Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 096 (The Holy Spirit reveals history's developments)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
D - PISAHAN ING DALAN MENYANG GETSEMANI (Yokanan 15:1 - 16:33)

4. Sang Roh Kudus mratelakake undhak-undhakan kang penting ing sajroning sejarah (Yokanan 16:4-15)


YOKANAN 16:4-7
4 Nanging kabeh iki Daktuturake marang kowe, supaya manawa tekan ing titimangsane kowe padha elling, yen kowe wus padha Dakkandani.” 4b “Prakara iki ora Daktuturake marang kowe saka wiwitan mula, awit nganti saiki Aku isih tetunggalan karo kowe, 5 nanging saiki Aku lunga menyang ing ngarsane Panjenengane kang wus ngutus Aku, lan panunggalanmu ora ana kang takon marang Aku: Paduka tindak dhateng pundi? 6 Ananging marga kowe padha Dakkandhani bab iku mau, temah atimu sedhih. 7 Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: “Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.

Ing perangan wiwitan, gusti Yesus ora ngajak rerembugan gegayutan kangelan, panandang lan panganiaya kang ditampa karo para murid Panjenegange, nanging Panjenengane maringi ngerti marang para murid gegayutan karo suwarga kang tinarbuka, lan para malaikat munggah lan mudhun marang Putra Manungsa. Para murid kanthi kebak kabungahan eling panguwasa Allah kang makarya ing sajroning Sang Putra kanggo nindakake mujijat. Ora ana wong siji wae kang terus bebarengan karo Panjenengane kajaba para murid Panjenengane, kang wis bakal ditinggal Panjenengane tumuju marnag Rama ing kasuwargan. Sebanjure Panjenengane wiwit ngandika gegayutan pangiaya lan pati, kang agawe prihatin kang banget ing atine para murid. Para murid ora bisa ngerti tujuan utawa para murid ora bisa ngrasakake yen bakal ana panglipuran ing wektu kang bakal teka. Nanging para murid nggatekake yen Panjenengane ora ngandika apa-apa gegayutan anggone lara Panjenengane piyambak, siksan lan anggone seda; Panjenengane mung ngandika gegayutan anggone tindak marang sang Rama, ngandika bab-bab kang apik-apik wae. Para murid nyuwun pirsa, “Badhe tindak dhateng pundi paduka?” Para murid ora kepengin ndeleng Panjenengane munggah menyang kasuwarga, lan luwih milih yen Panjenengane tetap bebarengan karo para murid. Gusti Yesus nanggapi kanthi keterangan yen penting banget Panjenengane kudu ninggalake para murid, awit tanpa Kayu Salib, Sang Roh suci ora bakal diesokake. Mung kanthi karukunan antarane Gusti Allah lan manungsa, lan pangapuraning dosa lumantar seda Cempening Allah dadi gegentine, mula pipa saka panguwasa Allah bakal tinarbuka jembar lan mili marang para pandherek Panjenengane. Gusti Yesus wis nindakake kabeh kayekten supaya panguripan lan katresnan Allah bisa diesokake marang para panderek Panjenengane. Sedane gusti Yesus yaiku landesan saka Prejanjian kang Anyar, lan maringi panjenengan hak kanggo terus tetunggalan karo Allah. Sang Roh Suci bakal nggayuh hasil iki, lan nglipur panjenengan, ngyakinake panjenengan yen gustiAllah nganthi panjenengan lan ana ing sajaroning panjenengan.

YOKANAN 16:8-11
8 Dene iku sarawuhe, bakalngyakinake marang jagad bab dosa, bab kayekten, lan bab pangadilan; 9 bab dosa, amarga padha tetap ora pracaya marang Aku. 10 Bab kayekten, awit Aku lunga marang ing ngarsane Sang Rama lan kowe padha ora ndeleng Aku maneh;11 bab pangadilan, amarga panggedhene jagad iki wus diadili.

Sang Roh Suci bisa nguwatake para murid Panjenengane, awit Panjenenganea melekake wong-wong pracaya lan ngadili ati wongwong kang ora pracaya marang lendhesan saka 3 watonan iku.

