Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 103 (Jesus intercedes for his apostles)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
E - DONGA PANYUWUN GUSTI YESUS (Yokanan 17:1-26)

3. Gusti Yesus ndedonga kanggo para rasul Panjenengane (Yokanan 17:6-19)


YOKANAN 17:14
14 Tiyang-tiyang wau sampun kawula sukani pangandika Paduka, lan sami dipun sengiti dening jagad, amargai pinangkanipun boten saking jagat, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad.

Gusti Yesus maringi paseksen ana ing sajroning pandonga Panjenengane yen Panjenenganea wis maringake pangandikan Sang Rama Panjenengane marang para murid, lan mratelakake marang para murid bab asma Panjenengane minangka jejere Rama lan kinanthenan sakabehing makna ing sajrone asma mau. Lumantar pratela kang nggumunake banget bab hakikat Gusti Allah iki ndudut atine para murid Panjenengane. Prekara iku ngrubah para murid lan nguwasani para murid kanthi panguwasa, kanthi mengkono para murid uga bisa dadi warga saka badan Sang Kristus secara kasukman.

Nanging awit anane watek wantu lan apa kang diwulangake gusti Yesus iki, jagat sebanjure bakal sengit marang para murid, dikaya jagat sengit marang gusti Yesus. Dikaya sumber sang Kristus asale saka Gusti Allah, lan ing gesang Panjenengane kaayoman ing sajroning Allah wiwit kalanggengan nganti salawas-lawase, mengkono uga kabeh wong kang dilairake maneh bakal urip ing salawas-lawase.

YOKANAN 17:15
15 Kawula boten nyuwun, supados sami kapundhut saking donya, namung supados Paduka reksa, sampunngantos kapanduk ing piawon.

Gusti Yesus orang banjur ngangkat para murid Panjenengane menyang kasuwargan, lan Panjenengane ora mindahake para murid ana ing sawijining papan kang mligi, sinadyana panandang lan kangelan nempuh para murid saka ing sakiwa tengene. Panjenengane nyuwun marang Sang Rama supaya njangkung para pandherek Panjenengane saka daya pengaruh panguwasa pepeteng lan kajuligan saka para juru mulang-juru mulang lan uga wong-wong kang melu si pengawak dursila. Gusti kita ngaturake panyuwun kanggo kita. Kabeh wong pracaya urip ing sajroning rangkulan asta Panjenengane ing sajroning kahanan kang aman lan kanthi jaminan. Rah Gusti Yesus wis njangkung kita, lan awit pangorbanan Panjenengane mula gusti Allah nganthi kita. Ora ana golongan saka ngendi wae kang bisa ndakwa utawa nyilakakake kita. Kita wis dadi wong-wong bener, kang langgeng, kajaga aman awit sih rahmat saka Kang Maha Suci. Kajaba manawa kita mbalik ora dadi wong setyo lan nuruti kekarepan kita nindakake dosa, nalika iku gusti bakal ngejarake kita tiba ing sajroning pancoban, awit dosa kang ana ing sajroning urip kita sebanjure bakal katon lan bakal mbuka wirang ing awak kita. Sebanjure nalika iku kita bakal gemeter lan mratobat kinanthenan eluh kang dleweran, “Rama, ampun ngantos kawula nuntun kawula ing salebetipun pancoban, nanging uwalaken kawula saking ingkang awon”. Sing sapa mbudidaya lumawan iblis lan pati kanthi nggunakake kekuatane dhewe lan kekendelan minangka jejering manungsa sejatine lagi ngapusi awake dhewe. Baliya marang rah lan pandonga panyuwun Sang Kristus, mung Panjenengane dhewe siji-sijine sang Juru selamate kita.

YOKANAN 17:16-17
16 Pinangkanipun tiyang-tiyang punika boten saking jagad, kadosene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagat. 17 Mugi sami Paduka sucekake ing salbeting kayektosan; pangandika Paduka inggih punika kayektosan.

