Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 077 (Jesus enters Jerusalem)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
A - MENJELANG MASA MINGGU KUDUS (Yokanan 11:55 - 12:50)

2. Gusti Yesus mlebet ing kitho Yerusalem (Yokanan 12:9-19)


YOKANAN 12:9-11
9 Anadene akeh wong Yahudi kang krungu warta, manawa Gusti Yesus ana ing kono lan padha teka ora mung marga saka Gusti Yesus bae, ananging uga padha arep ndeleng Lazarus, kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati. 10 Para pangarepe imam tumuli padha pirembugan, sumedya mateni Lazarus pisan, 11 sabab marga saka Lazarus iku wong Yahudi akeh kang padha nyingkur marang para pangarepe imam, lan pracaya marang Gusti Yesus.

Ibukota dadi geger nalika krungu yen gusti Yesus wis nekani Lazarus. Wong akeh sebanjure enggal-enggal ninggalake Yerusalem menyang gumuk Zaitun lan Betania supaya ndeleng kaelokan kang paring panguripan itku.

Imam Agung luwih milih ngombyongi wong-wong Saduki, sinadyana wong-wong Saduki sejatina ora pracaya marang anane patangen, uga ora prcaya anane jagating roh. Nanging wong-wong Saduki sengit marang gusti Yesus lan Lazarus nganti ora mung nampik anane mujijat iku wae, malah tekan kepengin mateni sing gawe mujijat iku, lan ngirim wong loro iku marang alam pati, supaya mbukteekake yen ora ana pengarep-arep sakwise tekane pati. Nalika iku uga, wong-wong Saduki kepengin nyirnakake kabeh iman marang kang ditindake gusti Yesus, awit wong akeh wis ngyakini yen Lazarus ditangekake lan iku dadi bukti yen gusti Yesus iku bener sang Mesih.

YOKANAN 12:12-13
12 Esuke bareng wong akeh kang padha teka mahargy riyaya krungu warta, manawa Gusti Yesus isih ana ing dalan aep tindak menyang Yerusalem, 13 wong-wong iku banjur padha njupuki papahe wit palem, tumuli meteu padha menthukake Panjenengane, kambi surak-suraak: “Hosana! Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran, Ratunipun Israel!”

Asma Gusti Yesus disebutake dening wong kabeh, lan wong kabeh ngira-ira apa kang bakal ditindakake dening Panjenengane, “apa Panjenengane bakal mlayu ssaka kutha utawa ngalahake kutha iku?”. Sawise manggon suwene sewengi ing Betania, wong-wong kang nggatekake gusti Yesus ndeleng Panjenengane bebareng karo para murid lumaku tumuju ing Yerusalem, “Ratu kang lagi rawuh, Panguwasa kang duwe sipat Allah wis rawuh”. Akeh wong teka arep ndeleng mujijat lan kemenangan-kekemangan kang bakal ditindakake Panjenengane. Sawetara antarane wong-wong mau padha nyokleki pang palem lan digawa kanggo mapak gusti Yesus. Kang liyane ngidung pujian kang kulino dipujekake kanggo ngrayakaken rawuhe Ratu lan wong kang kendel kang gedhe lelabuhane. Wong-wong mau nguwuh lan sorak-sorak kanthi suwara kang banter, “Kula sami memuji lan ngagungaken Paduka. Paduka Ingkang Maha Kuwaos; Paduka Ingkang rawuh wong ing salebetipun asma Gusti, kebak kasekten lan panguwaos. Kawula ngaturaken panuruw atas sadaya berkah ingkang paduka asta. Tulung kawula lan wilujengake kawula saking sadaya raos wirang menika. Paduka kemawon Juru wilujeng kawula, tiyang ingkang kathah labuh labet dhuamteng kawula lan pemimpin kawula. Paduka kemawon Ratu kawula ingkang sejatos”

YOKANAN 12:14-16
14 Gusti Yesus banjur manggih kuldi isih belo, tumuli dititihi, nocogi kang katulisan mangkene: 15 “He, putri Sion, sira aja wedi, lah, tontonen Ratunira rawuh, nitih beloning kuldi” 16 Para sakabate Gusti Yesus ing wiwitan ora nyandak marang prakara iku, nanging sawise Gusti Yesus kaluhurake, lagi padha kelingan, yen nas iku kagem Panjenengane lan manawa bab iku wus katindakake uga kagem Panjenengane.

Gusti Yesus ora nanggapi pujian iki, awit Panjenengane pirsa yen wong akeh iku yen ana ing kahanan kang ribut mengkono, ora bisa ngrungokake utawa mikir kang bening, nanging malah padha surung sinurungan lan dhesek-dhesekan ing pinggir dalan lan padha mbengok lan padha surak-surak. Awit saka iku Gusti Yesus mulang wong-wong mau kanthi nggunakake kang bisa dideleng, yaiku numpak bakal minoangka tanggapan marang sambutane wong-wong mau, kaya-kaya arep ngandika, “Aku iki Ratu kang dijanjekake ing sajroning Zakaria 9:9. Aja wedi nanging abungah-bungaha. Aku ora bakal ngebrokake temok utawa gapura kutha-kutha. Aku ora bakal mateni utawa nindakake pengadilan saka gusti Allah. Aku adil, ora pilih kaseh; lan nuduhake kaadilan marang wong-wong kang yatim lan nggatekake para randha”

