Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 059 (The devil, murderer and liar)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

f) Iblis, tukang gawe raja pati, lan tukang apus-apus (Yokanan 8:37-47)


YOKANAN 8:37-39
37 “Aku wus weruh manawa kowe iku padha tedhak-turune Rama Abraham, nanging kowe padha ngarah mateni aku, awit pituturKu ora oleh papan ana ing kowe.38 Apa kang wus Dakdeleng ana ing RamaKu, iya iku kang Daucapake. Mangkono uga kowe, padha nglakoni apa kang kokrungu saka bapakmu.” 39 Wong Yahudi padha mangsuli unjuke: “Bapa kula inggih Rama Abraham.” Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha dadi putrane Rama Abraham kowe mesthi padha nglakoni apa kang katindakake dening Rama Abraham”

Wong-wong Yahudi nganggep yen wong-wong iku tedhak turune Rama Abraham, lan duwe pikiran awit saka tedhak turune Rama Abraham ana gegayutane karo Ramane yaiku wong kang duwe iman, mula wong-wong mau bisa marisi janji kang wis diparingake Gusti Allah marang abdi Panjenengane kang setia iku.

Gusti Yesus ora nampik hak istimewa gegayutan iki, nanging Panjenengane prihatin awit putra-putra Abrham adoh banget saka jiwa Bapa leluhure iku. Prekara iki wis menehi Panjenengane kabisan mireng suwara Allah lan mbangun turut marang Pangandikane. Tundhone wong-wong mau nutup atine saka pangandikane gusti Yesus. Pangandikane Gusti Yesus ora bisa mlebu ing atine wong-wng mau utawa pangandikane gusti Yesus ora bisa madhangi wong-wong mau. Wong-wong mau tetap wae orang ngerti lan ora pracaya.

Pratelane Sang Kristus babar pisan ora ngasilake woh ing sajroning wong akeh iku kajaba wong akeh mau nampik lan sengit. Bisa uga, sengite seperangan wong-wong mau durung nganti tekan ing pepinginan nyedani gusti Yesus. Gusti Yesus kepiye wae, mbuka niat ing sajroning atine wong-wong mau lan ngerti yen rasa sengit iku wiwitane jumangkah gawe raja pati. Ora suwe sebanjure wong-wong mau wiwit mbengok, “Saliben Wong iku, Saliben Wong iku” (Matius 17:1-23; Yokanan 19:15)

Rama Abraham krungu Suwara Allah lan ing wektu iku uga mbangun turut marang Panjenengane. Kang luwih elok, Gusti Yesus ora mung mireng marang suwara Rama terus-terusan, nanging mirsani pakaryan lan kaagungan Allah. Pratela Panjenengane wis jangkep, kang timbul saka tetunggalan kang kuwat banget karo gusti Allah. Yaiku Roh saka Roh Panjenengane, lan katresnan saka katresnan Panjenengane.

Nanging wong-wong Yahudi sengit marang Panjenengane kang asale saka Sang Rama. Iki mbuktekake yen wong-wong Yahudi tekane ora saka Gusti Allah kang sejati. Sumber saka pikirane ora saka Suwarga. Ing cecengkahan iki, gusti Yesus mbudidaya milut wong-wong supaya mikir bab tetenger saka “Rama” wong-wong mau. Lan Rama iku dudu Rama Abraham.

YOKANAN 8:40-41
40 Nanging kang koktindakake yaiku ngarah mateni Aku, wong kang wus nglairake kyekten marang kowe, iya iku kang wus Dakrungu ska Gusti Allah; panggawe kang kaya mangkono iku ora katindakake dening Rama Abraham. 41 Kowe kabeh padha nglakoni panggawene bapakmu dhewe. “Unjuke wong-wong mau: “Lair kula pnika boten saking bedhang, kula sami gadhah Rama satunggal inggih punika Gusti Allah”

Wong-wong Yahudi banget segit marang pangandikane gusti Yesus, awit Gusti Yesus wis ndakwa wong-wong Yahudi ora duwe gegayutan maneh karo Rama Abraham. Keyakinan wong-wong Yahudi dadi tedhak turune Rama Abraham mbngun landhesan saka iman lan pengarep-arep uga dadi bombonging atine. Dadi, kepiye bisa gusti Yesus wani nduduhake kaluputan wong-wong mau ing sajroning gegayutane karo Rama Abraham lan malah ngarani wong-wong mau lan wong-wong mau medotake geayutane karo Rama Abraham.

