Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 079 (The Antichrist is a False Savior)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 7 - Piwulang Gusti Yésus Ing Ing Gunung Zaitun Babagan Mangsa Tembe Yérusalém Lan Pungkasané Jaman (Markus 13:1-37)

6. Antikristus iku Mesias kang Palsu (Markus 13:21-23)


MARKUS 13:21-23
21 Ing nalika iku manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen, Sang Kristus ana ing kené, utawa: delengan, Sang Kristus ana ing kana, aja kokandel. 22 Sabab bakal ana kristus-kristus lan nabi-nabi palsu kang jumedhul lan kang nganakaké pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepe, yén bisa arep nasaraké para pepilihan. 23 Mulané sing padha ngati-ati! Sadurunge iku kabéh wis Daktuturaké marang kowe.

Wong-wong kang gawé propaganda katentreman donya bakal timbul ing tengah-tengah mangsa revolusi, pepérangan, lan rasa nglokro, lan nggawa godhong zaitun ing tangan tengen, wong-wong mau uga nggawa bedhil kanggo mateni ing tangan kiwa. Sawetara liyana bakal martakaké suwarga kanggo golongan buruh lan rakyat pijak pejarakan, sawetara kang liyané maneh bakal martakaké omah katentreman kanggo wong kabéh.

Wong-wong iku nyekel panguwasa babagan gaman kang akéh, banda, lenga lan tenaga nuklir, lan wong-wong mau uga bakal micara karo jagating roh lan wong-wong kang wis mati uga nuduhaké tandha-tandha kaélokan kang ndudut atine wong akéh supaya melu wong-wong mau diajak marang sawijining mangsa kang gegambaran kang diangen lan dijanjekaké bakal dadi mangsa kalubéran lan katentreman salawasé.

Rasa sening wong-wong kang mlarat bakal sangsaya ndadi marang negera-negara sugih, awit negara-negara sugih mau ora ngreti yén berkah Injil wis merdikaaké wong-wong pracaya marang Kristus saka anggoné keset dadi tegen, saka patrap mentingaké awak dhéwé marang kekarepan leladi, saka anggoné ora duwé kawigaten marang anggoné nduwé kawigaten kang gedhé. Saindhenge donya bakal kasilep déning rasa sengit lan karusakan.

Sawetara wektu sadurunge pungkasan jaman, si anti kristus lan nabine kang pinter ngomong (bisa uga saka tedhak turune Rama Abraham) bakal mratélakaké awake. Si anti Kristus bakal dadi gumune manungsa kanthi tembung-tembunge kang ngédab-édabi lan kanthi panguwasa kang elok agawé manungsa eram, menehi katentreman nyirnakaké pepérangan kang nggegirisi, menehi panganan lan karahayon, lan pungkasané ndadekaké siji kabéh agama, lan nuntut manungsa supaya teluk marang manungsa kang ngédab-édabi iku.

Iblis tahu nawani Gusti Yésus kabéh krajan donya lan kaendahané, kanthi matur marang Gusti Yésus, “sadaya menika badhé kula aturaken dhumateng Panjenengan manawi Panjenengan kersa sujug lan manembah kula.”

Sing prayitna, mligine ing mangsa pungkasané jaman, awit sawetara pemimpin bakal dadi tukang apus-apus, lan akéh para nabi palsu bakal padha teka. Anak Iblis dhéwé bakal teka, dikantheni karo para nabi palsune Iblis kang mbudidaya mratélakaké tritunggal palsu, ndudut atine wong-wong kang ora pracaya anané Gusti Allah lan wong-wong kang ora gelem pracaya, lan nyurung wong-wong mau supaya nindakaké pambelale marang Gusti Allah lan Kang dijebati Panjenengané, kanthi mangkono wong-wong mau sebanmjure dadi satru lan lumawan Kang Maha Langgeng.

Si Anti Kristus iku katone bakal duwé panguwasa atas manungsa ing bumi iki, panguwasané tambah gedhé ing jaman teknologi modern wis maju, awit prentahe lan uga arahan dhéwéké bisa langsung dirungokaké, ing maneka werna basa, lumantar TV kang bisa ditampa wong-wong kang ana ing ara-ara samun sing adoh dhéwé pisan, lan sing sapa lumawan rohe bakal dianiaya lan dipaténi (2 Tim 2:1-12; Wahyu 13:1-15).

Nanging, dina-dinané manungsa kang ngédab-édabi iku winates wektune. Sejarah manungsa ora dipungkasi tekané dhéwéké, nanging dipungkasi rawuhe Sang Kristus ing sajroné kamulyane. Kawicaksanan Gusti Allah yaiku ngejaraké tindak ala iku tekan puncaké dhisik, ngombro-ombro tindak nistha, nganti sebanjure kabecikané Sang Kristus tumeka, sang Kristus mratélakaké katresnané sawutuhé, andadekaké sarirané dadi ukuran kanggo paukuman kang pungkasan (Daniel 7:9-14). Kabéh manungsa bakal melu njegur ing perjuangan iki. Kabéh manungsa bakal dadi ala kabéh utawa dadi wong kang becik kabéh. Gusti ora bakal nampa asu ajak kang wulune wedhus gembel, nanging Panjenengané ngersakaké ngrubah kita supaya dadi wedhus gembel kang suci kagungané Allah, ndhérékaké Putra Panjenengaen kang ngandika: “Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal padha tampa warisan bumi”. Wulangan iki lelawanan karo ajakan mbaléla lan lumawan kanggo ngrebut hak-hak pribadi lumantar kekuwatan roh antikristus. Wong-wong mau mesti tiba. Nanging, putra menda Allah kang alus ing bebudhen lan kabéh pandhéréke bakal terus ada lan urip.

PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang langgeng, Paduka tambahi awas tetingalan kawula supados kawula saged mangertos roh antikristus ingkang badhé nglangkungi kekiyatan manungsa lan ingkang badhé nampik anggen Paduka dados manungsa. Paduka pitulungi kawula supados mboten milih, kasugihan, raos sekeca lan jaminan kajasmanen kemawon, nanging supados kawula andhap asor, kalegan lan gadhah roh leladi lan andhap asor ing ngarsa Paduka lan lelados kanthi kebak kabingahan. Tebihna kawula saking kaculikan para tukang apus-apus kanthi makaten kawula saged ngawonaken lan melehakaké bapaké tiyang apus-apus lumantar Roh kayektosan Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa tandha-tandhané si antikristus, lan apa tandha-tandha tekane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2025, at 05:32 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)