Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 017 (The first six disciples)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
B - KRISTUS MIMPIN PARA SAKABAT SAKA PAMRATOBAT MARANG KABUNGAHAN BUJANA KRAMA (Yokanan 1:19 - 2:12)

3. Enem sekabat kang kawitan (Yokanan 1:35-51)


YOKANAN 1:40-42
40 Dene sakabat loro kang wus krungu pangandikane Nabi Yokanan banjur ndherekake Gusti Yesus iku, kang siji yaiku Andreas, sedulure Simon Petrus. 41 dhisike Andreas ketemu karo simon, sedulure, banjur dikandhani: “Aku wus padha ketemu karo Sang Mesis (tegese: Kristus). 42 Simon mau dumuli diirid menyang ngarsane Gusti Yesus. Gusti Yesus banjur mandeng Simon sarta ngandika: “Kowe iku Simon anake Yokanan, kowe bakal dijenengake Kefas (tegese: Petrus*).”

Andreas sedulure Petrus yaiku tukang amek iwak kang asale saka Betsaida pinggire Tlaga Tiberias. Andreas wis sowan marang Yokanan Pembaptis mretobat saka dosa, lan ngenteni rawuhe Sang Mesih. Andreas nampani paseksene Yokanan Pembaptis, lan ndherek Gusti Yesus. Atine kapenuhan kabungahan; dheweke ora bisa nyimpen anggone patemon iku kanggo awake dhewe, nanging langsung nggoleki sedulure, sadurunge nggoleki wong-wong liyane. Awit saka iku Andreas kang dadi jejering kakang, sebanjure nemoni sedulure kang banget kebak semangat kanggo nglantaraken pawarto becik iku lan kandha, “Aku wis padha nemokake janji Sang Kristus lan Juru selamate, Gusti Cempening Allah”. Petrus bisa uga atine isih mangu-mangu. Nanging Andreas banjur ngyakinake. Pungkasane, Petrus gelem nurut Andreas lan sowan marang gusti Yesus sinadyana Petrus isih durung rumangsa mantep.

Nalika Petrus mlebu ing ngomah iku, Gusti Yesus nimbali dheweke kanthi nyebut jenenge. Gusti Yesus mlebu ing sajroning pikirane, lan maringi jeneng knthi sesebutan kang anyar – “Watu karang”. Gusti Yesus pirsa kabeh mangsa kepengkere Petrus, ing wektu saiki, lan ing wektu kang bakal teka, kang pancen asring Petrus senengane atindak sembrana. GustiYesus pirsa isi ati kang pancen tinarbuka kanggo Panjenengane. Petrus ngerti lan sumarah sanalika ing pamirsane Gusti Yesus. Gusti Yesus kanthi sabar wiwit ngrubah juru amek iwak kang cepet gonjang-ganjing iku dadi watu karang kang teguh. Petrus ing sajroning Sang Kristus dadi landhesan gereja. Dadi yen bisa disebutake Andreas dadi murid kang mbuka dalan.

Murid kang liyane uga dadi sarana nggawa sedulur tunggal wetenge. Yokanan nggawa Yakobus, sedulure marang gusti Yesus, sinadayana Yokanan nyingitake jenenge ing sajroning Injile, iku mbuktekake anggone andhap asor. Malah Andreas lan Yokanan iku kalebu murid kang kawitan manawa di semak saka waktune.

Kaendahan saka ayat-ayat pambuka iki bisa dibandhingake karo lelakone srengenge mlethek, bangbang wetan saka sawijining pos anyar. Wong-wong pracaya iku babar pisan orang mentingake awake dhewe, nanging nuntun wong liya marang Sang Kristus. Ing wektu iki para murid ora lunga menyang dalan gedhe utawa dalanan cilik nindakake penginjilan, nanging ngunderake kawigatene marang sadulur-sadulure lan nuntun sadulure-sadulure mau marang Sang Kristus. Para murid ora ngoyak wong-wong kang mangu-mangu utawa para ahli politik, nanging nggoleki wong-wong kang ngrasa luwe marang Allah, kang remuk atine lan kang nggetuni dosane.

Para murid sinau martakake pawarta becik bab sih rahmat iku, dudu karo semangat kang ngawur, nanging kanthi kabungan kang asumber saka gegayutane karo gusti Yesus. Para murid kang wiwitan iku ora ngedegake sekolah-sekolah teologi, atau nulis dhewe riwayat uripe, nanging nyesekake kanthi cangkeme gegayutan pengalamane dheweke. Yohanes wis ndekeng Gusti Yesus, lan krungu Panjenengane, ndemek astane Panjenengane lan pracaya marang Panjenengane. Patungalan kang banget cerak iku dadi sumber panguwasane. Apa panjenengan wis ketemu karo Gusti Yesus ing sajroning Injil kagungane? Apa panjenengan nuntun para murid panjenengan kanthi kebak kesabaran lan kanthi cara kang ngyakinake?

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka kangge kabingahan ing salebetipun manah kawula. Wangun kawula kanthi kaendahan patunggilan karo Paduka. Ganjar kawula raos ngorong ing manah supados martakaken Injil kanthi katresnan. Paduka apunten sadaya patrap jireh lan isih kawula, kanthi makaten saget dados seksi ing salebetipun asma Paduka kanthi kebak kekendelan.

PITAKONAN:

  1. Kepiye para murid kang kawitan nyebaraken asma Gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)