Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 102 (Jesus intercedes for his apostles)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
E - DONGA PANYUWUN GUSTI YESUS (Yokanan 17:1-26)

3. Gusti Yesus ndedonga kanggo para rasul Panjenengane (Yokanan 17:6-19)


YOKANAN 17:9-10
9 Kawula ndongakaken tiyang-tiyang punika. Sanes jagad ingkang Kawula dongakaken, nanging tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika, awit punika sami kagungan Paduka 10 lan sadaya gadhahan Kawula inggih kagungan Paduka sarta kagungan Paduka inggih gadhahan Kawula, saha Kawula sampun kaluhuranken wonten ing tiyang-tiyang punika.

Pandongane gusti Yesus iku supaya kabeh wong kang pracaya marang Gusti Allah, Sang Rama, bakal ditunggalake bebarengan karo Sang Putra ing sajroning kalanggengan. Gusti Yesus ora rawuh ing jagat iki kanggo kabeh umat manungsa, awit manungsa pancen wis nampik Roh Gusti, lan malah milih paukuman. Katresnan lan kawigaten kang dituduhake dening gusti Yesus iku gegayutan karo Gereja Panjenengane lan umat pilihan Allah. Kekristenan ora ngakoni anane gereja ing saindhenging jagat kang ngalimputi kabeh manungsa kang ana ing jagat, awit Gereja iku kapilih saka antarane kabeh manungsa beda, pinilih lan woh pambayun saka sedane Sang Kristus.

Gusti Yesus ora nyuwun supaya anduweni kang mligi kanggo Sarirane piyambak, nanging kabolan-baleni nyeksekake yen para murid kabeh iku dadi darbek Panjenengane kang banget mligi saka Sang Rama, sinadyana Sang Rama wis maringake para murid kabeh ing sajroning Astane. Sang Putra tetap wae andhap asor, lan tansah mapanake sarirane ana sangandhape Sang Rama ing sajroning Pandonga.

Gusti Yesus pirsa yen Panjenengane bakal diluhurake ing sajrone wong-wong kang pracaya marang Panjenengane, sawetara kita malah luwih seneng kesusu ing sajroning maido lan kanda yen Gereja kita iki ringkih lan andadekake cuwane Sang Kristus; Panjenengane mbuktekake bab sawijining prekara kang luwih jero. Sang Rama mirsani kita ing sajroning padhanging Kayu Salib. Panjenengane ngesokake Sang Roh Suci Panjenengane marang wong-wong kang pracaya lumantar Sang Putra. Anggone ngesokake kasukman iki minangka bukti kasiling pakaryan ing Kayu Salib. Sang Kristus ora seda nglaha tanpa guna, nanging Sang Roh Suci maringi woh kang luber-luber. Kanthi mengkono kabeh kelairan maneh bakal nuntun marang kaluhuran kanggo Sang Kristus.

YOKANAN 17:11
11 Wondene Kawula sampun boten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdene Paduka kaliyan Kawula.

Sang Kristus bali marang Sang Rama Panjenengane, supaya ngyakinake yen preka iku pancen bakal dumadi, sindyana wong kang tumindak mbalela wis anekani Panjenengane karo bala prajurit arep nyekel Panjenengane. Gusti Yesus bisa mirsane tembus ing pati marnag kaluhuran Rama Panjenengane, lan sebanjure ngandika: “Aku ora ana maneh ing sajrone jagat iki”, sinadyana ing wektu iku Panjenengane isih ana ing jagat.

Gusti Yesus nganggep jagat iki dadi sawijining kali kang gedhe banget banyune kang mili tambah suwe tambah santer, lan kala-kala rubah dadi nggrojok saka papan kang dhuwur. Sang Kristus lagi nglangi lumawan ilining banyu iku, lan mbalikake lakuning manungsa. Panjenengane pirsa yen para murid Panjenengane ora bakal duwe panguwasa kanggo lumawan si pengawak ala. Awit saka iku Panjenengane nyuwun marang Sang Rama supaya njangkung wong-wong kang ditresnai ing sajroning asma Panjenengane.

Ing sajrone panyuwun Panjenengane nggunakaken istilah kang ora ana bandhingane, “Duh Rama kang suci”. Ing ngarepe pialaning jagat kang ngedap-edapi gedhene, Sang Putra maringi paseksen gegayutan kasucen Rama Panjenengane, kang ora kacemer, kang ora cacad lan ora ana karingkihan. Gusti Allah Sang Rama iku suci lan murni. Kasucen Panjenengane iku kang ngalimputi katresnan Panjenengane, sawetara kaluhuran dipratelakake ing sajroning soroting katresnan Panjenengane.

Kanthi mengkono asma Allah kang suci iku papan pangayoman ing ngendi para murid Panjenengane nampani pangauban saka panguwasa Kang dadi godha iku. Sing sapa urip ing sajroning Sang Kristus, urip ing sajroning Sang Rama. Sing sama dumunung ing sajroning Sang Putra, dumunung ing sajroning Sang Rama. Gusti Allah dadi Rama njamin para putra Panjenengane yen Panjenengane bakal tansah njangkung para murid ing sajroning pangayoman Panjenengane kang wis kacawisake. Iblis ora bakal bisa ngrampas para murid saka astane Rama Panjenengane.

