Previous Lesson -- Next Lesson
(i) Kepala Pedalamen Pangibadah Nyuwun supaya Gusti Yésus Énggal Rawuh menyang Omahe (Markus 5:21-24)
MARKUS 5:21-24
21 Sawisé Gusti Yésus nyabrang maneh kalawan nitih prau banjur akéh banget wong kang padha nglumpuk ing ngarsané ana ing pinggir sagara, 22 Tumuli ana sawijining lurah papan pangibadah, kang jeneng Yairus, sowan ing ngarsane. Bareng ndeleng Gusti Yésus banjur sujud 23 lan nyuwun kanthi adreng, ature: “anak kawula estri saweg sakit meh pejah, mila mugi Paduka karsaa ngrawuhi lan numpangi asta, supados wilujeng lan lestantun gesang.” 24 Gusti Yésus banjur tindak bareng karo lurah mau. Won gakéh padha ndhérékaké, padha suk-sukan ing sacedhaké Panjenengané.
Kanthi panguwa karupekan, ing tengah maneka jinis bancana alam, lan ing tengah coban saka roh-roh ala, awit Gusti Yésus iku Kang Menang atas kabéh panguwasa kang ngrusak. Panjenengané iku Gusti kang menang atas pati, awit ora ana wong siji waé ngalahaké satru kang nggegirisi iki kajaba Gusti Allah kang sejatine panguripan iku dhéwé. Gusti Yésus neguhaké kamanunggalan Panjenengané karo Rama Kasuwargan, awit saka ikku Panjenengan iku Sang Peparing urip sejati. Panjenengané wis mbuktekaké kaluhuran Panjenengané kanthi nangekaké wong mati lan maringi pangarep-arep marang kita.
Telik sandi diutus déning para imam kepala ing Yérusalem kang prentah supaya Gusti Yésus dicekel ing ngarepe wong akéh, awit didakwa dadi nabi palsu lan nyasaraké bangsa. Nanging, kepala pedaleman ibadah saka Kapernaum nekani Gusti Yésus, awit keluwawrgané lagi nglakoni karupekan awit saka lelara kang di sandang anaké wedok. Anak wedok iku meh mati lan prekara iku agawé kepala pedaleman ibadah iku nggoléki Sang Juru selamet. Pemimpin iki pracaya marang panguwasa lan kaluhuran sang Kristus, nalika ketemu Gusti Yésus banjur sujud ing ngarsané Gusti Yésus ing ngarepe wong akéh.Gusti Yésus ora nglarang, awit kepala pedaleman ibadah karo Gusti Yésus padha ngerti tegese manembah. Wong Yahudi kang pracaya iki sujud ing ngarsané wong Nazarét ing ngarepe umum, awit dhéwéké wanuh sapa gusti Yésus minangka Sang Kristus Putra Allah, lan nyuwun kanthi banget supaya Panjenengané rawuh nyarasaké anaké wadon kang lara lan meh mati. Sang Kristus ngejaraké anané wong kang manembah marang sarirané, awit pancen Gusti Allah waé kang pantes disembah.
Kanthi sujud ing ngarsané Gusti Yésus, kepala pedaleman ibadah iku ngakoni yén Gusti Yésus iku Gusti kang pantes nampa sesembahané kabéh manungsa.
Gusti Yésus nganthi wong pracaya iki, kang wis mratélakaké imané secara tinarbuka, lan kang ngakoni yén panguwasa urip ambanyu mili saka Sang Kristus marang semua wong kang ndemok Panjenengané.
Wong akéh ngemataké, lan ngrasakaké ana kaélokan gedhé kang dumadi. Wong-wong mau takon tinakon apa Gusti Yésus gelem marasaké anaké wedok Kepala pedaleman Ibadah iku? Apa Kraton Allah gelem mlebu ing sajroné punjering Torat lumantar iman kepala pedalamen ibadahe? Apa ana kebangunan rohani kang dumadi ing pedalamen ibadah ing Kapernaum lan laladan sakiwa tengené, sinadyana ana telik sandi kang ngawasi saka Yérusalem! Wong akéh kumpul ndeleng apa kang bakal ditindakaké Sang Kristus ing tengah kabéh dakwan lan panganiaya iku.
Sedulur, apa panjenengan énggal sowan marang Gusti Yésus, supaya wanuh marang pribadi Panjenengané, mirengaké Sabda Panjenengané, lan luru Sang Roh suci Panjenengané supaya panjenengan ngalami kaélokan Panjenengané dina iki?
PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka kemawon Allah ingkang sejatos ingkang ngapunten, nyarasaken, milujengaken, lan maringi gesang. Kula manembah Paduka, lan masrahaken gesang kula sawetahipun ing asta Paduka. Paduka apunten dosa-dosa kula, tuntun kula dhumateng iman ingkang gesang, lan Paduka paringi manah ingkang teguh ing salebetipun katresnan gesang Paduka, kanthi makaten kula mboten badhé nebih saking pengajeng-ajeng prejanjian Paduka, lan kula badhé terus ngakeni panguwaos Paduka ing ngajengipun sadaya manungsa. Amin.
PITAKONAN:
- Apa sebabe Gusti Yésus ngejaraké kepala pedalamen ibadah iku sujud ing ngarsa Panjenengané?