Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)
19. Panggenepaning Wecan: Ngenani Paukuman Tumrap Wong sing Mbaléla (Matéus 27:6-10)MATÉUS 27:6-10 Para imam kepala ora nglebokaké dhuwit kang dibalekaké Yudhas ing pethi pisungsung Pedaleman suci awit dhuwit iku wis cemer déning getih. Nanging, dhuwit iku ditukokaké palemahan kanggo ngubur wong-wong manca kang dianggep orang suci. Para imam mau ora ngreti kanthi ora rumangsa yang apa kang ditindakaké iku ngganepi pameca Gusti Allah kang dipratélakaké lumantar Nabi Zakaria (11:12-13). Pameca iki nyebutaken gunggungé dhuwit kang pas kang dibayar kanggo ngianati Gusti Yésus, yaiku, telung puluh sekel salaka, lan uga babagan kepiyé dhuwit iku sebanjuré diuncalaké ing pedaleman suci. Lelakon babagan katresnan Gusti Yésus kanthi cara cetha wis diweca wiwit wiwitan. Karsa Gusti Allah gegayutan karo keselametan kita ditindakaké kanthi pas lan ganep. Kabéh jangkah tumuju pratéla katresnan iku wis digambar lan dipratélakaké ing sajroné pameca-pameca Prejanjian lawas. Kepiyé bisa, sebanjuré, ana wong kang kandha yén Gusti Yésus ora disalib lan ora séda? PANDONGA: Gusti Yésus, ing wekdal kula ningali pukasaning gesang Yudhas kula ajrih lan gumeter. Paduka apunten kawula gegayutan kaliyan sadaya apus-apus, katresnan kawula babagan arta lan kaculikan kawula, lan saben patrap anggen kawula mboten mbangun turut lumawan katresnan Paduka. Paduka tebihaken sadaya pancoban saking panggesangan kawula. Tuntun kawula supados ngakeni sadaya dosa kula ing ngarsa Paduka sadangunipun taksih wonten wekdal, supados kawula saéstu-estu mratobat kanthi tuntunan Sang Roh Suci Paduka, supados nresnani para satru kawula, ngginakaké arta kawula kanggé kepentingan Paduka, lan mboten pados kalenggahan lan panguwaos ingkang inggil. Kersanipun kawula ndhérék Paduka kanthi andhap asor, manah ingkang lega, lan alusing bebudén, njembaraken Kraton Paduka kanthi setya. PITAKONAN
|