthi golong gilik ngandhakaké kang nulis Injil kang kapindho iki yaiku Yohanes Markus, kang nalika semana ngancani Barnabas bapa pamané, lan Rasul Paulus Sang Rasul, ing sajroné pelayanan misine kang kawitan (dikaya kang ditulis ing sajroné Lelakone Para rasul 12:12-25; 13:5-13; 15:37-39). Nanging, Yohanes Markus ora tahan ngadhepi kangélan jasmani lan perjuangan kasukman ing sajroné pelayanan martakaké Injil iku, awit nalika iku dhéwéké isih enom, kanthi mangkono dhéwéké mandheg saka anggone dadi teame Paulus iku, ninggalaké rasul loro, lan bali menyang desa asale. Lungané Markus iki agawé Paulus ora seneng.
Nanging, kanthi panaliti kang resik, lan kanthi kawicaksanané, Barnabas weruh ing sajroné pribadi Markus, keponakané iki, bakal dadi wong kang migunani ing mbesuke. Barnabas nyurung Paulus supaya nggawa Markus maneh ing sajroné lungané martakaké Injil kang kaping pindho, nanging Paulus ora gelem nggawa wong enom kang isih gampang dhoyong atine lan gampang ceklek semangate iku. Prekara iku nuwuhaké cecongkrahan ing antarané loro pemimpin missionaris (utusan) iki. Nanging sawetara tahun sebanjure, kita ngreti yén Markus sepisan maneh ana ing Rum bebarengan karo Paulus lan kanca-kanca nyambut gawéné, lan dadi “panglipuran” kanggo Paulus salawasé dhéwéké ana ing pakunjaran (Kolose 4:10; Filemon 24; 2 Timotius 4:11)
Ana uga panemu kang kandha yén markus iku wong enom kang ndhérék Gusti Yésus saka kadohan, kang mung kemul lawon kanggo nutupi awake; lan nalika para prajurit nyepeng Gusti Yésus, Markus mlayu wudoh, awit para prajurit iku nyekeli lawone (Markus 14:51). Markus nyekseni kasunyatan iki ing sajroné Injile yén dhéwéké dadi wudoh nalika Sang Kristus disalib lan ora pantes kanggo nulisaké Injil. Ananging, Sang Kristus nuduhaké sih rahmat marang dhéwéké lan mitaya dhéwéké supaya nulis sarasilah kang saipat keallahan iki.
Kepiyé Injil manut Markus iki katata?
Eusebius, panggedhé sejarah geréja kandha yén Markus melu Petrus sawise patine Paulus, lan ngancani Petrus minangka jejeré peladén kang setya. Markus nulisaké kanthi pas tembung-tembung lan kotbah saka Rasul kang wis tuwa iku, babagan panguripané Sang Kristus. Dhéwéké ora nyathet kabéh iku ing sajroné urutan sejarah, nanging niru gaya Petrus kang nggunakaké pokok-pokok piwulangané kanggo ngujudi kabutuhan kang ngrungokaké kotbahe, ora kaya nata cathetan kang tumata gegayutan piwulange Gusti, nanging malah nggambaraké sugenge Sang Kristus kanthi cara gampang ditampa kanthi mangkono bisa dingreteni kanthi cetha kaya-kaya Gusti pancen kanthi mripate dideleng ing ngarepane. Lan pancen, sumber saka tulisan iki dikaya kang ditulisaké ing sajroné Injil iki, ora saka Markus, nanging saka Petrus, rasul kang misuwur ing antarané para rasul liyane.
Injil Markus nggambaraké pribadi Gusti Yésus luwih saka apa kang ditindakaké tinimbang apa kang dingandikaake. Markus kanthi cetha nyathet kang ditindakaké Gusti Yésus luwih saka pangandikané, kang kanthi cetha bisa kita waca ing sajroné Injil-injil liyane. Sinadyan mengkono, pakaryan Sang Kritus ditulisaké in kene kanthi ringkes lan kebak Panguwasa. Cathetan gegayutan anggone nyelaki Petrus marang Sang Kristus ditulisaké liyané, kang ngatonaké sih rahmat keselametan saka Sang Kristus kang wis amberkahi kanthi jangkep. Rasa getir lan gagale Petrus luwih dicethakaké ing sajroné Injil iki ketimbang karo Injil-Injil Petrus sinadyan Petrus wis nyelaki Panjenengané nganti kaping telu.