“Kang mrihatinake, ora kabeh manungsa iku adil. Akeh-akeh wong iku ora duwe kaadilan. Lan wong iku nympang saka dalan kang lenceng. Aja wedi, Aku ora bakal nyirnakake kowe kaya dene kang pantes mbok tampa, nanging Aku bakal ngalahake tindak ala ing sajroning awakmu. Aku bakal nyangga dosa-dosamu ing sajroning awak-Ku, kang dadi wong kang menang, nanging kang mratelakake awak-Ku dadi korban kang ringkih lan kalah. Kanthi mengkono Aku bakal nylametake kowe saka bebendhune Allah; Panjenengane bakal nuduhake minangka wong kang menang ing sajroning peperangan kasukman iku”

Kowe duwe pepeginan duwe Ratu-akeh labuh labete kang bakal dadi Ratu kang nelukaken karo nyengkelang pedhang, nanging Aku rawuh dadi cempe kang andhap asor, kang ora nggunakake kekerasan. Aku masrahake kekarepanKu marang Rama-Ku. Kowe duwe pengarep-arep anane pambalela lan kamenangan, nanging Aku nawakake marang kowe karukunan, keselamaten lan tentrem rahayu karo Allah. Delenge kewan kang aku tumpaki. Aku ora numpak jaran utawa unto, nanging bagal. Aja duwe pengarep-arep kasugihan lan kaurmatan saka Aku, awit Aku rawuh ngasto urip langgeng, lan mbuka lawang gapura kasuwargan” kanggo kowe, kang ngrukunake wong-wong kang mratobat karo Allah|

Nanging wong akeh kang ana ing kana, kalebu uga para murid Panjenengane, ora bisa ngerti tujuan gusti Yesus kang nggunakake apa kang ditindakake iki, kan tujuane sabenere kanggo mulang sawijining prakara. Sakwise gusti Yesus mingkrat, Sang roh suci mbuka pikirane wong-wong mau supaya ngerti budi alus sang Kristus lan kaluhuran Allah ing sajroning Panjenengane. Iki babar pisan beda karo cara kang ditindake dening manungsa, manungsa lumrahe nggunake cara politik lan bandha donya. Nanging sang Roh Suci nuntun para pandherek Sang Kristus, supaya asukarena lan bungah-bungah nalika Gusti ngantonake Sarirane, sadurunge wong-wong mau bener-bener ngerti makna saka panjangka lan kelakone lelakon sawutuhe.

YOKANAN 12:17-19
17 Anadene wong akeh kang ndherekake Panjenengane nalika nimbali Lazarus metu saka ing kubur lan nangekake saka ing antarane wong mati, padha nekseni ing bab Panjenengane. 18 Mulane Panjenengane dipethuk dening wong akeh iku, marga padha krungu warta, manawa Panjenengane kang nindakake mukjijat iku. 19 Para wong Farisi banjur padha sapocapan: “Kowe wus padha weruh dhewe, yen kowe padha ora oleh gawe babar pisan; tontonen, wong sajagad kabeh padha ngetutburi Dheweke.”

Wong-wong kang bebarengan gusti Yesus saka Betania ketemu karo wong-wong saka ibukota kang duwe karep mapak Panjenengane ing ngare Kidron. Wong-wong iku sebanjure nguwuh: “Pas banget yen kowe mapag Panjenengane, awit Gusti Yesus pancen sang Mesih, kang nangekake wong mati minangka bukti yen pancen Panjenengane iku sang Mesih”. Anggone nangekake Lazarus pancen dadi landhesan kang utama banget kanthi mangkono wong akeh iku ndherek gusti Yesus kang sebanjure nganti ana mujijat maringi mangan limang ewu wong nggango roti lima wae. Ing kene sebanjure kita ndeleng ana loro golongan wong kang liya maneh kang sowan marang Panjenengane awit Panjenengane wis nangekake wong mati. Ing sajrone roh prekara iku katon yen katresnan manungsa marang gusti Yesus dilandhesi marang prekara-prekara kang asipat kadonyan, ora dilandhesi marang kayekten lan pamratobat.

Ing sandhinge wong-wong kang muja-muja gusti Yesus iku uga ana wong-wong Farisi lan para pemimpin agama bangsa iku kang nesu, awit meri marang gusti Yesus, lan ngenteni wektune gusti Yesus nyerang kutha iku. Wong-wong mau gemeter lan ngakoni kegagalane. Rancangan nyekel gusti Yesus sesidheman ora dadi kasunyatan. Panjenengane mlebu kutha ing sajroning kamenangan.

PANDONGA: Gusti Yesus, kula mbika manah lan pikiran kawula kunjuk Paduka, supados Sang Roh suci-Paduka mlebet ing salebetipun manah kula, lan ngribah kula ssaha andadosaken kula sami kalian gambar Paduka. Ampunten dosa-dosa kula, awit kula mboten pantes nampeni Paduka mlebeti ing manah kula. Nanging Paduka rawuh sinaosa kula dosa paduka nresnai lan milujengaken kawula, awit Paduka sampuan ngrukunake kula kalian Allah, lan nuntun kula mlebeti ing salebetipun Kraton tentrem rahayu Paduka. Kula nguwuh sesarengan kaliyan sadherek-sadherek ingkang muja-muja: “Hosana!kaberkahana Panjenenganipun ingkang rawuh ing salebetipun Pangeran”. Paduka ratu kawula, Kula kagungan Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Menapa makna saking mlebetipun gusti Yesus ing Yerusalem?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)