Syarat kang dadi jaminan kanggo pangayoman para murid yaiku manawa para murid ora nglakoni urip kang ngandut rasa sengit lan tindak cemer, nanging apura ingapuranan ing antarane para murid kanthi landhesan tresna tinresnanen kang dumadi terus-terusan. Katresnan iki ora katon saka ing sajrone awake manungsa dhewe, nanging sing sapa kang dumunung ing sajroning katresnan Tritunggal kang Suci iku bakal nampa panguwasa, sabar, lan tresna marang pepadhane. Sang Kristus nyuwun marang Sang Rama Panjenengane supaya njangkung kita ing sajroning patunggalan karo Panjenengane, supaya dadi siji karo Panjenengane dikaya Putra kang nyawiji karo Rama Panjenengane: tembung iki ora sawijining panaliti wulangan wae utawa keterangan kang asipat teori wae bab gegayutan kita karo Gusti Allah, nanging iki panyuwun pepisahan gusti Yesus kang dijawab dening Sang Rama. Iman kita ora dilandhesi dening gumungung utawa ngelmu kang asipat goib; iman iku woh saka pandonga gusti Yesus lan panandhang Panjenengane kanggo kita.

YOKANAN 17:12-13
12 Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun rumeksa dhateng tiyang-tiyang wau ngantos boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinesthi kedah ical, supados kayektosana, wiraosing Kitab suci. 13 Nanging samangke, Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka, lan Kawula ngaturaken sadaya punika ing salebetipun Kawula taksih wonten ing donya, supados sampurnaa kabingahan Kawula wonten ing tiyang-tiyang wau.

Kanthi sabar lan kebak kawicaksanan gusti Yesus njangkung para murid Panjenengane saka godane Iblis, sinadyan para murid duwe watak wantu kang beda-beda. Gusti Yesus ngandika marang Petrus, “Iblis duwe kekarepan nintingi kowe, nanging Aku ndedonga kanggo kowe, supaya imanmu ora kalah...”. Mengkono uga iman kita bisa tetap teguh awit donga panyuwun Panjenengane, lan kita diselametake mung awit sih rahmat wae.

Kabisan njangkung para pandherek Panjenengane pengalaman saka Yudas awit Yudas wis masrahake awake marang roh karusakan lan lumawan Roh kayekten. Yudas dadi anak roh karusakan. Rama kasuwargan kita ora meksa sapa wae nampani sih rahmat anggone diangkat dari Putra. Panjenengane wanuh apa kang ana ing sajroning ati manungsa, lan arah saka kabeh lelakon sadurunge lelakon iku dumadi, kanthi mengkono anggone mbalela Yudas uga sadurunge lelakon dumadi wis ditulis ana ing Prejanjian Lawas sewu tahun sadurung lelakon iku bener-bener kelakon. Nanging, Yudas tetap wae nanggung jawab atas anggone nampik kawigaten saka Sang Kristus marang dheweke. Gusti Allah kita kang mahakuwasa iku ora sakarepe dhewe (diktator) nanging Gusti kang wicaksana, salah siji tandha saka katresnan Panjenengane yaiku maringi kamardikan marang manungsa, dikaya para bapa ing jagat iki ngidinake anak-anake kang wis dewasa duwe kamardikan kanggo tanggung jawab atas apa kang ditindakake.

Gusti Yesus mirsani dalan Panjenengane tumuju marang Sang Rama dadi sawijining dalan kang padhang ing tengah-tengahing pepeteng. Ora ana kang bisa nyegah Panjenengane bali marang Gusti Allah, embuh kuwi Iblis, dosa uga pati pisan ora bisa nyegah. Sang Putra iku ing salawase suci, lan awit saka iku mula kabungahan ngebaki Panjenengane. Dosa babar pisan ora nggorehake telenging ati Panjenengane. Rasa wedi babar pindah ora malangi ing donga-donga Panjenengane. Sang Putra iku merdeka lan tansah dijaga dening Rama Panjenengane, tansah kebak pambangun turut. Sang Rama kita yaiku Gusti atas kabungahan lan karahayon. Gusti Yesus nyuwun marang Rama Panjenengane supaya kabejan saka gusti Allah iki bisa uga ngalimputi ati para murid Panjenengane. Panjenengane ora ngersakake yen para pandherek Panjenengane bakal ngalami kaprihatinan, nanging Panjenengane ngersakake supaya para murid kabeh kapenuhana berkah lan kabungahan, yen kabungahan kang saka kasuwargan iku bisa dadi duweke para murid, sinadyana para murid urip ing tengah-tengah pepeteng lan rasa ora duwe pengarep-arep ing jagat iki. Kabungahan awit pangapura lan atur panuwun iku awit anane kita kang nampani papan ing sajrone keluwarga Allah yaiku woh-woh kang disuwun dening Sang Kristus kanggo urip kita.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yeseus, matur nuwun awit ngunjukkan panyuwun pandonga kangge kawula dhumateng Sang Rama. Kawula muji Paduka awit njangkung kawula ing salebetipun iman lumantar panyuwun Paduka kangge kawula. Kawula manembah Paduka awit kepareng Paduka atas kawula. Kanananipun Padula lan Sang Roh ingkang saking Sang Rama ngesokaken panggesangan lan kaluberan dhumateng kawula ingkang asifat kasukman, lan maringake berkah-berkah ingkang langgeng. Kawula ngaturaken panuwun awit pandonga Paduka kangge kawula; kawula gesang awit panyuwun pandonga paduka ingkang paduka unjukaken.

PITAKONAN:

  1. Apa kang dituduhake ing sajrone pangayoman kang kita tanpa ing sajroning asma Sang Roma

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:42 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)