Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 067 (Jesus is the Good Shepherd)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
3. Gusti Yesus Pangon kang becik (Yokanan 10:1-39)

c) Gusti Yesus iku pangon kang becik (Yokanan 10:11-21)


YOKANAN 10:11-13
11 Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohake nyawane kanggo wedhus-wedhuse, 12 nanging mungguh buruh kang dudu pangan sarta dudu kang duwe wedhus-wedhus iku dhewe, samasa weruh ana asu ajag teka, wedhuse ditinggal mlayu, temah asu ajag iku nubruki lan mbuyarake wedhuse.13 Anggone lumayu iku jalaran mung buruh, lan ora gumati marang wedhus-wedhuse iku.

Gusti Allah sabar marang para Raja, para nabi palsu lan para imam kang julig, lan nyawang para umat kagungane kang buyar separan-paran kaya wedhus kang ora duwe pangon. Awit saka iku Panjenengane ngutus Sang Kristus kanggo kita minangka jejeripun Pangon kang becik. Ing Rawuhe Panjenengane ngandika. “Iki aku wis cemawis, Ratu sejati, Imam Agung, lan nabi kanthi wahyu kang pungkasan”. Ing sajroning pribadi sang Kristus kita nemokake kabeh kang tadi persyaratane dadi Pangon kang Sejati iku. Telu kalungguhan Raja, Nabi, lan Imam Agung nyawiji dadi siji. Panjenengane kagungan kawenangan, “He para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu”. Aku ora bakal mupangatake kowe, nanging aku bakal mitulungi kowe saka urip kang dalane luput lan saka kabeh bebaya.

Bukti yen Panjenengane iku siji-sijine Pangon kang Becik yaiku anggone nyawisake sarirane kanggo wedhus-wedhus kagungane. Panjenengane ora mung ngandika yen Panjenengan bakal masrahake sarirane, nanging tenan anggone masrahake sarira, jiwa, lan Roh Panjenengane kanggo keselametane pepanthan mendane Allah. Panjenengane makarya tenanan wiwit wiwitan leladi para pandherek Panjenengane. Seda secara kajasmanen iku makutha saka urip kang kapenuhan pangorbanan sarirane. Eling yen gusti Yesus ora mung sugeng kanggo sarirane piyambak utawa seda kangga sarirane piyambak. Panjenengane gesang lan seda kanggo panjenengan.

Pangon-pangon kang ora duwe iman bakal konangan, awit wektu ana bebaya pangon-pangon mau bakal mlayu lan singitan, mung nggatekake keselametane awake dhewe. Para pangon mau ninggalake wedhus-wedhuse dipangan asu ajak, kang pancen bakal teka. Asu ajak iku sejatine dudu kewan galak, nanging atindak galak; bapake asu ajak mau Iblis. Dadi jejere asu ajak kang utama dhewe, selaras karo tujuan Iblis yaiku nguntal wedhus-wedhus mau. Anggone nyerang ganas, kanthi panganiaya kang banget lan uga mateni. Prekara iku katon ing sajroning jenis pancoban kan nyenengake lan goroh putih. Kita para abdi gusti ora kena ngejarake utawa nyepelekake wulangan palsu kang nggunakake katresnan minangka dadi tamengke. Nanging demi katresnan kita kudu ngadeg jejeg ing kayekten kanthi wicaksana lan kanthi kekuatan kan sawutuhe manawa pancen dibutuhake. Patrap sugenge Sang Kristus nyethakake marang kita yen Panjenengane tansah ana ing sajrone pasulayan karo roh-roh peteng. Kanthi katresnan Panjenengane ngandika kayekten sawutuhe marang para abdi Panjenengane, yen para abdi bisa ngladeni pepanthan wedhus iku kanthi nyambut gawe tememen lan mbelani para wedhus mau saka anceman serangane roh-roh duraka. Tujuan saka asu ajak kang kejem iku wis cetha, awit kanthi pandakwa palsu lan panganiaya kang ditindake kanthi keras, asu ajak mau mbudidaya supaya ngrusak gereja Allah. Apa panjenengan ngersakake leladi lan menehi kamulyan ing antarane pepanthan mendane Allah? Panjenenan gatekake yen prekara iku bakal dumadi pasulayan, panandang, lan pangorbanan, lan ora njamin bakal nampani kasenengan, apa maneh kalegan.

YOKANAN 10:14-15
14 Aku iki pangon kang utama sarta Aku niteni kang dadi wedhus-wedhusKu lan wedhus-wedhusKu pada wanuh marang Aku 15 kayadene Sang Rama anggone tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohake nyawaKu kanggo wedhus-wedhusKu.

Sang Kristus mbaleni pangandikane yen Panjenengane iku Pangon kang istimewa banget. Kita kabeh gagal lan ora bisa ngladeni dikaya sing sabenere, awit kita ora temen-teman ngreti musuh kita, lan kita ora tumemen ngreti mentale para wedhuw iku, utawa kepiye carane mimpin wedhus-wedhus menyang ara-ara kang sukete ijo. Sang Kristus tepung kabeh pribadi lan nyebut jenenge wedhus-wedhus mau, lan pirsa mangsa kepungkur, pikiran lan uga mangsa tembene.

