Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 087 (Jesus Calms the Storm)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

5. Gusti Yésus nyirep Prahara lan Ombak (Matéus 8:23-27)


MATÉUS 8:23-27
23 Gusti Yésus banjur minggah ing prau, para sakabate padaha ndhérék. 24 Dumadakan ana prahara ing sasgara kono, prauné nganti ketungkeban ing ombak, nanging Gusti Yésus sare. 25 Para saskabate tumuli padha sowan ngwungu, unjuke: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung, kawula sami kaatiwasan.” 26 Pangandikané Gusti: “Yagené kowé padha wedi, heh, wong kang cupet ing pangandel?” Gusti Yésus banjur jumeneng lan ndukani angin sasrta sagara, tumuli sirep. 27 Wong-wong padha gumun, pangucape: “Iki wong apa ta, dené dalasan angin lan sagara kok iya padha ngestokaké dhawuhé!”
(Markus 4:35-41; Lukas 8:22-25; Para Rasul 27:22-34)

Sang Kristus bisa waé nyegah prahara iki lan nyawisaké dalan kang kudu dilewati kang gampang kanggo para murid Panjenengané nanging prekara iku ora bisa dadi kaluhuran Panjenengané lan kanggo nguwataké kapiyandelané para murid. Wong bakal mikir yén awit Sang Kristus bebarengan karo para murid, mula anggoné mlaku bakal tansah nyenengake. Kosok baliné Sang Kristus nuduhaké marang kita yén nyabrang segara panguripan iki ing pérangan liyané senajana bebarengan karo Panjenengané tetap ana prahara gedhé kang uga kudu diadhepi ing sajorné lakuning urip.

Sang Kristus ora tansah maringi marang para murid rasa ayem lan kasenengan kanthi cara jasmani. Nanging Panjenengané nylametaké para murid ing tengahing prahara lan kangelan, awit Iblis mbudidaya kanthi nggunakaké maneka cara ngilangi pangayoman saka Sang Kristus lan ngagetaké para pandhérék Sang Kristus kanthi kajuligan, apus-apus lan panjiret. Gereja Kristen tamtu bakal ngrasakaké, nalika isih ing donya iki, gangguan lan cecongkrahan.

Sang Kristus saré ana ing perahu iku kanthi tenang senajana bebaya wis nekani. Panjenengané saré kanggo nuduhaké yén Panjenengan gesang minangka jejeré manungsa kaya kita nanging Panjenengané ora dosa. Pakaryan Panjenengané kang akéh agawé Panjenengané sayah lan ngantuk, nanging awit Panjenengané ora duwé kaluputan, Panjenengané ora kagungan rasa wedi kang nggorehaké batin Panjenengané. Sing sapa mlaku karo Sang Kristus ing sajroné perahu gereja, nyabrangi segara panguripan, bakal rumangsa ayem sinadya bebaya ngancem, awit Sang Juru selamet kang setyo lan kuwat nganthi wong iku. Panjenengan mlebu ing sajroné perahu Sang Kristus lan aja wedi, awit Panjenengané iku juru mudi kang apik dhéwé. Manawa panjenengan masrahaké kemudi panguripan panjenengan marang Panjenengané Panjenengané tamtu bakal nuntun panjenengan marang pelabuhan ayem ing ngendi ana katetreman langgeng.

Patunggalan panjenengan karo Sang Kristus ora agawé panjenengan uwal saka prahara kang dadakan lan mbebayani, kang bisa uga ngancem panjenengan malah nganti kasilep. Pengalaman kang mengkono lumrah waé. Kita kudu sinau saka pengalaman iku yén Gereja ora dijaga déning manungsa lan ora ana kang bisa ngayomi Gereja kajaba Gusti lan Kang duwé Gereja, yaiku Gusti Yésus Kristus.

Juru amek iwak kang duwé pengalaman iku nerusaké pegawéané ing tengah prahara, nawu banyu kang mlebu prauné nanging nalika segara kang ombak mawalikan wisi nempuh, kanthi ombak kang ngedap-edapi, para murid dadi wedi gedhé lan mawalian, dadi bingung uga wiwit bengok-bengok. Perahuné kebak banyu lan meh nyilem. Para murid kelangan kesabarané mungokaké Gusti Yésus kang lagi saé lan nggoyok-nggoyok karo mbengok, “Dhuh Gusti, Paduka wilujenganku kawila! Menapa Paduka mboten mirsani bilih kita wonten ing salebetipun prekawis? Kados pudi Paduka saget saré ing wekdal kita meh kacilakan makaten?”

Sang Kristus wungu saka anggoné Saré, ing tengah bebaya kang bisa murugaké dadi patiné. Gusti Yésus ora banjur nylametaké para murid iku, nanging ngelikaké para murid, awit bebaya iku ora disebabaké déning praha kang ngedap-edapi, nangin awit imané kang cilik ing mangsa pancoban. Sang Kristus nuntut saka para pandhérék Panjenengané saka Sang Rama kasuwargané ing saben-saben iang sajroné pangiripané awit wedi ora selaras karo katresnan Gusti Allah.

Sang Kristus sebanjuré ndukani prahara kang nempuh tlaga iku. Nalika Panjenengané dhawuh kanthi pangandikan Panjenengané prahara iku banjur sirep, lan tlaga banjur tenang ngedap-edapi. Rasa wedi ngalimputi para murid nalika ndeleng mujijat iki, awit para murid ndeleng bukti yén gusti Yésus uga Gusti atas jagat raya iki. Ana ngendi waé Sang Kristus paring dhawuh mula tentrem rahayu kasuwargan bakal nekani ing sajroné ati. Kapan panjenengan arep manembah Gusti Yésus, pracaya marang panguwasa Panjenengan tas jagat raya, bangsa lan prekara? Pasrahna badan panjenengan marang Panjenengané lan panjenengan bakal urip ing sajroné tentrem rahayu ing tengah bebaya, kaayoman saska jurangé pati.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus Kristus. Paduka kemawon ingkang Maha Kuwaos. Paduka paringi apunten atas kapiyandelan kula ingkang alit ing mangsa mbebayani menika. Paduka paringi kekiyatan Katresnan kawula dhumateng Paduka kanthi makaten kawula saget sawetahipun pitados dhumateng Paduka. Mangga Paduka manunggal wongen ing gesang kawula kanthi makaten kawula mboten kecalan pengajeng-ajeng ing mangsa kasisahan. Paduka bika mripat kawula kanthi makaten kawula saget ningali Paduka lan mangertis kamimpangan Paduka atas sadaya panguwaso, jagat raya lan kangelan, lan bilih Paduka tansah nresnan umat Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti Yésus ndukani para murid ing tengahing bebaya iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 10:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)