Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 069 (The Lord’s Prayer)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
2. Tanggung Jawab Kita Tumrap Gusti Allah (Matéus 6:1-18)

c) Pandongané Gusti Yésus (Matéus 6:9-13)


MATÉUS 6:13
13.... Awit dené Paduka ingkang kagungan Kratos saha wisesa tuwin kamulyan salam-laminipun. Amin.
(1 Babat 29:11-13)

Diluhurkené Sang Rama ing pungkasan pandongané Gusti yaiku tanggapan, atur panuwun lan anggoné manembah saka Gereja.

Wong-wong Kristen ngakoni yén Sang Rama kasuwargané iku kang kagungan jagat iki, awit Panjenengané kang nitahaké jagat. Panjenengané gesang lan nyekel pemrintahan wiwit kalanggengan nganti salawase. Kayektén Panjenengané manunggal ing saben manungsa, senajana manungsa ora ngakoni hak Panjenengané.

Kapitalisme lan sosialisme dadi panguwasa kang nyasarake. Kasugihan, mineral lan kesarasan dudu duwéké pribadi utawa duwéké manungsa. Kabéh iku kagungané Rama kasuwargan kita. Ya iku sebabé kita ora manembah marang dewa mamon, nanging ngaturaké dhuwit lan wektu kita marang Rama Kasuwargan kita. Kita aja nganti sumendhé bandha kadonyan, nanging sumendhé marang Panjenengané kang langgeng. Mung panjenengané kang ora bisa rusak.

Rama kasuwargan kita kuwat tanpa wates. Dikaya srengengé nyunaraké cahyané awan lan bengi, ing awang-awang, tanpa ngurangi kekuwatan nuklir ing njeroné mengkono Panjenengané sumunar ing sajroné katresnan Panjenengané marang kabéh manungsa supaya madhangi manungsa, nylametaké manungsa lan ngayomi manungsa, malah marang manungsa kang nampik uga. Panguwasané Gusti Allah ana ora kanalar déning kita. Kita asring ngrasakaké kekuwatan manawa ana lindhu utawa bledhek nyander. Kabéh bom hidrogen diklumpukaké dadi siji tetap ora ana apa-apané tinimbang karo panguwasa kang ngedap-edapi saka kang Maha Kuwasa iku. Apa panjenengan pracaya marang pakaryan, kawicaksanan, rawuhé Panjenengané ana ing sajroné panjenengan, lan karsané Panjenengané kanggo nylametaké panjenengan? Gusti Allah kang Maha agung iku yaiku Sang Rama panjenengan, dadi pira lawasé panjenengan tetap nyepelekaké pikurmatan lan katresnan Panjenengane?

Rama kita ing suwarga banget déning mulya. Ora ana wonng siji waé kang bisa ndeleng Panjenengané awit kita ora langgeng. Kabéh manungsa lumrah ora bakal bisa mlebu ing sakjroné Kratoné Allah. Panjenengan perlu dilahiraké manéh, kelahiran kasukman lan patangen bebarengan Sang Kristus. Tanpa dilairaké manéh saka pangandikané Gusti Allah lan panguwassan Sang Roh Suci, kitaora bakal bisa tahan ngadhepi kamulyaning Allah.. Nanging wong kang wis dilahiraké manéh saka Roh Sang Rama kasuwargan bakal dadi luhur kaya srengenge. Iki dudu asale saka awak kita dhéwé, nanging saka anggon kita cerak karo Sang Rama kita kang mulya. Sebanjuré wong iku ngerti yang sari pati saka kaluhuran iku katresnan kang suci kang duwé kekarepan ngrubah kita memper karo Sang Rama kanthi mengkono kita bisa dadi luhur kaya dené Panjenengané luhur. Tujuwan saka keselametan kita ora kanggo dadi mulya nanging owah-owahan kita dadi sumber saka kamulyan yaiku katresnan

Sang Kristus mulangaké marang kita yén Gusti Allah iku katresnan ing sajroné wujud sah minangka jejeré Rama. Panjenengan mitayakaké kita kanthi donga kang banget misuwur, iki sawijining badha kang aji banget. Donga iki, sabeneré, “Donga Rama” awit donga iki apunjer marang pribadi Sang Rama kanggo ngluhuraké Panjenengané lan nyucékaké asma Panjenengané kang ora ana bandhingané. Tujuwan saka pratéla Gusti Yésus yaiku supaya kita wanuh Sang Rama, dadi para putra Panjenengané ngurmati Panjenengané karo kapitayan kita lan kangen ndeleng Panjenengané ing sajroné tekané Kraton Panjenengané ing jagat iki.

