Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 063 (The Jews interrogate the healed man)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
2. Kewarasan wong kang wuta wiwit lahir (Yokanan 9:1-41)

b) Wong-wong Yahudi takon marang wong kang wis diwarasake (Yokanan 9:13-34)


YOKANAN 9:13-15
13 Wong kang maune wuta mau banjur diirid menyang ngarsane para wong Farisi. 14 anadene anggone Gusti Yeus damel luluhan lemah lan ngelekake mripate wong wuta mau pinuju dina Sabat 15 Para wong Farisi tumuli iya ndangu marang wong mau, kapriye bisane melek. Ature kang kadangu: “Mripat kula dipun leleti luluhan siti, kula lajeng adus, samangke kula saget ningali.”

Uripe wong- wong Yahudi iku dikaya ana kunjara, yaiku kunjara anggone manembah karo Paugeran; wong-wong mau luwih nggatekake bab panerak marang paugeran dina sabat ketimbang karo kabungahan awit saka anane kesarasan. Tangga-tanggane lan telik sandi nggawa wong kang lagi diwarasake iku marang wong-wogn Farisi supaya entuk putsan apa kewarasan kang dumadi iku awit krana Allah utawa awit saka lantarane panguwasane Iblis.

Sebanjure kawiwitan dumadine takonan kang jlimetlan pirembugan gegayutan karo gusti Yesus. Wong enom kan lagi diwarasake iku nyethakake kepiye carane anggone nyarasake langsung. Dheweka ngringkes katarangane, awit kabunganan ing sajrone kasarasane wis diregeti dening rasa sengit ing sajrone para satrue gusti Yesus.

YOKANAN 9:16-17
16 Sawenenhing para wong Farisi mau tumuli ngandika: “Wong kae ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat.” Liyane ana kang padha ngandika: “Wong kang nandhang dosa kapriye bisane gawe mukjijat kang kaya mangkono iku?” Temahan padha diyadiniya 17 Para wong Farisi banjur padha ngandika maneh marang wong kang maune wuta iku: “Panganggepmu marang wong iu kapriye, rehne kowe kang dielekake mripatmu?” ature kang didangu: “Panjenenganipun punika nabi.”

Sawise krungu paseksen iku, golongan kang manembah paugeran wiwit beda panemu. Sawetara ing antarane wong-wong mau kandha yen gusti Yesus iku kuwasane ora saka Gusti Allah, awit Panjenengane wis nerak dhawuhe Allah. Wong-wong sebanjure mbobot gusti Yesus selaras karo asal usule yaiku pikiran kang kapengeruh anggone manembah Paugeran.

Wong-wong kang liyane ndeleng ana gegayutane antarane dosane wong wuta iku karo kewarasane uga gegayutan pangapura kanggo wong wuta iku. Wong-wong kang ndeleng iku kanda yen kewarasana iku mesti ngandhut makna kang luwih jero, awit saka iku gegayutan karo anggone duwe kabisan ngapura dosa kang dadi kagungane Allah. Kanthi mengkono mokal menawa gusti Yesus iku manungsa kan dosa, awit Panjenengane paring pangapura dosa, lan ngrampungake sumber saka panandang iku.

Rong golongan iku ora nemokake dalan tengah. Rong golongan iki padha-padha wuta, dikaya wong akeh ing jaman saiki uga ngrembuk Gusti Yesus nanging mung ing kulit wae, babar pisan ora duwe arah kang cetha. Sebanjure wong-wong mau takon wong kang diwarasake iku supaya ngerti apa gusti Yesus ngandika prekara kang liya, lan kepiye panemune dhewe gagayutan karo gusti Yesus iku. Panaliti kang mengkono iku banget migunani kanggo wong-wong kang kepengin ngerti babagan gusti Yesus, apik banget kanggo nakokake prekara kang mengkono marang wong-wong kang wis dilahirake maneh. Awit wong-wong mau ngerti kepiye carane dimerdekakake saka dosa lan bebendune Allah. Tanpa anane kelahiran anyar kita mula kita ora bakal bisa ndeleng Allah.

