Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)
i) Gusti Yésus Melehaké paham fanatik lan Urip Karohanén Kang Cethék (Matéus 16:1-12)MATÉUS 16:5-12 Gusti Yésus sebanjuré pindhah saka papan Panjenengané maringi mangan patang ewu wong, menyang sisih liyané ing tlaga iku. Para murid Panjenengané ora bisa tuku panganan kang bisa digawa ing sajroné lumaku iki. Nalika Sang Kristus ngandika marang para murid bab ragi wong-wong Farisi kang ngracuni pikiran, para murid duwé pikiran yang kang dikersakaké Gusti Yésus iku ana sambung rapetan karo panganan. Pikiran para murid nyambung bab-bab kadonyan lan Panjenengané ngunderaké pikiran Panjenengané marang prekara-prekara kasuwargan, awit Panjenengané pancen mapanaké kabéh kang dadi kawigaten Pnjenengané ing asta Sang Rama Panjenengané. Gusti Yésus ngelingaké para murid Panjenengané awit mikiraké roti luwih saka prekara-prekara kasukman. Panjenengané nuduhaké lelakon nalika Panjenengané maringi mangan wong patang ewu nganggo lima roti, lan patang ewu wong nganggo roti pitu. Apa sebabé para murid kuwatir babagan roti salawasé para murid bebarengan karo Panjenengane? Gusti Yésus sepisan manéh, nyethakaké marang para murid babagan paham urip alandhesan paugeran Torét wong-wong Farisi lan paham liberal wong-wong Saduki ora selaras karo sihé Allah ing sajroné Prejanjian Anyar, katresnan kang wis nuntut wong akéh lumantar Sang Roh Suci ing sajroné pangorbanan ing sajroné leladi. Gusti Yésus négesaké marang para murid Panjenengané babagan pentingé waspada marang patrap lelamisan lan waspada marang patrap mung angger nindaké kamursidan waé. Panjenengané nyurung para murid supaya ngakoni dosa-dosané lan leladi Gusti Allah kinathenan nugraha Panjenengané. Bedané antarané manembah marang Gusti Allah kang dilandhesi marang kayektén pribadi, lumantar nindakaké Pranatan Torét karo kamardikan sihé Sang Kristus kang dilandesi marang jebadan Panjenengané kang katunggalan Sang Roh Suci, banget njero. Katon banget ana kangelan kang temenan ing sajroné Para Rasul. Ing sajroné Kitab iki, rasul Paulus dadi priyayi kang banget gedhé lelabuhané kanggo nguwalaké pikiran kita saka pambudidaya golék kayektén alandhesan Pranatan Torét. Rasul Paulus nyeksekaké babagan manunggale Sang Roh Suci ing sajroné ati kita, kang bisa dumadi kanthi kelakoné Sang Kristus bisa ngujudi syarat kayektén ing kayu salib. Eman banget, malah nganti saiki, sawetara wong pracaya ora mangreti kaluputan golék bebener lumantar pambudayané dhéwé. Prekara iki pancen pangreten kang banget nguwasani saka wong-wong Yahudi kang asale saka Prejanjian Lawas, manawa kayektén déning iman yaiku landesan saka pawarta marang saindhenging jagat kang asale saka Prejanjian Anyar. PANDONGA: Kawula ngluhuraké Paduka lan abingah-bingah, Rama, Putra , lan Sang Roh Suci, awit Paduka merdekaaken kawula dhumateng anggen kawula mursid pribadi kawula. Nanging Paduka sampun mbeneraké lan nyucékaké kawula, lan njangkung kawula ing salebetipun sih rahmat Paduka, kanthi makaten kawula saget leladi Paduka kanthi asukarena, tanpa roh lelamisan. Kawula menika tiyang-tiyang dosa kang dibeneraken, lan Paduka andadosaken kawula putra-putra Paduka ingkang suci kanthi milujengaké kawula lumantar sih rahmat Paduka kemawon. PITAKONAN
|