Ing sajrone Pandongane Panjenengane gusti Yesus mbaleni paseksene bab para murid-murid Panjenengane, yen para murid asale ora saka ing jagat kang ala iki, sinadyana para murid uga duwe daging lan gampang katempuh piala dikaya wong-wong liya uga. Para murid bakal tetap ana ing sajroning kahanan kang ora apik, nanging awit sih rahmat Allah mula rah sang Kristus wis paring kamardikan marang para muride kang secara paugeran saka pakunjara si pengawak dursila iku. Para murid wis dadi wong-wong manca ing sajroning jagat iki kang sabenere warga negera kratoning kasuwargan.

Ing sajrone hakikate kang anyar iku wong-wong kang pracaya kang duwe jiwa lan badan ana lelawanan selawase urip kang ora duwe sih kawelasan lan lelawanan iku ora ana mandhege. Sang Roh suci banget prihatin menawa kita nresnani awak kita dhewe, pakaryan kita lan keluarga kita dhewe luwih saka kita nresnani wong-wong liya. Kabeh pambudidaya kanggo nglegakake pepinginan awake dhewe mung bakal natoni telenging atine dhewe. Kabeh apus-apus bakal ngobong ing sajroning pengeling-eling kita kaya kayu kang murub. Sang Roh Allah ora bakal ngejarake panjenengan nyimpen barang-barang colongan ing sajroning omah panjenengan. Manawa panjenengan natoni wong nganggo tembung-tembung misuh lan patrap kang ora duwe kamanungsan, Sang Roh kayekten iku bakal nyurung panjenengan supaya marani wong iku lan njaluk pangapura marang dheweke. Awit sang Roh suci iki mbukak kabeh piala, kajuligan lan patrap kang ora bener ing sajroning urip panjenengan, lan bakal ngadhili panjenengan selaras karo apa kang panjenengan tindakake.

Sang Kristus nyuwun marang Rama supaya nyucekake kita, awit kang ora suci ora bakal bisa agawe liyane dadi suci. Panyucen iki dumadi kanthi cara agawe kita kadudut marang kayekten Panjenengane. Nganti marang tingkat ing ngendi kita mahami katresnan Allah lan dumunung ing sajroning sih rahmat Putra Panjenengan lan urip ing sajroning panguwasa saka sang Roh Suci, kita di dadekake suci. Karawuhane Allah ing sajroning urip kita duwe daya pengaruh marang kita. Gusti Allah piyambak gegayutan tujuan Panuenengane ing sajroning urip kita, “Sucine kita awit Ingsung Suci”. Rah gusti Yesus nyucekake kita sepisan kanggo selawase. Sang Roh Suci ing sajroning urip kita ora kekurangan apa wae. Iman panjenengan ing sajroning hakekat saka Sang Roh Suci kang nyucekake panjenengan sawutuhe.

Panyucen iki katampa saka Gusti Allah lumantar katigenan kita anggone sinau pangandikan Panjenengane. Ya Injil iki kang dadi sumber saka panyucen kita, lan oyot saka anggon kita nindakake pambangun turut ing sajroning badan kita. Sabda Sang Kristus kang nuntun kita marang iman, marang anggon kita nyingkur awak kita lan kabungahan kanggo manembah, kanthi mengkono kita bisa pantes kangge nyerak marang Gusti Allah tanpa ana alangan. Panjenengan buka ati panjenengan marang pangandikan Sang Rama Panjenengane, awit gusti Allah iku katresnan lan kabeh wong kang dumunung ing sajroning katresnan wong iku dumunung ing sajroning Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing sajroning wong iku.

