Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 253 (Jesus Before the Roman Civil Court)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

20. Gusti Yésus Ing Pengadhilan Sipil Rum: Patrap Mangu-Mangu Babagan Anané Gusti Yésus Minangka jejeré Ratu (Matéus 27:11-14)


MATÉUS 27:11-14
11 Gusti Yésus banjur kairid marang ngarsané wali nagara, nuli kadangu déning wali nagara: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?” Gusti Yésus ngandika: “Panjenengan sampun mastani.” 12 Nanging tumrap pandakwa, kang kaajokaké déning para pangareping imam lan para pinituwa, Gusti Yésus ora paring wangsulan apa-apa. 13 Sang Pilatus ngandika manéh: “Punapa Panjenengan boten mirengaken gigatanipun para seksi ingkang semanten kathahipun punika?” Gusti Yésus ora paring wangsulan babar pisan, njalari gumuné wali nagara.
(Yésaya 53:7, Matéus 26:63, Yokanan 19:9)

Gusti Yésus diajokaké ana ing pengadilan sipil, kang dipimpin déning Sang Pilatus, wali nagara Rum lan Wali negara Palestina. Sang Pilatus iku wong kang nistha. Sang Pilatus nganggep asor bangsa iku, lan bangsa iku sengit marang Sang Pilatus. Tanpa ana pirembugan luwih dhisik, Sang Pilatus banjur ndangu marang Sang Kristus gegayutan dakwan kang dilantaraké marang Panjejengané déning para iman kepala, “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?” para pinituwa kang culika ora ndakwa Gusti Yésus mung alandhesan pranatan agama selaras karo pranatan wong Yahudi waé, nanging uga nyerang Panjenengané kanthi landhesan kang asipat politik, supaya meksa Wali Negara ngrungokaké pandakwané. Manawa wong-wong mau mung ndaftaraké pandakwa gegayutan prekara kang ana gegayutan karo Paugeran Musa waé, Sang Pilatus bakal nundhung wong-wong mau, lan ora nggatekake.

Manawa Gusti Yésus paring jawaban yén Panjenengané dudu Ratu wong Yahudi, Panjenengané bisa uga bakal diuwalake. Nanging Panjenengané nyetakaké manawa Panjenengané iku Ratu kang dienteni lan kang ora ana bandhingané yaiku Gusti Allah. Pangakon Panjenengané babagan kaanané Panjenengaen minangka jejeré Ratu négesaké yén Panjenengané pancen Ratu kang bener, Kang Kagungan Kraton Panjenengané kang kagungan hak sawutuhe. Kepiyé panjenengan ananggapi marang prekara Sang Ratu kanggo anduwéni lan mranata panjenengane? Apa panjenengan sarujuk yén panjenengan iku kagungan Panjenengane? Apa panjenengan mbangun turut marang dhawuh Panjenengané.

Nalika Pilatus mireng anggoné nyethakaké Gusti Yésus gegayutan kaanané Panjenengan minangka jejeré Ratu, Pilatus bisa uga mesem sawetara awit mikir, yén wong Nazaret iki mesti wong Zelot asketis kang ora penting. Pilatus ora ndélok ing sajroré sarira Gusti Yésus anané cecawisan apa waé kanggo neguhaké krajan, nglumpukaké prajurit, utawa ngrancang gawé rerusuh. Para telik sandiné wis ménéhi pelaporan gegayutan Gusti Yésus kang marasaké wong lara, ngandikan gegayutan alusing bebuden, lan dhawuh kanggo ngendhaleni nafsu, katresnan, lan kayektén. Panjenengané mlebu ing Yerusalém kanthi numpak bagal lan ora nggawa gaman. Wong kang mengkono ora bakal bisa dadi gangguan kanggo Kekaisaran Rum.

Pilatus banjur nemokaké prekarané yén Gusti Yésus asipat politik ora luput. Cetha banget yén Panjenengan ora duwé tujuwan njejegaké kraton kang asipat kadonyan, lan Panjenengané uga ora cecawis gawé gegeran utawa pambalela. Awit saka iku, Sang Pilatus duwé kekarepan nguwalaké Panjenengané.

Nalika para pinituwa bangsa iku ngrumangsani yén Sang Pilatus arep nguwalaké Gusti Yésus, wong-wong Yahudi padha mbengok yén Gusti Yésus iku ngojok-ojoki lan dadi satru langgeng Sang Kaisar. Sang Kristus ora mangsuli dakwan wong-wong mau nanging mung kendel nganti tekan gubernur iku maringaké dhumateng Panjenengané wewengan kanggo mbela sarirané Piyambak. Gusti Yésus pirsa yén sang Pilatus ngreti kayektén lan Sang Pilatus tanggung jawab nibakaké putusan kang adil. Kendele Sang Kristus dadi timbalan kang banget déning kuwat ing telenging ati Sang Gubernur kanggo ngadhili kasucén Panjenengané lan merdekakaké Panjenengané awit kayektén Panjenengané.

PANDONGA: Dhuh Putra mendané Allah ingkang alus ing bebuden, Paduka menika Singa saking Yehuda. Paduka menika Ratu ingkang dipun prasetyakaké ingkang menika Putra Dawud lan Putra Allah uga. Paduka mboten mbela sarira Paduka, nanging négesaken kayektosan. Kawula ngluhuraken Paduka awit kesabaran Paduka, ingkang kakendhali sarira Paduka lan anggenipun cecawis Paduka kanggé séda. Sédanipun Paduka ing kayu Salib minangka gegentosan tiyang-toyang dosa merdekaké kawula saking pangipati-ipat lan paukuman. Prekawis menika dados jalaran kawula saget martosaken krajan tentem Paduka lan nyebaraké kasaénan Paduka dhumateng supados tiyang ingkang nresnani kayektosan.

PITAKONAN

  1. Apa makna saka anggoné Gusti Yésus ngakoni manawa Panjenengané iku kang yektos?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:16 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)