Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 115 (Burial of Jesus)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)
1. Lelakon-lelakon nalika wiwit esuk dina riyaya Paskah (Yokanan 20:1-10)

a) Mayam Magdalena ing Kubur (Yokanan 20:1-2)


YOKANAN 20:1-2
1 Ing dina kapisan ing Minggu iku esuk umun-umun, nalika isih peteng, Maryam Magdalena menyang pasarean lan dheweke weruh manawa watu tutupe guwa wus kasingkirake saka ing pasrean. 2 Tumuli lumayu nemoni Simon Petrus lan sakabat liyane kang dikasihi dening Gusti Yesus, padha diwartani: “Gusti dipun pendhet ing tiyang saking pasarean, lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”

Para murid Panjenengane lan para wanita kang ndherek Gusti Yesus nglokro banget gegayutan apa kang dumadi ing dina Jumat iku. Saka kadohan, para wanita iku nggatekake kepiye Gusti Yesus disarekake ing kuburan. Becik para wanita lan para murid Panjenengane sebanjure age-age mulih, supaya ora kadakwa nerak dina Sabat, kang diwiwiti dina Jumat sore, kurang luwihe jam 6 sore.

Ing dina riyaya Sabat kang kebeneran bebarengan karo dina Riyaya Paskah iku, ora ana wong siji wae kang wani lunga menyang kubur iku. Nalika wong akeh abungah-bungah awit ing sajrone pikirane ana karukunan antarane gusti Allah karo bangsa iku kang kagambarake karo cempe kang dibeleh iku, kosok baline wong-wong Kristen kumpul kaliputan rasa wedi, lan kebak kaprihatinan. Pengarep-arepe wis kakubur bebarengan karo anggone kakubure Gustine.

Ing bengi dina Sabat, para wanita iku ora bisa lunga metu menyang gapurane kutha, utawa lunga tuku lenga kang dicampur karo mur utawa barang-barang kang liyane kanggo njebadi layone Gusti Yesus. Para wanita ngenteni kanthi kebak pengarep-arep tekane dina Minggu iku. Priyayi kang nulis Injil menehi katarangan nalika Maryam Magdalena nekani kubur iku, nanging ora ana tanda-tanda kang nyebutaken wanita-wanita liyane kang ngancani Maryam Magdalena sinadyana dheweke nggunakake tembung “aku kabeh”. Salome ibune Yokanan lan sawetara wong liyane metu bebarengan esuk umun-umun dina Minggu kinanthenan luh kang dleweran kanthi tujuwan arep njebadi layone gusti Yesus.

Dina isih umun-umun, nalika para wanita iku nyerak, kebak rasa nglokro awit anggone prihatin, tumuju kubur, kang diyakini isih kubur iku ana ing kahanan katutup. Pengarep-arepe lebur, dikuwasani dening rasa nglokro. Padhang patangen durung sumunar ing atine para wanita iku, lan urip langgeng durung timbul ing sajrone pikiran para wanita mau.

Nalika tekan kubur, para wanita mau banget dening was-was kelingan watu kang gedhe banget kang nutup kubur. Para wanita iku mikir kepiye carane nggulingake watu kang gedhe iku saka lawanging kubur.

Kubur kang tinarbuka iku mukjijat kang kawitan ing dina iku, sawijining paseksen kanggo njawab rasa kuwatir lan anggone ora pracaya manungsa manawa Sang Kristus bisa mindahake kabeh watu kang saklawase iki ngaboti ati kita. Sing sapa pracaya bakal nemokake pitulungan ing sajrone Allah, iman nyawang mangsa tembe kang gedhe.

Yokanan ora nulis gegayutan karo ngatone malaikat. Kang bisa uga dumadi, Maryam Magdalena ndisiki para mitrane lan nginguk ing sajrone kubur iku. Lan Maryam Magdalena ora nemokake layon ing kana. Awit wedi, dheweke mlayu bali nemoni para murid liyane. Maryam Magdalena yakin yen wong-wong kang dadi pengarep saka antarane golongan rasul iku mesti ngerti bab mujizat kaya para murid Panjenengane kang liyane. Nalika Maryam Magdalena ketemu Petrus lan para murid liyane, dheweke langsung kanda, “layone gusti Yesus ilang”. Iki sawijining tumindak ala tambahan. Iki nuduhake yen para murid lan Maryam Magdalena secara kasukman isih wuta, awit Maryam Magdalena lan para murid wong liya nyolong layon mau. Babar pisan ora ana pikiran yen gusti wis wungu saka seda awit Panjenengane iku Gusti.


b) Petrus lan Yokanan balapan mlayu menyang kubur iku (Yokanan 20:3-10)


YOKANAN 20:3-5
3 Petrus lan sakabat liyane mau banjur padha mangkat menyang pasarean. 4 Sakarone padha mlayu bebarengan, nanging sakabat liyane iku playune luwih rikat tinimbang Simon Petrus, temahan luwih dhisik tekane ing pasarean. 5 Lan bareng nginguk, weruh yen ulese wus sumeleh ing lemah; nanging dheweke ora mlebu.

Kaya nganakake lomba kanggo nuduhake katresnan. Yokanan karo Petrus kepengin dadi wong kang kawitan tekan ing sandhinge Gusti Yesus. Petrus, kang luwih tuwa, krenggosan ing mburine Yokanan kang isih enom, lan ora bisa ngoyak. Loro-lorone lali anggone kaweden marang telik sandi lan kang jaga, lan wong loro iku nglewati gapura kutha. Nalika Yokanan tekan kubur, dheweke ora banjur mlebu, ing sajrone rasa kurmate kang gedhe deweke ngendhaleni awake. Nalika nyawang ing sajrone bolongan watu iku dheweke ndeleng ing sajrone kahanan kang isih repet-repet ana lawon putih kang kagulung lan gumlethak kaya kepompong kang wis ditinggal kupune. Lawon kafan iku ora gumletak, nanging tetap ana ing papan tilase layone gusti Yesus. Yaiku mujizat kang kaping telu kang gegayutan karo patangen. Sang Kristus ora nyuwek lawon kafan iku, nanging nembus. Para malaikat ora mbuka lawang kubur iku kanggo nulungi gusti Yesus metu, nanging supaya para wanita lan murid-murid bisa mlebu. Gusti bisa nembus watu iku nalika Pannenengane metu saka kubur.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, kawula ngaturaken panuwun awit paduka wungu saking seda. Paduka ngawonaken samukawis ingkang awon, lan mbikak margi dhumateng gusti Allah. Paduka sesarengan kaliyan kawula ing salebetipun margi palimengan pati lan mboten nilarake kawula. Gesang Paduka menika darbek kawula; panguwaos Paduka dados sempurna ing salebetipun karingkihan kawula. Kawula sujud ing ngarsa Paduka lan nresnani Paduka, awit Paduka sampun paring dhumateng sadaya tiyang pitados pengajeng-ajeng ingkang kebak kamimpangan.

PITAKONAN:

  1. Apa telung garis kanggo mbuktekake bab patangene sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:54 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)