Gusti Yesus milih piyambak wedhus-wedhus Panjenengane, lan maringi wedhus-wedhus mau ganjaran supaya bener-bener tepung marang Panjenengane. Nalika wedhus-wedhus mau tambah tepung Panjenengane, wedhus-wedhus mau bakal tambah gumun kenapa Panjenengane ora tahu nampik para wedhus mau. Karawuhan Panjenengane mratelakake anggone gagal para wedhus mau. Gegayutan kang dibangun kang mengkono iku bakal ngasilake katresnan kang luwih gedhe, kang bakal nuntun marang atur panuwun lan prejanjian utawa sesambungan kang kancancang kenceng langgeng.

Anggone tetepungan banget dening beja antarane gusti Yesus karo pepanthan wedhus Panjenengane ora kanthi lelamisan utawa asipat kadonyan, nanging awujud nugraha saka Sang Roh Suci, awit kita tepung Panjenengane dikaya Panjenengane mirsani Sang Rama, lan dikaya Rama tepung karo Sang Putra. Iki sawijining wadi, kang ditampa dening kabeh wong Kristen, lumantar tumurune Sang Roh suci, minangka pratela kayekten ing sajrone kawruh kang asipat Allah lumantar Sang Kristus. Iku uga ateges yen Sang Roh Allah manunggal ing sajrone pepanthan wedhus Panjenengane lan amenuhi para wedhus iku. Ora ana siji wae ing antarane pepanthan wedhus iku kang ora digatekake.

YOKANAN 10:16
16 Aku isih duwe wehus liyani maneh, kang ora saka ing kandang kene; wedhus-wedhus iku iya prelu Dagiring uga, lan bakal padha ngurngokake swaraKu sarta bakal dadi pepanthan siji, pangon siji.

Sang Kristus ora mung seda kanggo salah siji bangsa wae, nanging kanggo kabeh bangsa. Panjenengane ora mung nylametake bangsa kang wangkot saka Prejanjian kang lawas iku, nanging uga nylametake wong-wong kang kesasar saka antarane bangsa-bangsa liyane. Panjenengane sadurunge ngandika yen anggone seda bakal nebus akeh wedhus-wedhus saka saindenging jagat. Ora ana wong siji wae kang bisa sowan marang Allah nggango carane dhewe; wong-wong mau mbutuhkake wong kang nuntun, yaiku Pangon kang becik. Lan Pangon iku ora liya Sang Kristus. Panjenengane kang sejatine Raja kanggo kabeh bangsa lan kabeh wong. Tuntunan kasukman Panjenengane ana ing sajroning pangandikane. Kaya wedhus-wedhus tepung suwara Pangone dhwe, mengkono uga saka ngendi-endi papan kabeh wong kang wis dicawisake bakal tepung suwara Sang Kristus, lan enggal-enggal mratobat. Saka ing antarane wong kang kapilih saka Prejanjian kang lawas lan para wong kang mratobat saka antarane bangsa-bangsa lya iku bakal katon sawijining patunggalan, kabawah kepempinane sang Kristus. Umat Prejanjian Anyar iku pepanthan wedhus Allah ing jaman saiki, kanthi gusti Yesus kang pangon kita.

Kabeh wong kang krungu Injil karo bungah lan pracaya marang Sang Krsitus, Putra Allah, dadi darbeking gereja kang sejati, sinadyan wong-wong mau dadi anggota gereja kang beda-beda. Kita duwe Rong siji, Gusti siji, Rama siji. Sang Roh iki rawuh marang kabeh wong kang wis disucekake karo Rah Sang Kristus. Kamanunggalake saka cancangan ing sajrone sang Kristus luwih kuwat dibandingake karo kang kita bisa bayangake, kang nglumpukake wedhus-wedhus saka ngendi-endi papan. Pangon kang apik rawuh pribadi, nuntun para pandhereke kang setia lan asor ing sajroning kamulyan. Sebanjure bakal dumadi patunggalan antarane pepanthan lan Pangon siji. Nanging kabeh wong kang dina iki mbudidaya mbangun gereja kanthi dalan lan tata cara kang asale saka manungsa lan duwe tujuan kang asifat kadonyan bakal mlebu ing sajroning panjireting asu ajak gedhe iku, kang mbudidaya ndudut atine pepanthan wedhus marang awake dhewe. Pancen, kita ora bisa nyerak antarane siji lan sijne, kajaba menawa kita nyerak marang sang Kristus.

YOKANAN 10:17-18
17 Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungake nyawaKu supaya Daktampani maneh. 18 Ora ana wong siji bae kang ngerbut nyawaKu, nanging Dakulungake miturut sakarepKu dhewe. Aku kuwasa ngulungake, lan kuwasa ngukup maneh. Dhawuh iki kang Daktampa saka RamaKu”.