PANDONGA: Dhuh Rama ing kasuwarga! Paduka sucékaké asma Paduka. Kraton Paduka mugi Rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wongn ing bumi kadosdené wonten ing swarga. Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdené kawula inggih ngapunteni tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa dené kawula mugi sampun ngantos katandukaké dhaten ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaké saking piwaon. Awit dené Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salam-laminipun. Amin.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané panjenengan ngluhuraké Gusti Allah Rama panjenengan?

Ringkesan Saka Pandongané Gusti

Menawa panjenengan sinau kanthi setyo ing sajroné donga kang penting dhéwé ing kitab suci, anggegilut tembung-tembung kang aji lan ndedonga saka telenging ati panjenengané panjenegnan bakal cerak Sang Rama kang nggatekaké panjenengan lan ora bakal tau ninggalaké panjenengan. Apa kang sasuwéné iki panjenengan ngreteni uga panjenengan teliti saka model donga ilahi iki? Apa Gusti Allah kang Maha Kuwasa wis dadi Rama kasuwargan ing sajroné panguripan lan pangertén panjenengan? Apa panjenengan wawan pangandikan karo Panjenengané langsung? Apa panjenengan wis dadi salah siji putra Panjenengané kang kinasih? Utawa apa panjenengan isih adoh saka Panjenengane? Apa panjenengan ngaturaké panuwun marang Panjenengané awit nampa panjenengan ing sajroné kalungguhan Panjenengané minangka jejeré Rama kanthi iman kang setya lan kaprecayan kang pantes?

Sang Kristus ora mung mratélakaké marang kita yén Gusti Allah kang Maha Agung iku jumeneng Kang nitahaken jagat raya kang agung, kang maha kuwasa lan Hakim kang langgeng. Panjenengané ora luwih dhisik mulangaké marang kita kanggo ndedonga marang gusti atas prejanjian, utawa marang gusti kang Maha Mulyo. Panjenengané nuntun kita marang Sang Ramané Piymbak, ngedum marang kita hak pribadi lan agawé kita nyukupi persyaratan dadi warga ing sajroné keluwarga Panjenengané kang langgeng. Lumantar karukunan saka Gusti Yésus Kristus kita nampani hak kang luwih-luwih kanggo nyebut gusti Allah dadi jejeré Rama, awit Sang Kristus ngrukunaké kita karo Panjenengané. Panjenengané paring dhawuh kita supaya kita nyucékaké asma Panjenengané minangka punjering saka pikiran lan pengarep-arep kita kanthi mengkono Panjenengan bisa dadi hakikat saka panguripan lan pengarep-arep kita.

Sebanjuré, Sang Roh Suci nguwuh ing sajroning kita, “Abba, Rama”! Roh Suci piyambak maringaké paseksen bebarengan karo roh kita yén kita iku putra-putra Allah (Roma 8:15b-16). Awit Sang Rama kasuwargan wis ngangkat kita dadi hasil saka karukunan lumantar putra Pnjenengané Panjenengan agawé kita kalahiraké manéh srana Sang Roh suci Panjenengané kanthi mangkono Panjenengané manunggal ing sajroné kita. Panjenengané andadekaké kita pantes nampani Panjenengané minangka jejeré Rama lan nugasaké kita ing sajroné leladi ing sajroné Kraton Panjenengané lan nyucékaké kita srana katresnan Panjenengané kang langgeng. Kita, kang ora pantes, kang dipilih Panjenengané ing sajroné Sang Kristus sadurungé landhesan bumi dipapanaké, ndeleng menyang ngarep nalika kita ndeleng Panjenengané lan manunggal ing Panjenengané salawase. Panjenengané nresnani lan ngersakaké kabéh manungsa dadi kagungané. Apa panjenengan uga nresnani Panjenengané ngaturaken panuwun marang Panjenengané lan ngluhuraké Panjenengane? Sing sapa nemokaké kaya ngapa jeroné dongané gusti mula bakal mangerti sari patiné Injil sakabéhe. Kita ora pracaya marang Gusti Allah kang ora kamangerti, adoh lan medeni, nanging marang Sang Rama kang nyaketaké sarira-Né marang kita ing sajroné Prejanjian kang anyar nganti selawase.

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 01:22 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)