YOKANAN 17:18
18 Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggih kengkenan tiyang-tiyang punika dhateng jagad;

Sawuse gusti Yesus rampung ndedonga kanggo para murid Panjenengane nyuwun supaya para murid disucekake, Panjenengane ngutus para murid kang wis kaanyarake iku menyang jagat kang kebak piala. Panjenengane nylametake kita kanggo nyucekake urip kita; sebanjure Panjenengane ngutus kita ing donya kanggo nylametake wong akeh lan nyucekake. Gereja dudu mung kumpulan kang nyante wae, kang nyenengake awake dhewe karo ngrembug bab kamursidan lan patrap ngadhili kan asipat paugeran. Gereja iku patunggalan kang atindak, kang merangi markas Iblis karo iman, nembak karo donga lan tigen supaya entuk pamratobat saka wong-wong kang ilang. Gereja mratelakake kraton Sang Rama, lan mbudidaya kelakone kersane Panjenengane. Gereja mratelake Kratone Sang Rama lan mbudidaya kaleksanane karsa Panjenengane ing sajroning martakake Injil kanggo jagat. Apa panjenengan wis mahami bab donga Sang Kristus kanggo kaleksanane pawarto Injil?

Gusti Yesus ngajeni panjenengan lan ngutus panjenengan marang wong-wong kang ilang, dikaya sang Rama wis ngutus Panjenengane. Tujuane pada lan mengkono uga kajangkepane. Panjenengane nawakake marang panjenengan mung pratela bab kayekten Allah ing sajroning Sang Kristus. Gusti Yesus nimbali panjenengan supaya nindakaken leladi kang bisa ditindakake saben dina, dudu kanggo nyante utawa ngayal wae. Sang Roh Suci Panjenengane iku panguwasa panjenengan.

YOKANAN 17:19
19 sarta Kawula nucekaken badan Kawula kangge tiyang-tiyang punika, supados ugi sami kasucekna wonten ing kayektosan

Gusti Yesus pirsa yen ora ana wong siji wae ing antarane para murid Panjenengane kang bisa martakake Injil utawa nindakake tugas kasukman, lan kabeh iku bakal gagal lan nandhang tatu abot ing sajroning roh lan telenging atine, nanging kasucen Allah mbetengi para murid iku. Ya kanggo iki Sang putra dadi korban, nyucekake sariraNe sinadyan Panjenengan sejatine wis suci wiwit saka kalanggengan. Kanthi anggone seda Panjenengane nindakake kabeh tuntutan bab kasucen, kanthi mengkono pandakwa saka Iblis bakal dikalahake karo iman kita marang rah Sang Kristus. Kanthi alandhesan marang seda kang ngrukunake iki, para murid Panjenengane bisa nampani Sang Roh Suci, kang andadekake para murid dadi wadhah kang nggawa banyu panguripan, kang menehi paseksen bab gusti Yesus kanthi martakake asma Panjenengane.

Kanthi mengkono para murid dimerdekaake saka kajuligan, lan lambene disuceni saka racun apus-apus. Para murid nampani kekendelan supaya ora nampik kayekten, supaya mratelakake dosa, sinadyan prekara iku bisa dadi sebab telenging atine dadi goreh, nanging ing pungkasane prekara iku bakal nuntun marang keselametan. Perang lumaswan apus-apus, bobroking moral, lan sipat gumunggung iki mung bisa dimenangake lumantara pangayoman rah sang Kristus lan berkah saka donga panyuwun Panjenengane.

PANDONGA: Paduka paring pangaksami atas raos sengit, apus-apus lan patrap gumunggung ingkang wonten ing manah kawula. Kawula sejatosipun awon, menggah Paduka menika suci. Paduka jangkung kawula saking panjiretipun Iblis. Paduka cethakake Injil menika dhumateng kawula kanthi makaten Pangandika Paduka saget saestu-estu nyucekake kawula, lan kawula saget gesang selaras kaliyan menapa ingkang kawula wartosaken.

PITAKONAN:

  1. Kepiye carane gusti Yesus nyuwun marang Sang Rama Panjenengane supaya njangkung kita saka si pangawak piala?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:43 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)