Previous Lesson -- Next Lesson
c) Gusti Yésus Njléntréhaké Tegeséng Pasemon Babagan Juru Nyebar lan 4 Jinis Lemahé (Markus 4:13-20)
MARKUS 4:13-20
13 Tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Apa kowe ora padha ngreti isining pasemon iki? Manawa mangkono kapriye bisamu ngerti pasemon-pasemon liyané kabéh? 14 Juru nyebar iku nyebar pangandika. 15 wong-wong ing pinggir dalan, kang disebari pangandika, yaiku wong-wong kang ngrungokaké pangandika, nanging iblis banjur teka ngilangi pangandika kang disebar ing sajroning atine. 16 Mangkono uga kang disebar ing tanah kang akéh watuné, yaiku wong-wong kang ngrungokaké pangandika mau lan énggal-énggal nampani kanthi seneng. 17 nanging iku ora ana oyode, dadi mung bisa tahan sadhela. Bareng ana mangsané katindhes lan kinganiaya, marga saka pangandika mau, banjur padha murtad. 18 Dene sejene yaiku kang kasebar ing eren, iku wong-wong kang padha ngrungokaké pangandika 19 nanging banjur kasusahaning donya iki lan panasaraning donya iki lan panasaraning kasugihan apadene kamelikan-kamelikan marang bab liya-liyané iku padha sumusup ing ati lan ngendhi pangandika mau, temahan ora metu wohe. 20 Wekasan sing disebar ing lemah kang becik, yaiku wong kang ngrungokaké sarta nampani pangandika, banjur metu wohe, ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, lan ana kang tikel satus.”
Sabda Sang Kristus banget déning sekti. Ing sajroné sabda nyata kabéh panguwasa Kraton Allah. Dikaya wiji bakal nukulaké kabéh wit ya uwite, oyote, godonge pang-pange, kanthi kabisa bisa tuwuh lan metokaké woh, kanthi uga Sabda Allah duwé panguwasa supaya metokaké kabecikan, iman, kabungahan, tentrem rahayu, andhap asor, tulus, lan mbangun turut marang Gusti Yésus.
Panjenengan tansaha tinarbuka lan ngunderaké kawigaten panjenengan marang pangandikané Gusti panjenengan, yén mangkono panjenengan bakal kapenuhan karo woh-woh kayekten Panjenengané: sing ngati-ati kanthi mangkono si pangawak dursila ora bakal bisa malangi tuwuhing panjenengan lan anggon panjenengan nyinau jero marang pangandikan kang gesang iki. Panjenengané bisa waé hangrawuhi panjenengan sawisé panjenengan maca Kitab suci, utawa bali saka patunggalan, lan nuntun panjenengan marang coban kang banget nyenengaké lan nglegakaké hara nepsu, agawé panjenengan krungu pawarta kang banget ndudut ati, lan maraké njenger kinanthenan kumerlaping lan endahe kutha. Awit saka iku, wektu kang penting dhéwé nalika ngrungokaké Pangandikané Allah yaiku sepuluh menit sawisé panjenengan lunga saka patunggalan. Apa kang panjenengan tindakaké ing sajroné sepuluh menit iku? apa panjenengan ndedonga supaya pangandikan iku bisa diteguhaké ing sajroné awak panjenengan? Apa panjenengan njaga pangandikan iku ana ing ati panjenengan? Utawa panjenengan nglalekaké pangandikan mau awit pambujuke jagat kang ora ana pengarep-arepe iki lan kebak lelamisan ing sakiwa tengen panjenengan?
Apa anggon panjenengan wanuh cethek, utawa panjenengan duwé pangreten kang jero babagan pangandikan Allah panjenengan? Akéh wong nresnani Sang Kristus kanthi temen-temen, nanging wong-wong mau ora gelem tenanan sinau kanthi jero babakan urip langgeng, awit wong-wong mau ora temen-temen anggegilut apa kang diwaca, lan ora nindakaké apa kang dirungu. Wong-wong mau ora gelem nerusaké maca dhéwé pangandikan Allah. Sing sapa ora gelem mbudidaya sinau bandha aji kang ana ing sajroné Injil mula wong iku bakal tetep ringkih. Wong iku ora bakal nampani kekuwatan ing mangsa panganiaya lan kelaran, malah bakal ajur muwur. Awit saka iku, wacané Kitab Suci panjenengan kanthi bungah kanthi mengkono ora ana rasa nglawan kang tuwuh ing sajroné badan panjenengan.
