Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
C - Dadi Mursid Iku Tegesé Sesambungan Kang Anyar Karo Gusti Allah Lan Pepadhaning Manungsa (Rum 5:1-21)
3. Kanugrahanipun sang Kristus ngasoraken pati, dosa lan angger-angger Torét (Rum 5:12-21)RUM 5:12-14 Paulus nerangaken dhumateng kita wadining pepejah ing naraka, nedahaken bilih dosa kita njalari tumpesing gesang kita. Bapa Adam lan Ibu Khawa miwiti pambalela dhumateng Allah, lan ngunchuh paukuman pejah, njalari sadaya titah dhumateng kanisthanipun, karana kita sadaya tuwuh saking wiji ingkang sami. Wiwit nalika samanten, pati ngereh sadaya makluk, ugi dhumateng tiyang-tiyang ingkang mbangun turut dhumateng angger-angger pepaken lan ugi tiyang-tiyang mursid/ saleh wiwit mangsa prajanjian lami, karana dosa cetha nyata, lan paukuman pejah sampun sah katetepaken. Kita sadaya pejah, awit kita sadaya dosa. Donya kita selaku manusa sanes gesang langgeng. Sekedhik baka sekedhik kita tumuju dhumateng pepejah kita. Nanging Allah maringi wekdal dhumateng kita kangge mratobat supados kita nampi Sang Juru wilujeng lan katepangaken dhumateng gesang enggal lumantar iman Kristen kita. RUM 5:15-17 Paulus nerangaken dhumateng kita wadining dosa lan pepejah awit dening Adam ingkang wiwitan, lan bab kayekten sarta pigesangan awit dening Adam ingkang kaping kalih. Piyambakipun nyebut bapa dhumateng ingkang wiwitan, “satunggaling model bab Sang Kristus ingkang bade dhumateng.” Paulus boten ngandika bilih kados dene dosa lan pepejah tuwuh saking Adam, mekaten ugi kanugrahanipun Allah lan gesang langgeng tuwuh lumantar manusa Yesus; awit Sang Kristus langkung agung katimbang Adam, benten kaliyan Adam. Gusti maringaken dhumateng kita -boten namung sekedhik- nanging matumpa-tumpa kanugrahan lan berkah kaswargan. Kanugrahanipun tumrah kathah. Kanugrahan punika boten njalari pepejah lan kalumpuhan kados dene wohing dosa, nanging ngasilaken pigesanga, wungu, ngedalaken woh, tuwuh lan santosa. Paukumanipun Allah tumrap dosa kawiwitan wiwit manusa ingkang wiwitan lan kalajengaken dhumateng sadaya manusa. Prekawis punika benten kaliyan pakaryan ngleresaken, ingkang boten dipun wiwiti saking tiyang dosa, nanging kaliyan sadaya tiyang dosa, amargi Yesus sampun ngleresaken sadayanipun. Sinten ingkang pitados dumateng Panjenenganipun bade kaleresaken. Nalika pepejah -karana dosanipun manusa ingkang wiwitan- dados ratu ingkang njalari pejah tumrap sadaya manusa, Yesus kanthi kanugrahanipun mbikak sumbering toya pemarem lan kasaenan ingkang ngilekaken gesang langgeng dhumateng sadaya tiyang pitados. Nanging Allah boten ngereh kanthi pameksa tumrap manahipun tiyang-tiyang pitados, kados ingkang katindakaken dening pepejah. Manusa ingkang kasucekaken bade nderek ngereh salami-laminipun sesarengan kaliyan Sang Kristus, Juru wilujeng lan Gustinipun. Kaagunganipun Sang Kristus boten saged kabandhingaken kaliyan Adam ing prekawis menapa kemawon, awit kanugrahan lan gesang saking Allah benten sanget kaliyan pepejah lan wewelak. RUM 5:18-21 Paulus ngambali bandhinganipun antawisipun Adam lan Sang Kristus. Ing perangan punika piyambakipun boten mbandhingaken kalih pribadi punika, nanging pakaryan lan asilipun. Lumantar satunggaling panerak, paukuman tumanduk dhumateng sadaya manusa, nanging lumantar satunggaling tumindak kayekten, pakaryan ngleresaken lan panyucen wonten gesang langgeng kaparingaken dhumateng sadaya manusa. Saiba ageng prekawis kaswargan punika dipun tawakaken. Karana panerak saking manusa ingkang wiwitan, kita sadaya dados abdining dosa; nanging lumantar pambangun turut ingkang wiwitan, kita dipun merdikakaken lan dados leeres. Pungkasanipun, wonten ing pambandhing antawisipun Adam kalayan dosaniun lan Sang Kristus kalayan kayektenipun, Paulus lumebet ing prekawis angger-anggering Toret. Angger-angger punika boten kaanggep dados sarana pitulungan ingkang milujengaken donya awit angger-anggering Toret katetepaken ing lelampahaning karahayon kangge nedahaken panerak kanthi cetha, lan mbereg manusa netepi pambangun turutipun. Angger-anggering Toret punika nambahi wangkoting manahipun manusa lan saya kathahing dosanipun. Nanging Sang Kristus nuntun kita rumaket dhumateng sumbering sadaya kanugrahan, lan Panjenenganipun nawakaken kapenuhaning pangwaos lan kayekten ingkang lumintu temah kanugrahan punika saged mili dhumateng salumahing bumi. Paulus bebingah lan nguwuh-uwuh kanthi sukarena “Manawa dosa, lumantar pati, ngereh kabeh manusa ing mangsa kawuri, saiki pangwasane wis entek, amarga saiki kanugrahan wis dimakuthani minangka pangwasa ing mangsa saiki, kang didegake dening kayektene Allah kang kakukuhake dening salibing Sang Kristus.” Sadaya tiyang nggadhahi alesan kangge ngucap sokur, ngraosaken katentreman lan ngunjukaken pamuji, karana seda lan wungunipun Sang Kristus mbikak mangsa lelampahan ingkang enggal kangge kita, bilih dosa lan pati dipun kawonaken. Kita ningali saya agenging kanugrahan lumantar woh-wohipun lan gesang langgeng, sarta kapenuhaning pangwasanipun Allah ingkang makarya lumantar Injil wonten gesangipun sadaya tiyang ingkang pitados dhumateng Sang Kristus. PANDONGA: Kawula manembah dhumateng Paduka, Gusti Yesus, amargi Paduka sampun menang tumrap dosa, pati lan iblis. Paduka ngasta kawula lumebet dhumateng mangsa kanugrahan, lan ndadosaken kawula kanca makarya wonten babagan ingkang ngremenaken penggalih inggih punika karya kaslametan Paduka. Gusti mugi kiyataken iman kawula, lan padhangana pangertosan kawula, saéngga kawula mboten bakal mbalik malih dhumateng kakiyatan ingkang sampun Paduka asoraken. Mugi Gusti kiyataken kawula wonten ing sih kanugrahan Paduka, lan tuwuhaken woh-woh Roh Suci wonten ing gesang kawula, minangka tandha menawi kanugrahan Paduka langkung kiyat tinimbang pati. Matur nuwun amargi Paduka amberkahi kawula kanthi kebak, lan Paduka njaga kawula lumantar kasetyan Paduka. PITAKON:
|