Kita pracaya yen Gusti Allah iku asih, tansah ngasihi Putra Panjenengane. Awit gusti Yesus terus lan terus nindakake apa kang dadi kepareng Sang Rama. Saiki kita maca apa kang bener-bener dadi keparenge Gusti Allah: Mung Kayu Salib wae. Sedane Sang Kristus iku tujmuan kang wis ditetapake dening Gusti Allah. Ora ana dalan liya supaya nylametake pepanthan iku saka dosa, kajaba kanthi panyucen lan karesiki karo rah Sang Cempe iku.

Seda lan wungune gusti Yesus iku mujijat kang gedhe banget; Panjenengane ngandika marang kita yen Panjenengane seda kanggo urip. Panjenengane ora ngorbanake sarirane kanthi kepeksa, nanging kanthi rila legawa, awit Panjenengane ngersakake nebus wong-wong dosa. Panjenengane iku asih kang sejati. Rama Panjenengane masrahake marang Panjenengane panguwasa supaya nylametake jagat iki, lan panguwasa kanggo njupuk urip iku maneh. Ora ana wong siji wae kang bisa nyegah kelakone kamenangan Sang Kristus ing kayu salib. Iblis lan para balanye mbudidaya nggagalake pakaryan penebusan Panjenengane; nanging titah kang julig iku kalah ing ngarsa katresnan sang Kristus kang prakosa. Dudu Kayafas, utawa Pilatus, utawa sapa wae liyane kang meksa Panjenengane seda; pancen Panjenengan kang netepake sedane. Panjenengane ora mlayu nalika asu ajak marani Panjenengane, nanging Panjenengane ngurbanake sarirane kanggo nylametake kita. Lelakon iki wis dadi kersane Allah kang sempurna. Gusti Yesus menang ing sajrone lelawanan antarane suwarga lan neraka ing kayu Salib. Wiwit dino iku pepanthan menda Panjenengane duwe keyakinan bakal dicap ing sajrone rah Cempe Allah. Gusti Yesus nuntun kita lumantar krisis lan panandang tumuju marang kamulyan Panjenengane.

YOKANAN 10:19-21
19 Marga saka pangandika kang mangkono iku tumuli tuwuh pasulayan maneh antarane wong-wong Yahudi. Panunggalane akeh kang duwe pangubap mangkene: 20 “wong iku kapanjingan dhemit sarta owah; yagene padha kok rungokake?” 21 Ana liyane kang calathu: “Iku rak dudu tembunge wong kepanjingan dhemit; apa dhemit bisa ngelekake mripate wong –wong wuta?

Telik sandi kang diutus dening para pemimpin wong-wong Yahudi dadi nesu banget nalika gusti Yesus ngandika yen para panguwasa ing antarane wong-wong Yahudi iku dikaya begal lan saranane Iblis; dikaya anggone ngakoni Panjenengnane iku Pangon kang becik, lan mligine Pangon kanggo bangsa kabaeh – kang dianggep ala ing panemune wong-wong Yahudi. Wong-wong Yahudi nganggep awake dadi wong kang kapilih dening Allah. Wong-wong mau nyebut gusti Yesus kepanjingan setan lan edan lan banget dening risi karo Panjenengane. Akeh-akeh wong kang ana saruju karo dakwan iki. Wong akeh wiwit ninggalake gusti Yesus lan lumawan gusti Yesus, awit wulangan kasuwargane ngluwihi kabisane wong-wong anggone nyakep pangandikane.

Nanging sawetara wong kang ngrungokake Panjenengane kanthi kendel nyeksekake ing ngarepe umum yen wong-wong mau ngrungokake suwarane Allah ing sajrone pangandikane gusti Yesus. Pangandikane dudu pikiran kang kothong thok, nanging kebak panguwasa lan kebak daya cipta. Panjenengane wis ngapura dosa-dosa wong kang wuta wiwit lahir. Anggone para pemimpin Yahudi lumawan gusti Yesus wiwit mundak-mundak ing antarane wong akeh, sawetara katresnan Panjenengane uga wiwit ngoyot ing antarane wong-wong kang tulus. Gusti Yesus nuntun lan mimpin umat saben-saben ing sajroning sang Roh kanthi tenang tumuju marang tujuwan kang gumathok.

PANDONGA: Gusti Yesus, Pangon saking menda-menda, Paduka mboten nampik menda-menda ingkang wangkot, nanging madosi ngantos manggihaken menda-menda menika, lan masrahake gesang Paduka kangge menda-menda menika. Paduka apunten dosa-dosa kawula. Matur nuwun awit sampun maringaken dhumateng kawula Sang Roh supados mangertos, kanthi makaten kawula saget tepang paduka, kados denen Paduka tepang Sang Rama. Paduka tepang nami kawula lan mboten nyupekake kawula. Paduka njangkung kawula sesarengan kaliyan sadaya pandherek Paduka. Miliih saking antawisipun bangsa-bangsa, tiyang-tiyang ingkang siap mireng lan manunggalaken menda-menda menika. Jangkung menda-menda saking segawon ajak ingkang badhe mangsa menda-menda menika.

PITAKONAN:

  1. Kepiye to gusti Yesus dadi pangon kang Becik iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:57 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)