Sang Roh suci mulangake marang kita gegayutan makna dosa lan jembar akibate. Sadurung mangsa rawuhe sang Kristus, dosa iku panerak marang parintah saka Paugeran Torat, lan anggone gagal nindakake karsane gusti Allah. Prekara iku timbang minangka pambalela lan kurange kayekton lan katresnan- urip tanpa Gusti Allah lan Sang Roh Allah. Kabeh dosa becik kang gegayutan karo moral, sosial utawa kasukman diswang minangka panerak marang kaagungane Allah. Sawise Kayu Slib, dosa ateges nampik sih rahmat Allah kang tanpa mbayar. Sing sapa nyepelekake pangapura kan ora mbayar saka gusti Yesus, iku nyenyamah marang Kang Maha Suci, lan sing sapa kang ora gelem pracaya marang Gusti Allah minangka jejering sang Rama lan gusti Yesus Putra Panjenengane wis dadi satru saka Tritunggal kang suci. Gusti Allah iku katresnan, lan sing sapa nampik katresnan kang digambarake ing sajroning sang Kristus lan nindakake dosa moralitas (sopan santun) kang misahake kita saka keselametan.

Ing Kayu Salib Sang Kristus ngujudi keselametan saka jagat iki. Panjenengane ora perlu seda sepisan maneh, awit Panjenengane wis paring pangapura kabeh dosa saka kabeh manungsa saka ing jaman ngejaman. Kabeh dibenerake dening sih rahmat ing sajroning rah Sang Kristus. Panjenengane melu dadi perangane Imam Agung, pelayanan imam agung iku ngandhut telung tingkatan. Kang kawitan, korbane dibeleh. Kang kapingdho pisusung saka getih iku ing papan Maha Suci, lan ngadeg karo nggawa kabeh pangapura iku ing ngarsane Allah. Kang kaping telu menehi berka marang wong pracaya kang akeh kang ngenteni Panjenengane. Kabeh iki ditindakake dening gusti Yesus. Lumantar pisusung iki Panjenengane ngesokake berkah-berkah saka Sang Roh suci, minangka bukti kang ngyakinake yen kita wis dadi wong-wong bener. Wungune lan anggone mingkrat ngwujudi karukunan kita kang diwiwiti saka Kayu Salib.

Gusti Yesus ora mirsani tujuwan saka pengadilan atas jagat iku mung minangka sarana mbuwang wong-wong kang ora pracaya ing sajroning geni neraka, nanging uga mirsani marang pengadilan kang pungkasan ing sajroning anggone nyirnakake iblis lan anggone andadekake batur tukon. Ya iblis iku kang sejatine nyeret manungsa ngedoh saka patunggalan katresnane Allah. Dheweke nyancang wong-wong ing sajroning bandan rasa sengit, agawe wong-wong dadi anak-anak tindak piala kang kebak karo rancangan piala kang ora duwe peri kamanungsam.*Gusti Yesus ing sajroning ana ing ngalam donya, lan ing sajroning sugenge kang alus bebudene ngipat-ipati gumunggung saka si kang apus-apus. Katresnan Sang Putra ngalahake Si Duraka iku. Nalika gusti Yesus masrahake Roh Panjenengane ing astane Sang Rama Panjenengane, Gusti Yesus ngalahake kasureman kang disebarake dening Iblis. Gusti Yesus iku Priyagung kang menang, sinadyano Panjenengane katon ringkih. Kasetyan Panjenengane nganti seda iku pangadilan atas Iblis lan nyirnakake dheweke. Kita urip ing sajroning mangsa ing ngendi hasil saka kamenangan iku bisa kita rasakake. Kita ndedonga, Ampun ngantos nuntun kawula ing salebetipun pancoban, nanging paduka uwalake kawula saking sing pangawak dursila,” nalika kita nglakoni hasil saka kamenangan Sang Kristus ing sajroning pangayoman lan jaminan.

PANDONGA: Matur nuwun, gusti Yesus, awit Paduka sampun perang ing salebeitpun pambudidaya ingkang sae, lan tetap setya ing salebetipun andhap asor, katresnan lan pengajeng-ajeng. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka ugi sowan dhumateng sang Rama lan ngwujudaken anggen kawula dipun beneraken.Kawula ngluhuraken lan memuji Paduka kanthi ngaturaken Helulyah, awit Paduka mapanaken berkahberkah saking pangorbanan Paduka ing salebetipun kawula lumantar Roh Suci. Paduka jangkung kawula ing salebetipun katresnan kayektosan Paduka, kanthi makaten mengsah menika mboten badhe nguwasani kawula. Tulung kawula saking Iblis, kanthi mengkono Kraton Paduka dipun pratelakakean, lan asma Sang Rama dipun sucekaken ing saindhenging bumi.

PITAKONAN:

  1. Apa pakaryane Sang Roh Suci ing sajroning jagat iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:37 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)