Wong kang lagi wae diwarasake iku wiwit duwe pikiran, “Sebanjure sapa ta gusti Yesus iku?” Wong wuta mau mbandingake gusti Yesus karo para abdi Allah ing sajarone sejarah bangsane. Selaras lakune sejarah uga akeh mujijat ditindakake para nabi ,nanging ora ana wong siji wae kang tahu nyarasake wong kang wuta wiwit lahir. Saka apa kang ditindakake gusti Yesus kabeh wong kang gelem mikir bakal ndeleng yen Panjenengan iku sang Juru selamet kang ora ana bandingane. Awit saka iku wong wuta mau sebanjure nyebut gusti Yesus iku nabi, kang ora mung bisa ngerti mangsa tembe nanging uga bisa netepake ing wektu iki kanthi panguwasane Allah. Panjenengane naliti ati lan mratelakake karsane Allah.

YOKANAN 9:18-23
18 Anadene wong-wong Yahudi iku padha ora ngandel yen dheweke maune wuta lan lagi bae bisa ndeleng maneh, nganti padha nimbali wong tuwane, 19 sarta didangu: “Apa iki anakmu kang kokkandhakake yen wuta wiwit lair mula iku? Yen mangkono kapriye dene kok saiki bisa ndeleng?”20 Wangsulane wong tuwane mau: “Kula sami sumerep bilih punika anak kula, saha wuta wiwit lair mila, 21 nanging kadospundi dene sampunika saged ningali, kula sami boten sumerep. Utawi sinten ingkang ngelekaken mripatipun, kula inggih sami boten sumerep. Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak, piyambakipun saget ngaturaken prakawis badanipun piyambak”. 22 Ature wong tuwane kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wus padha sarujuk, samasa ana wong kang ngakoni Panjenengane iku Sang Kristus, bakal disebratake. 23 Mulane wongtuwane mau padha matur: “anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak.”

Wong-wong Yahudi nampik nggunakake pikiran karo mbandingake antarane mujijat ing sajroning prejanjian lawas karo pakaryan Allah ing sajroning Sang Kristus, kang pancen ngeram-eramake. Wong-wong orang pracaya yen Panjenengane iku nabi utawa utusan Allah, awit manawa wong-wong mau pracaya mengkono mula kalungguhane bakal ing pihak kang luput lan akan nyangga kaluputan mau.

Wong-wong mau tiba ing sajrone cara-cara malsu, nganti tekan akibat yen mujijat dianggep apus-apus wae, lan yen wong enom mau sejatine babar blas ora wuta, wong-wong mau siap ora nampani prekara kan mokal dumadi iku kanggo mbantah dumadine mujijat dening astane Gusti Yesus. Marasake wong kang wuta wiwit lahir sawijining prekara kang mokal kanggone wong-wong mau, lan panandang kang dumadi awit kaluputan saka wong tuwane.

Wong tuwane sebanjure digawa menyang mrana, lan wong tuwane wis krungu prekara antarane anake karo polisi ing wektu iku. Wong tuwane ngati-ati kandha awit wedi marang wong-wong Farisi, lan wong Farisi nampik apa kang wis dirungu sadurunge saka anake. Wong tuwane ninggalake anake supaya ora melu cawe-cawe ing urusan kang ruwet iku. Lan wong enom kang lagi wae diwarasake iku ditinggal dhewekan, tanggung jawab marang awake dhewe. Wong kang kasebratake iku ditetepake dening Makamah Agama kalebu prekara disebrakate iku prekara kang banget dening gedhe; iku tegese wong kang disebratake kudu dipisah karo masyarakat dikaya wong kang kena kusta. Ateges uga wong iku kelangan hak-hake lan wewengan kanggo ningkah. Anggone sengit wong-wong Yahudi marang gusti Yesus wis tekan semene iki, nganti wong-wong mau kepengin nyirnakake para pandherek Panjenengane uga.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka menika panguwaosipun Allah ingkang dados manungsa. Paduka paring pitulungan dumateng kawula ing mangsa-mangsa pacoban supados boten milih kangge aman lan sekecanipun pribai kawula kabanding kalian Paduka. Tuntun kawula supados saget nyingkur badan kawula piyambak lan supados kendel lan setyo, milih pati dipun bandingake kalian nilaraken utawi nyingkur paduka.

PITAKONAN:

  1. Kenapa wong-wng Yahudi nyelaki bab bisane wong wuta kang saka lahir iku bisa waras?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:55 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)