Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)
e) Para murid Nyethuti Wulen Gandum Ing Dina Sabat (Matéus 12:1-8)MATÉUS 12:1-8 Para murid Sang Kristus krasa luwe awit para murid ora duwé dhuwit. Para murid ndedonga marang Sang Rama, “Paringana kawula tetedhan kanggé dinten menika,” lan pracaya marang Gusti Allah lan pracaya marang panjangkungé Panjenengané saben dina, pracaya yén Panjenengané bakal ngrubah ati manungsa dadi ilineng banyu. Nalika para murid Panjenengané ngenténi peparingé Gusti Allah, para murid wiwit nyethuti wulené gandum awit para murid luwe. Iki ora dianggep nyolong awit pancen ing jaman Prejanjian Lawas pranatan ngidinaké wong njupuk sapreluné kang bisa dipangan manawa wong iku ing kahanan luwe, nanging manawa nganti digawa karo nggunakaké wadah, ya iku kang dianggep nyolong. Manut prejanjian Anyar, ora pantes njupuk apa waé kang dudu barang darbeke. Wong-wong Farisi ora ndakwa para murid awit nyolong gandum, nanging awit anggoné njupuk gandum banjur dionceki pisan ing dina Sabat, awit prekara kang mengkono wis dianggep nyambut gawé. Iki, manut pangertén wong-wong Farisi, sawijining panerak marang paugeran Sabat lan pantes diukum pati. Anggoné mbangun turut marang paugeran Sabat sawijining simbol gedhé kang nggayutaké wong-wong iku karo Paugeran Gusti, kang wis misahaké lan milih wong-wong mau saka antarané kabéh bangsa kang liya. Nanging Sang Kristus, ing sajroné kawicaksanan Panjenengané nyethakaké marang wong-wong, lumantar conto saka Daud lan para imam, yén dhawuh kanggo nresnani Gusti Allah lan manungsa luwih gedhé tinimbang karo Pranatan Sabat. Panjenengané mbandhingaké para murid Panjenengané karo para imam lan raja, awit wong-wong kang mlarat ing sajroné Gusti Allah, sabeneré, wong-wong iku yaiku para imam lan raja ing ngarsané Gusti Allah. Wong-wong mau uga pérangan saka Prejanjian Anyar, kang pranatané beda karo kang lawas. Sang Kristus nyebut sarirané minangka Gusti atas dina Sabat, awit Panjenengané ngasta Pranatan kang anyar-pranatan katresnan. Kang maringi pranatan kasuwargan mulangaké marang kita basa manungsa ora dibeneraké awit mbangun turut pranatan, nanging mung awit sih rahmat lan rah Cempening Allah. Wulangan Sang Kristus ngersakaké kita leladi kanthi katresnan lan kabungahan, malah ing dina sabat pisan. Kanthi katresnan kita disucékake. Tandha kang cetha banget yén wong-wong Kristen ora kabawah Pranatan lan tuntunan Pranatan torét, yaiku wong-wong kristen ngibadah ing dina Minggu lan ora ing dina Sabat. Minggu iku dina ing ngendi Sang Kristus wungu saka kubur sakwisé ngalahaké pati. Minggu iku lambang saka panguripan kang asipat keallahan kang diwartakaké déning wunguné Sang Kristus. Lan nalika iku uga dadi sarana kamardikan kita saka tuntutan pranatan Nabi Musa. Kita mangerti yén kita ora dibeneraké awit mbangun turut Pranatan Sabat utawa Pranatan dina Minggu, awit dadi laknat wong-wong kang mbudidaya dibeneraké lumantar pranatan, nanging sing sapa melu njegur ing sajroné Roh lan kasugengané Sang Kristus bakal urip lan disucékaké saben dina nganti salawase. Sang Kristus ora nyucékaké manut wektu lan mangsa, nanging Panjenengané nyucékaké para pandhérék Panjenengané nganti para wong-wong mau bisa urip ing sajroné kasucén saben dina ing seminggu lan ora mung dina Setu lan Minggu waé. PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun saking telenging manah kawula awit Paduka sampun nyucékaké kawula lan merdikaaken kawula saking tuntutan tatanan ibadah. Dipun luhuraken Paduka awit sampun nganthi kawula ing saben dinten ing salebetipun pendamelan kawula. Paduka nyekapi saben dinten jam kawula kanthi katresnan Paduka. Tulung kawula supados mangertos lan gesang ing salebetipun panguwaos wungunipun putra Paduka ing salebetipun gesang kawula kanthi makaten kawula saget gesang ing margi kalanggenan. Amin. PITAKONAN
KUISPara maos kang kinasih,
Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku: Waters of Life Internet: www.waters-of-life.net |