Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 053 (Disparate views on Jesus)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

b) Bedane panemu babagan gusti Yesus antarane wong akeh karo Makamah Agama (Yokanan 7:14-53)


YOKANAN 7:45-48
45 Wong jaga mau tumuli padha menyang ing ngarsane para pangarepe imam lan para wong Farisi sarta dipangandikani: “Kena apa kok ora kokgawa?” 46 Wangsulane wong-wong iku: “Salaminipun dereng nate wonten tiyang ingkang wicanten kados tiyang punika!” 47 Wangsulane para wong Farisi marang para wong jaga mau: “apa kowe iya wus padha disasarake? Para panggedhe lan para wong Farisi apa ana kang pracaya marang wong iku?

Sawetara gusti Yesus lagi memulang wong akeh ing Pedaleman Allah, wong Farisi nglumpuk lan duwe kekarepan, tukang jaga Pedaleman Allah iku nyekel gusti Yesus lan nggawa Panjenengane marang para wong-wong iku. Para imam kepala kasebut akeh sinandyano sejatine wong kang dadi imam kepala kudune dadi pimpinan Makamah Agama sakumure. Nanging para panguwasa Romawi makaping-kaping ngganti para imam mau. Para kepala imam mau dipecat karo panguwasa Romawi; kang kabeh mau saka keluwarga imam. Para kepala imam iku asale saka wong Saduki kang duwe pikiran kang luwih bebas, kang ora sreg marang wong kang manembah paugeran kaya wong Farisi.

Wong-wong Farisi lungguh jejer karo para imam ing sajroning Makamah Agama. Dadi golongan kang manembah paugeran wong-wong mau nampik pikiran-pikiran Yunani, lan gawe Paugeran Torat dadi landesan iman lan panggaweane ing golongan wong-wong mau. Atine wong-wong mau wangkot, ngurmati Gusti Allah kanthi patrap kang kenceng marang awake dhewe lan marang wong liyane.

Golongan loro iku, wong-wong Farisi lan Saduki, nesu banget awit wong jaga Pedaleman Allah iku gagal anggone nyekel gusti Yesus. Para murid ora bisa malangi tukang Jaga Pedalamen Allah anggone arep nyekel gusti Yesus, lan uga wong akeh iku ora bisa ngayomi Panjenengane, nanging pangandikane akeh wong kang kadudut atine, awit saka iku para tukang jaga Pedaleman Allah iku ora wani nyekel Panjenengane, awit tukang jaga mau ngrumangsani yen pangusane Allah ana ing Panjenengane.

Awit saka anggone gagal nyekel Gusti Yesus iku wong-wong Farisi dadi nesu banget, lan wong-wong Farisi iku kandha sereng karo tukang jaga Pedaleman Allah, “Apa kowe uga melu dadi golongane wong-wong kang kesasar iku? Ora ana wong kang kurmat marang Makamah agama iku kang pracaya marang Pannjenengane. Ora ana wong pracaya kang bener kang bakal melu wong Galilea iku”

Akeh wong kang pancen nresnani gusti Yesus, nanging wong-wong kang nresnani Gusti Yesus iku wong lumrah, kang asring diremehke, dianggep wong ala utawi wong kang morale kurang apik. Gusti Yesus wis lungguh sak meja karo wong-wong iki lan ngurmati wong-wong iki, kabukti anggone rawuh. Nanging wong-wong kang rumangsa mursid ngremehake wong-wong kang mengkene iki, lan duwe pikiran yen wong-wong mengkene iki wong kang diipat-ipati Gusti Allah. Wong-wong kang rumangsa mursid iku nyawang wong iku kanthi kaca mata anggone manembah karo paugeran. Nanging wong-wong kang diremehke iki kasunyatane malah nderek gusti Yesus. Sawetara ing antarane wong-wong mau wis ngakoni dosa-dosane ing ngarepane nabi Yokanan Pembatis. Awit saka iku para panggedhe sengit karo wong akeh iku, lali yen wong akeh iku rerembugan ing sajroning basa kang padha lan nyekel pakulinan kang padha. Kabeh manungsa bakal mbangun kamanunggalan manawa timbul lelawanan lan golongan-golongan bakal timbul ing antarane wong akeh kang beda-beda golongan.

YOKANAN 7:50-53
50 Nikodhemus sawijining wong panunggalane, kang biyen wus tau sowan Gusti Yesus, calathu: 51 “Punapa angger-angger kita ngukum tiyang, saderengipun tiyang punika dipun priksa lan dipun yektosi pratingkahipun?” 52 Kancane padha mangsuli: “Panjenengan punapa inggih tiyang Galilea? Sumangga panjenengan priksa ing salebeting Kitab xuci; teman panjenengan badhe uninga bilih boten wonten nabi ingkang rawuh sasking tanah Galilea”. 53 Wong-wong iku mau banjur padha mulih sowang-sowangan.

Ana salah sawijining saka anggota Makamah agama sing ora kepenak atas patrap kenceng anggone mesatruan karo gusti Yesus. Wong iku jenenge Nikodhemus, kang tau sowan gusti Yesus kanthi singidan ing wayah bengi. Sang Kristus wis nuduhake marang Nikodhemus pentinge wong dilahirake maneh. Nikodhemus kadudut atine marang gusti Yesus lan atindak dadi pantara kanggo Panjenengane, kanthi ora ngeblak yen dheweke ngiloni gusti Yesus. Nikodhemus angladhesi rembuge ngango paugeran torat yen Paugeran Torot nglarang nibakake paukuman atase wong kang wong kang ditimbani paukuman iku ora ana ing kono.

Para hakim ing Makamah Agama iku malah nggeguyu marang wong kang duwe isen-isen ati kang mengkene iki. Malah sinadyana ana sidang perkara nanging sidang mau mung kanggo samudana wae, kang bakal nibakake paukuman kanthi cara kang keliru. Wong-wong iku wis sekuthon kang rumangsa ana buktine yen gusti Yesus iku sawijining nabi palsu awit Panjenengane iku wong Galilea, sawijining papan kang dianggep asor dening wong Yahudi awit menehi kalonggaran ing sajroning mbangun turut marang paugeran torat. Manut para panggedhe iku ora ana tanda-tanda yen nabi ing akhir jaman utawa sang Mesih iku tekane saka kana. Wong-wong Farisi duwe keyakinan yen gusti Yesus iku nabi palsu, mula wong-wong Farisi iku ngremehake Nikodhemus. Nikodhemus duwe kekarepan ngadhepake gusti Yesus marang wong-wong Farisi iki, supaya Gusti Yesus ngyakinake wong-wong mau lumantar pangandikane kang kebak panguwasa, dikaya Panjenengane wis ngyakinake marang nikodhemus.

PITAKONAN:

  1. Kenapa para imam lan wong-wong Farisi ngremehake wong akeh?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:48 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)