Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 051 (Disparate views on Jesus)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

b) Bedane panemu babagan gusti Yesus antarane wong akeh karo Makamah Agama (Yokanan 7:14-53)


YOKANAN 7:31-32
31 Ananging ing antarane wong akeh iku akeh kang padha pracaya marang Panjenengane sarta pangucape: “ Manawa Sang Kristus rawuh, apa iya bakal nindakake mukjijat luwih akeh katimbang karo kang katindakake dening panjenengane iki”? 32 Para wong Farisi tumulu padha krungu yen wong akeh padha grenengan kaya mangkono ing bab Panjenengane, mulani para pangareping imam lan para wong Farisi banjur pada kongkonan para tukang jaga Padaleman suci dikon nyekel Panjenengane.

Sinaosa ana kahanan kang rada panas awit lelawanan golongan siji lan sijine ing Yerusalem, akeh wong kang wiwit pracaya marang panguwasa saka pakaryane gusti Yesus. Wong-wong mau kandha: “Bisa uga Panjenengane iku sang Mesih iku; awit Panjenengane wis nuduhake akeh tanda-tanda kaelokan, kanthi mengkono wong-wong kang ora fanatik katuntun bisa mikir lan sebanjure pracaya marang Panjenengane. Aku kabeh ndeleng yen gusti Yesus kagungan akeh pandherek malah nganti tekan ibukota uga”.

Nalika wong Farisi ngerti, saka telik sandine yen wong-wong wiwit gumregah kasukmane, lan wulangane gusti Yesus wiwit ngoyot ing Yerusalem, wong Farisi mau kaget, lan ngajak sekuton bareng karo sing dijak jojoran selawase iki yaiku wong Saduki. Sekuton karo wong Saduki kuwi mawa karep supaya wong-wong kang duwe tanggung jawab ing Pedaleman suci bisa menehi larangan marang Gusti Yesus supaya ora memulang. Imam Agung sarujuk sekuton karo wong Farisi kanthi tujuwan nyekel Gusti Yesus.

Malaikat kang saka Gusti iku njaga gusti Yesus ing pelataran pedalamen Allah. Dadi para pengawal Pedaleman Allah kang duwe tugas nyekel gusti Yesus ora bisa nyekel. Gusti Yesus pirsa para tukang jaga pedaleman Allah iku, nanging gusti Yesus orang mlayu, nanging Gusti Yesus malah mratelakake kaluhurane. Kang nulis Injil iki mratelakaken yen iku kabeh dadi perangane rancangan keselametan kang saka gusti Allah.

YOKANAN 7:33-36
33 Gusti Yesus banjur ngandika: “Mung kari sawatara mangsa anggonKu ana ing antaramu, nuli Aku bakal sowan marang kang ngutus Aku. 34 Kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging ora bakal ketemu, sarta kowe padha ora bisa marani padununganKu. Wong-wong Yahudi tumuli pada sapocapan: “Menyang ngendi ta parane wong kuwi, dene nganti aku ora padha bisa nemokake? Apa arep marani wong kang padha ngumbara ana ing antarane wong Yunani, arep memulang wong Yunani? 36 Apa tegese tembung kang diucapake: Kowe bakal padha nggoleki Aku nanging ora bakal ketemu, sarta kowe ora bakal padha bisa marani padununganKU”

Gusti Yesus ngandika marang para satru Panjenengane yen panjenengane bakal bebarengan sawetara karo para sekabat. Panjenengane wis pirsa manawa Panjenengane bakal seda minangka cempene Allah. Nalika iku uga Panjenengane pirsa gegayutan anggone wungu saka seda, anggone mingkrat lan kondur maneh marang Sang Rama. Gusti Yesus wis kangen karo Sang Rama, kang wis ngutus Panjenengane kanggo nebus kita. Awit anggone tresna marang kita mula Panjenengane tetep ana ing jagat adoh saka pedalamen kasuwargan kagungane.

Gusti Yesus wis pirsa yen para pandhereke bakal gumun atas anggone wungu lan anggone mingkrat. Para pandhereka bakal prihatin awit para pandhereka ora badah kasuwargan kang bisa munggah bebarengan karo Panjenengane menyang ing Suwarga. Panjenengane uga pirsa yen para satrue bakal nggoleke badane kang “ilang”, kang bakal ora ditemokake ing kubur kang katutup rapet. Cilaka kanggo wong kang ora nresnani sang Juru Selamet! Wong-wong mau ora bakal bisa dadi perangane kaluhuran Panjenengane utawa ora bisa lumebu ing Suwarga. Dosa-dosane wong-wong mau bakal misahake karo Gusti Allah. Anggone ora pracaya bakal ora bisa nampa sih rahmat.

Wong Yahudi orang bisa nyakep apa kang dadi pangandikane gusti Yesus, pikirane isih nggunakaken pikiran kamanungsane lan ngiro yen gusti Yesus bakal tindak lan ngumbara menyang pedaleman Allah wong Yahudi ing kutha-kutha Yunani ing sacedhake Laut tengah. Gusti Yesus bakal nglumpukake saakeh-akehe wong-wong supaya ndherekake Panjenengane, yaiku wong-wong kang ora patia ngerti Kitab sucine wong Yahudi. Sawetara wong Yahudi wiwit ngremehake lan kandha: “ Bisa uga Panjenengane kepengin dadi juru mulang kang misuwur banget lan nglantarake apa kang dadi pikirane marang para pilsuf Yunani lan nuntun wong-wong mau percaya marang Gusti Allah kang gesang”

Nalika Yokanan nulis pirembugan gusti Yesus lan lelakon-lelakon iki, Panjenenengane mapan ana ing Efesus ing antarane wong-wong Yunani. Pawarta apik keselametan wis tekan wong-wong Yahudi kang ngumbara ing kana. Akeh wong-wong Yunani kang pracaya marang Sang Kristus. Kang nulis Injil ndeleng ing sajroning pangandikane gusti Yesus lan saka wong-wong Yahudi kang ngremehake Panjenengane, kang ditulis iku sawijining pratela yen gusti Yesus iku guru kang agung ing antarane wong-wong Yunani. Gusti Yesus ora mung nawakake palsapah kang kothong kang bakal nuntun wong marang rasa ora duwe pangare-arep. Panjenengane iku kang maringi urip; saka Panjenengane mancar panguwasa kang ora bakal tahu mandheg.

PITAKONAN:

  1. Apa kang dingandikaaken gusti Yesys gegayutan mangsa tembe Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:46 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)