Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 095 (The world hates Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
D - PISAHAN ING DALAN MENYANG GETSEMANI (Yokanan 15:1 - 16:33)

3. Jagat sengit karo Sang Kristus lan para murid Panjenengane (Yokanan 15:18 - 16:3)


YOKANAN 16:1-3
1 “Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kowe aja padha kacuwan lan nampik marang Aku. 2 Kowe bakal padha disebratake, malah bakal tumeka ing wektune saben wong kang mateni kowe, padha rumangsa yen saos pangabekti marang Gusti Allah. 3 wong-wong iku tumindak mangkono, awit ora padha wanuh marang Sang Rama lan uga ora wanuh marang Aku.

Gusti Yesus maringi pangerten marang para murid Panjenengane yen para murid bakal disengiti jagat awit ana 3 jalarane:

Awit para murid lahir saka Allah lan ora saka jagat.

Awit manungsa ora wanuh Sang Kristus, Putra Allah lan uga ora wanuh gambar Allah

Wong kang fanatik agama iki ora wanuh Gusti Allah kang bener, lan wong iki manembah allah kang dheweke ora wanuh, lan kang ora cetha.

Pancen bener, rasa sengite neraka terus lumaku. Sing sapa mratobat marang Sang Rama saka gusti kita Yesus Kristus, bakal dipateni dening wong-wong fanatik awit dianggep dadi wong kang murtad ana ngendi wae wong-wong mau ditemokake, lan duwe pikiran yen kanthi tumindak mengkono wong-wong mau lagi leladi karo Gusti Allah. Ing kasunyatane, wong-wong mau lagi leladi marang Iblis. Wong-wong ora ngerti yen Gusti Allah kang sejati iku Sang Rama kang suci; awit wong-wong mau ora ngalami kuwasa saka rah Sang Kristus. Wong-wong mau ora duwe kuwasa Sang Roh suci. Awit saka iku ana roh liya nuntun wong-wong mau supaya nyirnakake wong kang wanuh Tritunggal kang suci kanthi nganiaya, gawe raja pati lan maneka werno pasiksan. Apa kang ditindakake dening wong-wong Yahudi nalika iku, uga bakal terus dumadi nganti dina rawuhe Sang Kristus.

Aja ngangen yen mangsa tembe bakal tansah luwih becik, awit manungsa bakal nambahakake luwih akeh maneh kawruh lan pepadhang. Ora, loro roh kang lelawanan iku bakal tansah ana ing sajroning jagat nganti pungkasane: Roh kang saka ngaluhur lan kang sijine saka ngisor. Ora ana uwot kang nyambungake antarane suwarga karo neraka. Panjenengan bisa milih lumebu sawutuhe patunggalan karo Sang Rama, Sang Putra, lan Sang Roh suci, utawa manawa ora, panjenengan bakal tiba ing sajroning bandan neraka lan pakunjaran saka karingkihan panjenengan dhewe. Menawa panjenengan ndherek gusti Yesus, panjenengan bakal dadi wong kang nresnani, ngluhurake sang Rama kanthi paseksen panjenengan. Nanging manawa panjenengan ora gelem dadi putra Panjenengane, panjenengan bakal tetap kacancang karo roh lan pikiran kang liya lan bakal tuwuh dadi setrunye Allah.

Gusti Yesus ngelingake panjenengane bab ajining bab anggone ngangkat putra Allah; manawa panjenengan temen-teman dumunung ing sajroning Panjenengane. Mangsa tembe panjenengan bakal dadi nemen abot lan nglarani, nalika neraka mubal lumawan sang Kristus lan para pandherek Panjenengane. Jagat sengit marang saben pandhereke gusti Yesus kang setyo; awit saka iku panjenengan bisa milih duwe gusti Allah minangka jejeripun Rama lan panjenengan bakal dadi wong manca ing jagat iki utawa panjenengan tetap dadi satrune gusti Allah, apa jagat bakal nampani panjenengan dadi salah siji saka antarane wong-wong jagat. Awit saka iku panjenengan milih antarane urip langgeng apa pati langgeng.

PANDONGA: Gusti Yesus, maturnuwun awit sampun milih pati; Paduka tetap setyo dhumataeng Rama Paduka. Paduka uwalaken kawula saking roh jagat lan keranipun kawula ngoyot ing salebetipun katresnan Paduka, kanthi makaten kawula saget manunggal dados putra-putra Allah. Katresnan Paduka inggih menika panguawos lan tuntunan kawula.

PITAKONAN:

  1. Kenapa jagat sengit marang wong-wong kang pracaya marang gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:36 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)