Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 254 (The Choosing of an Insurgent)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

21. Kapilihé Wong Kang Penggawé Piala (Matéus 27:15-23)


MATÉUS 27:15-20
15 Wis dadi adat kalumrahan Sang Wali Nagara, saben riyaya mangkono, ngluwari wong ukuman siji, kang dipilih déning wong akéh. 16 Ing nalika iku ing pakunjaran ana wong ukuman siji sing wis kajuwara pialané jenengé Barabas. 17 Sarehné wong-wong wis padha nglumpuk ana ing kono, Sang Pilatus ngandika marang wong-wong mau: “sapa sing kokkarepaké dakluwari, Barabas apa Yésus kang kasebut Kristus?” 18 Panjenengané pancen wis mirsa, yén anggoné masrahaké Gusti Yésus iku marga saka drengkiné. 19 Nalika Sang Pilatus lagi lenggah ing kursi pangadilan, garwané utusan matur: “Sampun ngantos panjenengan tumut-tumut ing prakawisipun tiyang mursid punika, sabab margi saking Panjenenganipun punika salebeting ngimpi kala wau dalu, kula ngraosaken sisah.” 20 Nanging marga saka pangojok para pangareping imam lan para pinituwa, wong akéh padha nekad nyuwun supaya Barabas diluwari lan Gusti Yésus disédani.
(Yokanan 12:19).

Barabas iku wong ala, tukang ngisruh, lan mungsuhé Romawi. Sang Pitlatus ménéhi pilihan kang mbebayani marang para pinituwa gegayutan awaké dhéwé. Manawa wong-wong Yahudi njaluk dibebasaké Barabas, iku ateges wong-wong mau sekuton karo mungsung Romawi. Awit saka iku, Pilatus mbudidaya supaya njiret para pinituwa bangsa iku, kanthi ngongkon milih apa Yésus kang dibebasaké utawa Barabas, awit sang Pilatus ngreti yén Gusti Yésus iku wong kang seneng rukun lan ora wong kang mbalela.

Katoné ora pati akéh yén bojoné Gubernur wis akéh krungu Gubernur wis akéh krungu bab Gusti Yésus, apa manéh nganti prekara iku dadi jalarané ngimpi babagan Gusti Yésus. Dadi cetha yén ngimpiné bojoné Guberunur iku saka Gusti Allah. Bisa uga dhéwéké iku salah siji wanita kang kinurmatan kang nglakoni agamané. Pancen, Gusti Allah mratélakaken sarira Panjenengané lumantar ngimpi marang sawetara wong kang ora pati tekan kasukmané kaya marang Nebukadnezar.

Bojoné Pilatus banget déning goreh atiné awit anggoné ngimpi iku. Apa iku awit saka patrap ala kang ditrapaké marang wong kang ora luput utawa gegayutan paukuman kang bakal dumadi atas wong-wong kang kudu tanggung jawab atas sédané Panjenengané ngimpi iku sawijining ngimpi kang nggegirisi, lan angenan iku banget déning marakaké ora njenjem.

Paseksen saka bojoné Gubernur iku sawijining pikurmatan kunjuk Gusti kita Yésus. Wong wadon iku ngarani Gusti Yésus ‘wong bener iku’ senajana Gusti Yésus lagi diadili kaya dené wong ala kang elek dhéwé. Nalika iku malah para mitra Panjenengané wedi mbelani Panjenengané. Gusti Allah agawé wong-wong manca lan para satru omong mbelani Panjenengané. Senajana Petrus nyelaki Panjenengané malah Yudhas bali ngakoni Panjenengané. Nalika para imam kepala kandha yén Panjenengané luput lan pantes diukum pati, Sang Pilatus kandha yén dhéwéké ora nemokaké kaluputan apa waé ing sajroné Gusti Yésus. Sawetara para wanita kang ndhérék Gusti Yésus nyawang saka kadohan, bojoné Pilatus kang mung wanuh sawetara marang Panjenengané nuduhaké kawigaten kang tulus marang Panjenengané.

Gusti Allah ora bakal ngejaraké sarira Panjenengané tanpa ana seksi-seksi babagan kayektén, senajana ing wektu iku katoné wis kalah banget karo para satru Panjenengané lan Panjenengané ditinggalaké para mitrané. Gubernur iku pracaya marang para memedi lan ngyakini memedi-memedi iku. Sang Pilatus ora wanuh Gusti Allah kang gesang nanging pracaya marang dewa kang akéh, memedi, lan roh-roh. Nanging bojoné wis krungu babagan pakaryan sih rahmat Gusti Yésus lan dadi bingung gegayutan anggoné Panjenengané dicekel. Gusti Allah ngundhaké rasa was-was nganti marang titik yén kang lanang bakal nindakaké kaluputan kang banget déning ala ing sajroné uripe. Bojoné iku ora isin ngutus wong supaya ngelingaké kang lanang keras lan nylametaké sing lanang saka anggoné gawé putusan kang luput lan lumawan karsané Gusti Allah.

PANDONGA: Gusti kasuwargan, kawula menembah ing ngarsa katresnan Paduka ingkang tan kaukur, awit Paduka sampun maringaken Putra Ontang-anting Paduka supados séda kanggé kaswula lan ngrukunaken kawula kaliyan Paduka. Paduka nandhang kasangsaran kaliyan putra Paduka ing saben wekdal panandhang Paduka. Paduka mboten nyirnakaké para satru Paduka, nanging nresnani tiyang-tiyang menika lan nuntun Putra Paduka supados nyempurnakaken lampah dhateng kajeng Salib. Paduka nindakaké prekawis menika kanggé ngawontenaken karukunan kanggé sadaya tiyang dosa lan mbeneraken tiyang-tiyang menika kanthi makaten tiyang-tiyang menika saget mratobat lan pitados dhumateng Paduka kanthi panguwaos Sang Roh Suci.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Sang Pilatus ngongkon wong-wong Yahudi milih sapa kang diuwalaké saka pakunjaran Barabas apa Yésus? Ben wong-wong mau milih sapa kang kudu diuwalake?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:18 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)