Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 028 (Parable of the Growing Seed)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
5. Gusti Yésus Mulang ing Perahu Marang Wong Akéh Kang Lungguh Ing Nggisik (Markus 4:1-34)

e) Pasemon babagan Wiji kang Tuwuh Kanthi Ayem (Markus 4:26-29)


MARKUS 4:26-29
26 Gusti banjur ngandika: “Kratoning Allah iku mangkene: upamané kaya wong kang nyebar wiji ing lemah, 27 nuli yén bengi turu, yén awan tangi, lan wiji mau thukul sarta saya dhuwur, kapriye tumindaké wong mau oran ngreti. 28 Bumi iku metokaké woh dhéwé, kang dhisik gagange, banjur wewulené, nuli gandume kang mentes-mentes. 29 Manawa wohe wis cukup tuwa, wong mau wiwit ngeriti, amarga wis mangsa panén”.

Kraton Allah iku panguwasa kang diwartakaké ing sajroné Injil. Sabda Pangeran kita luwih kuwat ketimbang karo dinamit, sinadyana Sabda makarya kanthi tenang., kaya wineh gandum kang tuwuh ing lemah ngalahaké watu lan terus tuwuh. Sinaunen panguwasané Allah kang manunggal ing sajroné Injil, kanthi mangkono panjenengan bisa dadi kuwat lan urip salawasé.

Dikaya wineh gandum disebar ing lemah déning tukang nyebar, mengkono sabda Allah mbutuhaké kang martakake. Sawisé Sang Kristus, para rasul nyebaraké sabda Gusti menyang atine manunga. Apa panjenengan uga melu kaya rante kang sambung sinambung dadi seksi Sang Kristus kang nikelaké Sabda panguripan karo martakakaké sabda marang wong-wong liya?

Sang Kristus piyambak menika wiji gandum kasuwargan kang kawitan. Panjenenganipun séda supaya kita bisa urip. Sawisé sédané Panjenengané, panguwasa Panjenengané makarya sinadyana para rasul ringkih, kanthi mangkono ewon wong dadi pracaya lumantar kotbahe. Sawisé saabad, wineh sabda Allah iku sumebar ing laladan Mediterania. Dina iki, sakjagat wis dadi pategalan kanggo Allah. Apa panjenengan uga dadi wineh gandum ing astané Sang Kristus, kang bisa disebar déning Panjenengané selaras karo karsa Panjenengané, minangka kekuwatan lan segering kasukman kanggo wong-wong liya? Apa panjenengan urip kanggo awak panjenengan dhéwé utawa kanggo pepadhané panjenengan? Ing ngendi waé pangucap paseksén panjenengan, lan kinanthenan karo patrap panjenengan kang becik, dadi daya pengaruh pepadha panjenengan lan malah para satru panjenengan, ing kana Sang Kristus nandur panjenengan ing sajroné ati kang wis cemawis. Panjenengané kang neguhaké pangucap panjenengan ing sajroné pikiran wong-wong iku. Paseksén panjenengan gegayutan Sang Kristus bakal makarya dhéwé awit ing sajroné paseksén iku kinanthenan panguwasané Allah. Ora panjenengan kang nylametaké wong-wong liya, nanging panguwasané Allah ing sajroné Injil waé. Wenehi semangat lan wartakaké Injil sawutuhe. Sebanjure tentremna ati panjenengan, lan pracaya marang Gusti, awit mung panguwasa Panjenengané, lan ora kekuwatan panjenengan, kang bakal mbangun Kraton Panjenengané.

Sawisé iku, iman tuwuh ing sajroné awaké para mitra panjenengan kanthi katresnan lan pengarep-arep, dikaya kang kita deleng ing sajroné pasemon babagan wineh gandum, kang tuwuh manut pratanan alam kawiwitan oyot, wit-witan, lan uga wulene kang aji. Kabéh ati kang kalimputan karo Injil bakal tuwuh kanthi tentrem lan alon selaran karo pranatan Kraton Allah. Dadi aja banjur duwé pangarep-arep ana woh kang maten kang thukul saka wong-wogn kang lagi pracaya, utawa banjur ngare-arep metune wit kang dawa, nanging sing sabar, tentrem, lan pracaya marang panguwasané Injil, kang isa ngalahaké piala lan kanisthan ing sajroné atine kang ngrungokaké Injil manawa wong-wong mau pancen pracaya marang Gusti kang gesang.

PANDONGA: Amin, dhuh Rama kasuwargan, awit Paduka sampun maringi kawula gesang langgeng, lan ngalimputi kawula kanthi panguwaos ingkang elok kanthi makaten kawula saged martosaken sabda Putra Paduka ing salebetipun jagat kang keras menika. Paduka apunten dosa-dosa kawula lan sucekaké kawula ing salebetipun gesang ingkang suci kanthi makaten kawula mboten dados pepalang kanggé Injil Paduka, nanging leladi sadhérék-sadhérék menika ingkang purun tuwuh kunjuk kaluhuran asma Paduka ingkang suci. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa ta wadine tuwuh ing sajroné kraton Allah iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 14, 2025, at 02:11 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)