Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 015 (Testimonies of the Baptist to Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
B - KRISTUS MIMPIN PARA SAKABAT SAKA PAMRATOBAT MARANG KABUNGAHAN BUJANA KRAMA (Yokanan 1:19 - 2:12)

2. Paseksen liya kang nggegerake saka Yokanan Pembaptis bab Sang Kristus (Yokanan 1:29-34)


YOKANAN 1:31-34
31 Ing maune aku iya ora wanuh marang Panjenengane, nanging supaya Panjenengane kalairna marang Banisrael, mulane tekaku nganggo mbaptis ing banyu.” 32 Lan maneh paseksene Nabi Yokanan mangkene: “Aku wus ndeleng Roh tumedhak saka ing swarga kaya manuk dara, dedalem ing sarirane. 33 Maune aku iya ora wanuh karo Panjenengane, nanging kang ngutus aku mbaptisi ing banyu, wus ngandika marang aku: Manawa sira weruh Roh iku nedhaki sawijining wong lan dedalem ing sarirane Wong mau, iya iku kang bakal mbaptis sarana Roh suci. 34 Anadene aku wus ndeleng lan nekseni yen iku Putraning Allah”.

Gusti allah nimbali Yokanan Pembaptis nalika umure 30 tahun, ditimbali kanggo nyawisake dalan Sang Kristus, lan nepungake Panjenengane marang manungsa. Prekara iki dumadi nalika anane baptisan kang ditindake dening Panjenengane, kang agawe wong-wong getun nganti tumeka marang pengarep-arep ing sajroning nampani Sang Kristus. Gusti Allah ngandika marang Yokanan Pembaptis kanthi janji manawa Panjenengan bakal ndeleng apa kang ora tau dideleng dening wong liya-dadi seksi mundhune Sang Roh suci atas Sang Kristus. Kanthi cetha manawa Sang Roh iku mudhun atas gusti Yesus. Para nabi ing sajroning Prejanjian Lawas kailhaman kanggo sawetara wektu, nanging Sang Kristus bakal tetap kapenuhan dening sang Roh suci. Kaya sumber banyu kang langgeng, Sang roh suci bakal nguwasani wong-wong pracaya kanthi panguwasa kang asifat keallahan.

Wong loro nom-noman iku ngadheg amping-ampingan ing pinggir kali, tenan – tenan langit tinarbuka alon-alon, lan ujug-ujug Yokanan ndeleng Roh Suci kang awujud manuk dara, warnane putih ing langit biru kang nglambangake katentreman lan alusing bebuden.

Sang Roh suci ora mudun marang Yokanan Pembaptis, utawa marang wong-wong kang getun iku, nanging langsung marang gusti Yesus sumendhe ing bahu Panjenengane minangka bukti kang apik kanggo Yokanan Pembaptis manawa nom-noman saka Nazareth iku luwih gedhe tinimbang kabeh nabi lan kabeh tumitah. Yokanan Pembaptis ngerti manawa Gusti Allah lagi jumeneng ing ngarepe, Kang Langgeng kang suwe dianti-anti.

Ora perlu mangu-mangu yen Yokanan Pembaptis mesti kebak pujian lan kabungahan, kaya nalika dheweke nglunjak ing kandhutane ibune, nalika Maryam nekani ana omahe yaiku sedulure wadon Elisabet kang uga ngluhurake gusti ing sajroning kabungahan lan pujian (Lukas 1:36-45)

Yokanan Pembaptis nepung Sang Kristus minangka jejere priyayi kang paring Sang Roh Suci, nanging dheweke ora nutupi apa kang di deleng iku, nanging mratelakaken marang umum kanthi nguwuh, “Gusti wis rawuh; Panjenengane ana ing kene, ora arep ngadhili nanging arep nuduhake katresnan lan kersane kang apik. Panjenengan dudu manungsa lumrah, nanging putra Allah kang kapenuhan dening sang Roh suci. Sapa wae kang kandha yen gusti Yesus iku Roh kang saka Allah, nalika iku uga ngakoni manawa Panjenengane iku Putra Allah”. Dadi Yokanan mratelakake kanthi cetha tujuwan rawuhe Sang Kristus: yaiku mbaptis wong-wong kang getun kanthi Sang Roh Suci. Gusti Allah iku Sang Roh, Putrane yaiku Sang Roh Allah kang dadi daging. karsa apik saka Gusti Allah yaiku supaya para pandhereke kapenuhan karo kasunyatan Ilahi iki : Gusti Allah iku katresnan.

Sedulur kang kinasih, apa panjenengan wis kapenuhan dening Sang Roh Suci? Menapa panjenengan wis ngalami panguwasane Sang Kristus ing sajroning urip panjenengan? Sang Roh iki dadi kagungan panjenengan mung lumantar pangapuraning dosa, lumantar iman marang pangorbanane Sang Kristus. Wong kang nampani pangapura saka cempening Allah wong iku bakal kapenuhan sang Roh Suci. Putra Allah sumadiyo maringi ganjaran sang Roh suci Panjenengane marang saben wong pracaya.

PANDONGA: Oh putra Allah ingkang suci, kawula manembah lan ngluhuraken Paduka. Paduka ngasoraken sariro Paduka kangge kawula, lan manggul samukawis dosa kawula. Kawula ngaturaken panuwun atas pangapuntene dosa kawula lumantar rah ingkang Paduka esokaken ing kajeng Salib. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka ugi atas panguwaos Sang Roh suci Paduka ingkang paduka esokake dhumateng kawula lan dumatneg sadaya manungsa ingkang nresnani paduka. Paduka gigah tiyang-tiyang ingkang tilem lan gesang wonten ing panerak lan dosa-dosanipun. Enggalaken lan kapenuhana kaliyan kayekten Paduka kang alus.

PITAKONAN:

  1. Kenapa gusti Yesus dadi priyayi kang maringi Sang Roh suci?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)