Gusti Yesus uga nuduhaken marang wong-wong mau yen penggawene Rama Abraham iku ana ing sajrone Rama Abraham mbangun turut, uga duwe iman marang Gusti Allah, katon nalika Rama Abraham ninggalake papane dadi wong kang ngumbara. Kapercayan bab kasetyane Gusti Allah dikatonake nalika Rama Abraham ngaturake pisusung korban nggunake anake dhewe Ishak, dikaya anggone andhap asor kang dikatonake marang keponakake Lot. Kosok baline wong Yahudi ngatonake anggone wangkot, mbalelo lan anggone ora pracaya. Roh kang ana wong-wong mau lelawanan karo Sang Kristus. Awit saka iki wong-wong mau mbantah marang Allah kang ngejawantah kang nalika iku ana ing tengah-tengahe wong-wong mau; lan wong-wong mau ora gelem ngrungokake suwarane Gusti Allah lumantar Gusti Yesus. Gusti Yesus ora rawuh dadi putrane Allah kang dikawal para malaikat ing sajroning kaluhurane. Nanging dadi manungsa kang sederhana, kang mung duwe daya pengaruh ing sajroning pangandikane. Gusti Yesus ora meksa manungsa supaya gelem nampa Injile. Panjenengane mratelakake katresnan, sih rahmat lan asma Allah. Wong-wong nampik pawarto becik iki kinanthenan rasa sengit. Wongwong mau malah nggunakake pikirane gegayutan anggone arep nyedani gusti Yesus. Iki lelawanan karo kepribadian lan tumindake Rama Abraham. Rama Abraham mireng, mbangun turut, gesang lan atindak manut karo pratela Allah marang dheweke.

YOKANAN 8:42-43
42 Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka kareKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku. 43 Sabab apa kowe padha ora mangerti tembungKu? Iku awit kowe padha ora bisa nyandhak pituturKu.

Gusti Yesus membuktekake manawa Rama Abraham iku dudu Bapake wong-wong mau, lan Panjenengane mbukak sapa kang dadi Bapake wong-wong mau sing saklawase iku dienut dening wong-wong mau. Kaya dene bapake mengkono patrape, semono uga wong-wong mau.

Wong-wong Yahudi rumangsa yen gusti Yesus wis gawe cetha bedane antaran Sarirane karo wong-wong Yahudi iku. Wong-wong Yahudi atur wangsulan yen wong-wong mau dudu anak haram, kaya dene Moab lan Amon kang dilahirkan krana sesambungan dikaya bojo antaran anake wedok karo bapakne (inces) Purwaning Dumadi 19:36-38). Wong-wong Yahudi iku dudu banca Campuran kaya wong samaria, awit wong-wong iku ngakone yen Gusti Allah iku Ramane, kanthi lanesan perangan kang dinulis ing sajroning kitab Pangentasan 4:22 lan Pangadanring torat 32:6 dikaya kang tinulis uga ing Yesaya 63:16. Nalika gusti Yesus nuduhake marang wong-wong mau yen Gusti Allah iku Rama Panjenengane, wong-wong mau matur kanthi sora yen Panjenengan iku Ramane selaras karo apa kang dingandikaake kitab suci. Iki wulangan saka imane, kang sesambungan karo kuwi wong-wong yahudi wis mbudidaya lan nandang sengsara. Nanging paseksene iku luput.

Gusti Yesus nuduhake kanthi ringkes yen wong-wong mau lagi ngapusi awake dhewe. Panjenengane ngandika, “Yen pancen Gusti Allah iku Ramamu, kowe bakal nresnani Aku, awit Gusti Allah iku katresnan lan ora duwe rasa sengit. Panjenengane nresnani putrane kang asale saka Panjenengane, lan Sang Putra mratelakake hakikate Allah iku”. Gusti Yesus ora dhewe, pinisah karo Sang Rama malah sinadaya mung sedhela ora tau pisah, nanging Gusti Yesus tansah mbangun turut marang Sang Rama minangka dadi utusan kang tansah mbangun turut.

Sebanjure gusti Yesus takon marang wong akeh iku, “Kenapa kowe ora bisa ngerti apa kang Ndak ngandikaake? Aku ora ngomong basa liya, nanging aku maringi Roh-Ku ing sajroning tembung-tembung kang gampang, kang malah bocah cilik pisan bisa ngerti”. Gusti Yesus paring wangsulan atas pitakonane Dhewe, lan ngandika marang para satrue, “Kowe ora bisa krungu; kowe dudu wong merdika nanging batur; urip kasukmanmu ilang. Kowe kaya wong budhek kang ora bisa krungu menawa ana wong nyeluk kowe”

Sedulur kang kinasih, kepiye pangrungon kasukman panjenengan? Apa panjenengan krungu suwara pangandikane Allah ing sajroning ati panjenengan? Apa panjenegan krungu suwarane Panjenengane kang kanthi temen ngersakake ngresiki lan nata urip batin panjenengan? Utawa apa panjenengan gumunggung lan budheg, awit roh liya wis nguwasani urip panjenengan? Apa panjenengan makarya kanggo gusti Allah ing sajroning basa Injil, utaw apa roh ala kang mapan ing sajroning uripmu, lan panjenengan manut parintahe?

PITAKONAN:

  1. Kepiye gusti Yesus mbuktekake marang wong-wong Yahudi yen wong-wong Yahudi iku dudu putra-putra Rama Abraham?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:52 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)