Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 225 (Parable of the Wise and Foolish Virgins)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

12. Pasemon Para Perawan Kang Wicaksana Lan Kang Bodho (Matéus 25:1-13)


MATÉUS 25:8-13
8 Prawan-prawan sing bodho nembung marang praawan-prawan sing pinter: Bok aku wenehana lengamu sathithik bae, diyanku wis arep mati. 9 Nanging wangsulané prawan-prawan kang pinter: aj, mengko ora sedheng kanggo aku lan kanggo kowé. Angur menyanga enggoné sing dodol, tukua dhéwé. 10 Nanging nalika lagi padha lunga tuku lenga, mantené teka, prawan-prawan sing wis miranti padha melu manten lumebu menyang ing pahargyan, lawangé banjur dikancing. 11 Sakwisé mangkono prawan-prawan liyané iya teka lan matur: Bandara, bandara, kawula nyuwun kori! 12 Nanging wangsulané panganten lanang: Satemené pituturku marang kowé: Aku ora wanuh karo kowé. 13 Mulané padha meleka, awit kowé padha ora weruih dinané lan wayahe.
(Matéus 7:23, 24:42, 44, Lukas 13:25).

Sang Kristus bakal rawuh saka suwarga nalika wong ora kinira. Anggoné Panjenengané kang ujug-ujug bakal dadi gonjang ganjingé wong-wong pracaya lan nangekaké wong-wong pracaya iku saka anggoné turu awit wong-wong parcaya iku wis ngerti sadurungé apa tegesé anggoné rawuh Sang Juru selamet: pungkasan saka jagat raya iki lagi teka.

Nanging, akéh kang ora pracaya yén anggoné rawuh Sang Kristus kang kapindho lan pengadhilan pungkasan iku bakal dumadi ing jaman saiki. Ing antarané wong-wong kang ora pracaya mau, ora bakal ana panglipuran lan rasa wediné bakal gedhé banget. Nalika waktu kang wis katetepaké, wong-wong mau bakal ngrumangsani bebaya saka atiné dhéwé kang ora gelem rubah, pikiran ala, lan patrape kang ora duwé moral. Sebanjuré wong-wong mau bakal gelem nganyaraké kabéh kekurangan kuwi sak cepet-cepete. Nanging pambobote Gusti Allah ora tuwuh ing sajroné kita ing sajroné sakedheping netra. Kita banget beja yén rah Gusti Yésus Kristus wis nuku pambobot-pambobot iku kanggo kita lan maringi kita panguwasa Sang Roh Suci. Panjenengané iku lenga kanggo diyan kita. Kita ngaturaken panuwun marang Panjenengané lan masrahaké urip marang Panjenengané nyingkur awaké dhéwé, kanthi mangkono Panjenengané bener-bener nyucékaké kita.

Rasul Pauolus nglatih awaké kanggo ngrungokaké telenging atiné kang kudu duwé panggraita landhep marang tuntunané Sang Roh Suci. Senajan dhéwéké kang dadi rasule Sang Kristus, rasul Paulus terus terusan disucékake. Rasul Paulus kepéngin dadi patuladan kang becik kanggo gereja ing sajroné gegayutané karo anggoné mbangun turut, mburu apa kang becik, pangorbanan, katresnan. Latihen awak panjenengan kanggo nindakaké patuladan Sang Kristus kanthi mangkono panjenengan bisa nglakoni panguripan minangka jejeré wong-wong suci; ora nganggo kekuwatan panjenengan dhéwé, nanging awit manunggale Sang Roh Gusti. Sebanjuré panjenengan bakal bisa dadi sumber tuking kabecikan, sin kawelasan, lan kabunghan ing sajroné masyarakat panjenengan. Apa panjenengan gelem dadi padhanging Sang Kristus ing sajroné jagat kang peteng iki?