Kanggo sapa Injil iki ditulis?
Markus sinau saka anggone melu Barnabas, Paulus, lan Petrus yén Gusti Yésus saka Nazaret iku Sang Mesih kang mimpang, kuwat lan kagungan Panguwasa. Markus nggambaraké Gusti Yésus marang wong-wong Rum minangka Putra ontang-anting Allah, awit wong-wong Rum dan Yunani ora nemokaké ing sajroné ilah-ilahe, kang akéh ing kuil-kuil papan manembahe, anané pengarep-arep kang sejati gegayutan karo panguripan lan pati. Awit saka iku Markus mratélakaké kanthi cetha marang wong-wong mau babagan Putra ontang-anting Allah, pengarep-arep kanggo jagat iki.
Mengkono uga, dhéwéké mbeberaké marang wong-wong dudu Yahudi iku gegayutan sawetara pakulinan Yahudi supaya wong-wong mau bisa ngreti uga asal usule Gusti Yésus. Dhéwéké ora pati ngunderaké kawigatene nyethakaké babagan anggone Gusti Yésus lelawanan karo wong-wong Farisi, nanging njarwakaké sawetara tembung Aram lan Ibrani kang mawa teges luwih saka siji, uga sawetara pratéla Latin kang cukup misuwur, ing sajroné bahasa Yunani. Iki nuduhaké yén Injil markus ora ditulis kanggo wong-wong Ibrani, nanging kanggo wong-wong dudu Yahudi, mligine wong-wong Rum, tujuané nuntun wong-wong iku marang iman kang gesang ing sajroné Sang Kristus, Raja atas kabéh Raja, Gusti atas kabéh Gusti, lan kang mbangun ilahi saka sawijining kraton kasukman ing sajroné jagat kang cemer iki.
Kapan ta Injil Markus iku ditulis?
St., Irenaeus nulis nalika Petrus maca Injil iki, dhéwéké nyarujuki isine sadurunge Petrus tilar donya. Iki nuduhaké yén Injil iki ditulis sadurunge tahun 64 M, awit panganiaya kang ngédab-édabi saka Nata Agung Nero dumadi ing tahun iku, kang mawa akibat marang patine Petrus.
Kita sinau saka Injil kang ringkes dhéwé iki yén panguwasa Allah makarya ing sajroné Gusti Yésus Kristus. Kita ndeleng prekara iki, karo anggegilut babagan panguripan Panjenengané, yén Panjenengané kang wungu saka séda, ana ing antarané kita malah nganti dina iki, neguhaké kraton katresna-Ne ing antarané kabéh bangsa. Sebanjure, Putra Allah nimbali kita supaya kita kumandel, awit ing sajroné kraton-Ne ora ana rerusuh utawa dosa, nanging ing kana panguwasa Sang Roh Suci makarya, selaras karo pranatan sih rahmat Panjenengané kang alandhesan marang kamimpangan langgeng Panjenengané.
Aja maca Injil Markus iku kesusu-susu utawa mung angger maca, nanging sinau saben tembung ing sajroné tulisan iku, lan cekelan marang kayektené, kanthi mengkono panjenengan bisa dikuwataké ing sajroné panguripan kasukman panjenengan.
Katrangan Ngenani Injil Markus
- Anggone cecawis kanggo rawuhe Sang Kristus. MARKUS 1:1-13
- Wiwitané Pelayanan Sang Kristus ing Galilea, MARKUS 1:14-45
- Lelawanan antarané Gusti Yésus karo para pemimpin agama Yahudi, MARKUS 2:1-3:6
- Tandha-tandha kaélokan lan mujizat Sang Kristus di Galilea lan sakiwa tengené, MARKUS 3:7-8:26
- Sang Kristus nyawisaké para muridé Panjenengané gegayutan panandang lan anggone séda, MARKUS 8:27-10:45
- Gusti Yésus mlebu ing Yérusalem lan pakaryan-pakaryan pungkasan saka Panjenengané, MARKUS 10:46-52
- Katresnan lan sédané Gusti Yésus, MARKUS 14 dan 15
- Wungune Gusti Yésus, MARKUS 16
PITAKONAN:
- Sapa ta Markus, lan sapa ta kanca-kanca nyambut gawéne?
- Saka ngendi sumber utama saka Injil Markus?
- Kanggo sapa ta Markus nulis Injil iki, lan kapan?