Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 056 (Forbidding Oaths)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
1. Tanggungjawab Kita Tumrap Manungsa (Matéus 5:21-48)

c) Maleri Sumpah Ateges Kandha kang Sakbeneré (Matéus 5:33-37)


MATÉUS :33-37
33 “Kowé wus padha krungu, yén para leluhur padha tampa pangandika mangkéné: Aja nglairaké sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangéran. 34 Nanging Aku malah pitutur marang kowé: Aja supata babar pisan, dadia demi swarga, awit iku dhamparing Allah, 35 dadia demi bumi, awit iku ancik-anciking sampeyané dadia demi Yésusalem, awit iku kuthané Sang Nata Agung. 36 Iya aja supata demi sirahmu, awit kowé ora bisa mutihaké utawa ngirengaké rambutmu saéler bae. 37 yén iya, kandhaa: Iya, yén ora, kandhaa: Ora. Saluwihé saka iku, asale saka pangawak dursila.”
(Kaimaman 19:12; Wilangan 30:3; Matéus 23:3; Matéus 23:3; Yakobus 5:12)

Jagat dibanjiri karo wong apus-apus, ngapusi lan crita kang digedhék-gedhékake. Kabéh uwong ngalor karo pepadhané. Kruma apus-apus lan pokal urik tekan ing laladan dedagangan, politik lan pérangan-pérangan beda-beda saka panguripan masyarakat. Apus ingapusi kang gedhé dhéwé yaiku nalika manungsa sumpah demi Allah kanggo anggoné apus-apus kang ala, awit saka ringkihé pratélané wong-wong mau. Cepete sumpah diwetokaké asring nuduhaké ana dora kang siningitan.

Sawetara wong lelamisan yén dhéwéké pinter lan yén gagasané ora andadekaké mangu-mangu manéh kayekténané nanging mung Gusti Allah kang pirsa kabéh wadi. Panjenengané iku Kang Maha Pirsa lan pirsa karep uga alesan sabeneré saka saben tumindak kita. Pangertén kita ora sempuna nanging winates, lan apa kang dadi pambiji kita ora tansah bener. Tanpa pitulungan Gusti Allah, pangertén lan pambiji kita bakal beda karo pambijiné Allah kaya adohé langit karo bumi.

Angel banget mangerti sikep utawa tembung wong senajan wis disengkuyung karo sumpah. Kita kudu ngakoni yén asring kita ora ngreti beneré kepiyé. Sebanjuré kita bakal ngrungokaké panemu saka wong liya lan cemawis sinau saka wong-wong iku kang pikirané lugu lan saka pengalaman kang beciké, kanthi eling yén kita mung abdi kang ora ana gunané (Lukas 17:10). Wong kang gumunggung utawa fanatik bakal wani sumpah awit dhéwéké ngimpi yén dhéwéké bisa ngendelaké awaké dhéwé, nanging wong kang pracaya ora ngendelaké awaké dhéwé nanging ngendelaké juru selamete, Gusti.

Sang Roh Suci mulangaké marang kita supaya tansah mratélakaké kayektén kanthi andhap asor tanpa nggedhék-nggedhékaké, lan nuntun kita supaya ngluhuraken lan ngurmati gusti Allah. Ing kené kita nemokaké bedané kang banget penting antarané para wong kang ngapusi karo kita. Wong-wong iku katon gumunggung, kepéngin diregani, dikaya bapaké kang ala, yaiku iblis, kang ngapusi awaké dhéwé awit duwé pikiran yén dhéwéké ngedap-edapi, sawetara kita, ing sajroné Sang Kristus, ngasoraké awak, ngakoni karingkihan lan dosa-dosa kita lan cekelan marang keselametan lan sih rahmat Allah, luru pituduh saka Panjenengané.

Gusti Yésus wis merdikaaké kita saka anggon kita leladi marang wong-wong tertamtu waé lan nuntun kita supaya leladi kabéh manungsa ing sajroné kayektén. Katresnan tanpa kayektén iku ngapusi. Mengkono uga, kayektén tanpa katresnan bakal mateni. Ayo kita nuduhaké katresnan alandhesan kayektén lan nawakaké kayektén Allah ing sajroné kawikcaksanan katresnan.

Sang Kristus waé, kang bisa nylametaké kita saka kabéh apus-apus lan anggong kita gumunggung ing saben ndinané kita. Sing sapa mlebu ing sajroné sekolah kayektén ilahi Panjenengané bakal sinau nampik patrap apus-apus, malah “apus-apus putih” lan ora bakal nyebut asmané Allah kanthi sembrono. Kita kudu sinau ngurmati Panjenengané kanthi paseksen kang lenceng, kanthi mengkono ilat kita bakal dadi bener lan telenging ati kita dadi murni, awit kita dudu anak-anak saka Bapak tukang apus-apus nanging saka Bapa kayektén. Kita aja kandha luwih saka kang diprélokakem, lan nalika kita kudu kandha, kandhané kita kudu ringkes lan cetha lan ing sajroné kawicaksanan kang saka Sang Roh Suci.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, ilat kawula asring ngomong apus-apus. Padula obong kabéh watek gumunggung, sadaya bebantahan saking ilat kawula. Padula wucal kawula kados pundi andhap asor supados kawula saget yektos ing salebetipun Sang Roh Kudus Paduka. Paduka paringi pepadjar kawula supados kawula wanuh kayektosan. Tuntun kawula dhumateng kayektosan lan kapenuhana ing salebetipun asma Paduka, awit Paduka menika kayektosan, kantyhi makaten kawula dadis yektos ing salebetipun kekajengan lan pikiran kawula uga lumampah ing salebetipun kayektosan, kaadilan lan kasucén. Kersanipun Sang Roh kayektosan nguwaosi ing salebetipun pikiran lan tembung-tembung kawula.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané kita dadi bener ing sajroné tembung, tembung lan patrap kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 12:42 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)