Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)
5. Taat marang pamréntah (Rum 13:1-6)RUM 13:1-6 Kathah tiyang ingkang nandang sangsara awit cecongkrahaning partai-partai politik ingkang benten, awit gorohing para pejabat, karana pamarentah ingkang boten adil, lan karana worsuhing kawontenan. Boten wonten pamarentah ingkang sampurna wonten ing alam donya punika, karana boten wonten manusa ingkang boten dosa ing donya punika. Pramila, sabara dhumateng pamarentah ingkang wonten, kados dene Allah sampun sabar dhumateng panjenengan lan kulawarga panjenengan. Rasul Paulus ningali bilih boten wonten pamarentah ingkang lestantun ngereh bangsanipun menawi boten dipun tetepaken lan dipun sagedaken dening Allah. Pramila, pamarentah kedah tanggel jawab dhumateng Hakim ingkang langgeng. Menawi panjenengan lumebet saya lebet dhumateng pitembunganipun Paulus, panjenengan bade pikantuk sawatawis katrangan ingkang boten umum: a) Sadaya pamarentah ditetepaken dening Allah, awit boten wonten menapaa kemawon ingkang dumados menawi tanpa karsanipun Allah.
b) Sinten ingkang boten mbangunturut dhumateng pamarentah ateges ugi boten mbangunturut dhumateng Allah.
c) Sinten ingkang mbalela dhumateng pamarentah bade nampi paukuman.
d) Gusti nimbali para menteri lan presiden supados para tiyang ingkang damel piawon lan ruhara sami ajrih, lan supados njejegaken kaadilan kanthi wicaksana.
e) Tiyang ingkang nindakaken kabecikan boten prelu ajrih. Allah nimbali pamarentah supados ngiyataken tiyang utama supados ajeg nindakaken pakaryan kasaenan.
Rasul Paulus nyebat pamarentah minangka “abdinipun Allah” ngantos kaping kalih. Pramila, menawi pamarentah ngantepi wewaton kayekten lan kaadilan, Allah bade mberkahi pamarentah lan bangsanipun. Nanging pamarentah malik kayekten, nampi besel, Allah bade midana. Para pegawai pamarentah punika ugi para abdinipun Allah, ugi ngalami pangreksanipun Allah, utawi paukumanipun. Gusti Yesus sampun nerangaken bab punika gegayutan kaliyan kuwajibanipun manusa tumrap jejibahan lan pajeg. Panjenenganipun ngendika, “Aturna marang Kaisar apa ingkang dadi kagungane Kaisar, lan marang Allah apa ingkang dadi kagungane Allah” (Mat. 22:21). Kanthi katrangan punika, Sang Kristus netepaken manusa tanggel jawab nindakaken jejibahanipun kanthi setya; nanging Allah ugi matesi wewenangipun pamarentah. Pramila, menawi wonten pangwasa ingkang nglawan Allah lan sadaya prentahipun, utawi mrentahaken wontenipun pangabekti dhumateng brahala -sanes dhumateng Allah ingkang yektos- manusa kedah nglawan pangwaos ingkang mekaten, awit kasebataken “Awake dewe kudu luwih mbangunturut marang Allah tinimbang marang manusa” (Pr. Ras. 5:29), nadyan tumindak ingkang adedasar iman punika saged njalari kita katundung, kaaniaya lan malah dipun pejahi. Siti ing tlatah Mediterania dipun ileni rahing para martir, ingkang tansah ndongakaken pamarentahipun, nnging sami nglawan titahipun pamarentah ingkang nglawan Roh Suci. Kitab Suci dawuh dhumateng kita bilih ing pungkasaning jaman antikristus bade dhumateng minangka pangwasa tumrap para bangsa ing donya, lan mrentah donya supados nyembah bekti dhumateng pyambakipun, sanes dhumateng Rama, Putra lan Roh Suci. Ugi kadawuhaken bilih sinten ingkang tetep ngabekti dhumateng Allah bade kaanggep nglawan pamarentahan dening antikristus, nglawan Allah, lan bade kapatrapan pidana pejah ingkang nggegirisi. Nanging, langkung prayogi nandang sangsara sawatawis tinimbang ngalami karisakan langgeng. Ugi dados tanggel jawab karohanen kita ndedonga kangge pamailihan pamarentah kita lan sadaya pranatan, awit para pejabat ing pamarentahan boten bade saged nindakaken menapa ingkang sae menawi boten tinulungan kanugrahanipun Allah ingkang setya. PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus, Paduka mbangun turut dhumateng Rama Paduka lan boten dhumateng manungsa, saéngga Paduka kasalibaken. Tulungana kawula supados kawula purun sami ndedonga kanggé kabecikanipun pemréntah kawula, lan paringana kekendelan dhumateng kawula supados saged nglawan menawi wonten ingkan badhé meksa kawula nilar iman utawi tumindak ingkang ala. PITAKON:
|