Sawijining wong pracaya ora bakal urip kanggo kepentingangé dhéwé, nanging kanggo gusti Allah. Pengantin wanita ora dandan kanggo awaké dhéwé nanging kanggo pengantin lanang. Dadi kita ora urip ing sajroné kasucén supaya kita bisa nampani kasuwargan, nanging awit kita nresnani Sang Kristus kang wis séda kanggo kita, lan maringi kita kabéh berkah kasuwargan kanthi ora mbayar. Kita ngaturaké panuwun marang Panjenengané kanthi masrahaké awak kita marang Panjenengané. Kita masrahaké panguripan kita ing sajroné asta Panjenengané lan Panjenengan bakal ngalimputi kita nganggo watek-wantu Panjenengané. *Wong-wong kang ngaturaké panuwun atas anggoné awaké ditebus, lan manunggal ing sajroné pangandikané Gusti iku uga wong-wong kang bakal dipilih Sang Kristus nalika Panjenengané rawuh. Wong-wong iku nggawa asma lan gambaran Sang Kristus ing sajroné awaké, wong-wong iku woh-woh saka salib Panjenengané. Atur panuwun lan pujiané wong-wong iku bakal manunggalaké wong-wong mau ing sajroné katresnan marang Panjenengané. Tujuwan panguripané yaiku manunggale Kristen karo Sang Kristus kang murnekaké wong-wong mau nganggo rah Panjenengané kang larang.

Nanging wong-wong kang nampik katresnan, pangapura lan panguwasa ilahi saka Gusti Yésus ora bakal ditunggalaké nganggo rah Panjenengané nalika Panjenengané bali. Kabéh anggoné tegen lan pambudidaya ndandani awaké dhéwé ora bakal dipetung awit panguripané ora dibangun atas Gusti Yésus Kristus, kang nuntun marang babagan nyingkur awaké dhéwé lan kayektén. Kaya apa gedhé bebaya yén lawang suwarga bakal katutup kanggo wong-wong mau! Sang Kristus ora bakal wanuh marang wong-wong mau, lan malah Panjenengan bakal nganggep wong-wong mau wong-wong manca, minangka jejeré wong-wong kang babar pisan Panjenengané ora wanuh. Gusti iku adil, lan maringi wewengan marnag kita kabéh supaya rawuh marang Panjenengané lumantar Roh Panjenengané. Wong-wong kang nampik Panjenengané bakal kelangan wewengan kang banget déning ora ana bandhingané iku. Apa panguripané panjenengané sedulur, tanpa Sang Kristus? Utawa apa Panjenengan nyambut gawé lan ngasilaké woh ing sajroné panguripan panjenengan?

Ing sajroné pasemon iku, nalika pengantin lanang teka, lawang ditutup, yaiku kanggo ngamanaké wong-wong kang ana njero, lan misahaké saka wong-wong kang ana ing njaba. Wong-wong pracaya kang yaiku cagak saka Pedaleman Allah, ora kena metu saka kana (Wahyu 3:12). Nalika wong-wong suci mlebu ing sajroné Firdus kasuwargan, wong-wong mau bakal tetap ana ing njero. Kahanan wong-wong suci uga wong-wong dosa nalika iku ora bakal bisa dirubah manéh, lan wong-wong kang kakunci ing njaba, ora bakal tau bisa mlebu nganti salawase. Sakwisé Pengantin lanang kang teka, lawang sebanjurie bakal ditutup lan digembok, lan bakal ana jurang kang misahaké kang banget jembar antarané suwarga karo neraka. Kahanan pungkasan iki kaya ditutupe lawang perahu Nuh nalika Nuh mlebu. Wong-wong kang diselametaké dadi selamet awit putusan iku, sawetara wong-wong kang milih ora mlebu bakal disirnakake.

PANDONGA: Rama kasuwargan. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas kabingahan kasuwargan ingkang nggeret kawula, lumantar Rawuh Putra Paduka ingkang kaping kalih. Paduka tulungi kawula supados manunggal ing salebetipun Panjenenganenipun lumantar iman kanthi makaten kawula saget ngawonaken manah kawula ingkang wangkot kanthi katresnan Paduka ingkang anget, nresnani para satru kawula, lan nyawisaken awak kula babagan rawuhipun Gusti Yésus. Paduka sucékaken kawula ngantos sampurna kanthi makaten kawula saget nresnani sedhérék-sedhérék ingkang sami ical, lan ngundang sedhérék-sedhérék menika supados kepanggih kaliyan Panjenenganipun kanthi makaten sedhérék-sedhérék menika mboten nampi kacilakan.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé prawan-prawan kang bodho iku ora bisa nampa kayektén lan kasucén Sang Kristus ing jaman pungkasan sadurungé Panjenengané rawuh manéh?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:33 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)