Cilaka wong-wong kang mata dhuwiten! Wong iku ora bakal bisa leladi Gusti kang tangané repot nggegem duwit watek rakuse. Tampik pepinginan panjenengan mburu bayaran kang gedhé, kalungguhan kang dhuwur lan urip mewah kang tanpa wates, kang mengkono bakal agawé panjenengan kacancang secara kasukman, lan mati ing sajroné cancangan iku. Terusna urip ing sajroné sang Kristus kanthi mengkono panjenengan bisa ngalahaké rasa kuwatir panjenengan kanthi pracaya marang katresnan Panjenengané, bebas sakla hawa nepsu pribadi panjenengan, ninggalaké patrap bodho, lan mung leladi Kang Maha suci waé. Pilih Gusti minangka tanda kadiwasan urip panjenengan lan aja nampa pambereg hawa nepsu jagat.
Sing sapa wanuh Sang Roh Suci, wong iku wedi asih marang Allah, ngreti dosa-dosané, mratobat, lan ngakoni dosa iku kanthi jujur. Sebanjure Gusti Allah nuduhaké marang wong dosa iku babagan anggone cemer ing sajroné atine. Panjenengané bakal mbuka pérangan pungkasan saka uripe wong iku, banjur nitahaké ati kang anyar kanthi padhang ilahi Panjenengané, lan nganyaraké jiwané kanthi mangkono wong iku bisa dadi wong kang dadi keparenge Gusti Allah, sawijining titah anyar kang kebak karo kabecikan lan bebener, nggawa gambar Sang Kristus ing sajroné panguripane. Iki kabéh gumantung saka anggone tulus ing sajroné ngrungokaké Injil. Apa panjenengan maca Injil kanthi tegen lan bungah? Apa panjenengan ngelingi Injil iku kanti kebak rasa yukur lan sebanjure martakaké Injil mau marang wong-wong liya?
Wong kang wis nampa keselametan, uga duwé pepinginan nuntun wong-wong liya marang keselametan; lan wong kang andhap asor mbudidaya supaya nuntun para mitrané marang Sang Juru selamet bakal mundhak-mundhak ing sajroné kawruh lan panguwasane. Jaga Pangandikané Allah ing sajroné ati Panjenengané, lan sebarke pangandikan iku marang wong-wong liya, awit ora ana berkah kajaba saka kang ana ing sajroné Kitab Suci.
Kala-kala Gusti Allah ngejur ati kang wangkot nganggo bencana lan prekara kang nglarani kanggo ngrubah ati kang kaya watu iku dadi lemah kang subur. Ngaturna panuwun marang Gusti supaya kabéh prekara panjenengan, awit Panjenengané nyawisaké sakabéhe kanggo kabecikan panjenengan. Pundut Kitab suci panjenengan, waos lan dumaké Injil keselametan iku marang wong akéh, kanthi mangkono panjenengan ngasilaké woh kang akéh.
PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang kagungan penenan, kawula manembah Paduka, awit Paduka maringi sadaya manungsa, kanthi katresnan Paduka ingkang ageng, wewengan supados mlebet ing salebeting kraton Paduka, lan Paduka maringi pangandikan ingkang sami saenipun dhumateng tiyang-tiyang ingkang wangkot, kebak lelamisan, mata duwiten, lan uga dhumateng tiyang-tiyang ingkang dipun anggep asor, lan nyuwun tiyang-tiyang kalawau tanggel jawab, ngersakaké tiyang-tiyang ingkang sae medal saking panggesanganipun. Paduka apunten kawula atas wangkoting manah kawula, anggen kawula mboten mangertos, lan anggen kawula tresna dhateng arta. Paduka jur manah kawula supados saged dadi siti ingkang subur, lan ngasilaké kathah woh. Amin.
PITAKONAN:
- Kepiyé anggon kita mbangun turut Pangandikané Allah?