Previous Lesson -- Next Lesson
a) Pasemon babagan juru nyebar lan 4 jinis lemah (Markus 4:1-9)
MARKUS 4:1-9
1 Ing sawijining dina Gusti Yésus wiwit memulang maneh ana ing pinggiring sagara. Banjur akéh banget wong kang padha nglumpuk ana ing ngarsané, mulané Gusti minggah ing prau kang pinuju labuh lan lenggah ing kono, dene wong kabéh padha ana ing dharatan, ing pinggir segara. 2 Banjur padha diparingi piwulang bab prakara akéh kalawan pasemon. Anggone mulang pangandikané mangkene: 3 “Padha rungokna! Ana juru nyubar metu nyebar wiji. 4 Anggone nyebar mau ana kang tumiba ing pinggir dalan, nuli ana manuk kang padha teka nucuki wiji-wiji mau nganti entek. 5 Ana kang tumiba ing lembah kang akéh watuné, lemahe mung sathithik. Wijine énggal thukul, amarga lemahe tipis. 6 Nanging bareng srengengene saya dhuwur, banjur alum lan dadi garing amarga ora ana oyode. 7 Ana maneh kang tumiba ing eren; bareng thethukulan eri iku saya gedhé, wijine kendhih banjur mati, temahan ora metu wohe. 8 Ana kang tumiba ing lemah becik, iku thukul kanthi subur lan banjur metu wohe ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, ana kang tikel satus.” 9 Apa maneh pangandikane:”Sapa kang duwé kuping kanggo ngrungokaké ngrungokna!”
Gusti Allah ngandikan marang kita lumantar Putra Panjenengané, lan mratélakaké kengkeran Swarga lan bumi. Mliginé, nalika golongan pemimpin Yahudi teka sakprelu ngulataké Panjenengané, Sang Kristus ora nyethakaké gegayutan watonan-watonan kraton Panjenengané kanthi langsung, nanging nggunakaké sanepa kanthi mengkono wong-wong kang ngrungokaké Panjenengané bisa mikir lan gawé reringkesan dhéwé makna kang siningitan kang ana lumantar anggone anggegilut. Ing sajroné pikiran kang mengkono, anggone cecawis kanggo nampa bebener bakal tuwuh lan mundhak-mundhak. Kanthi mangkono, Sang Kristus njaga anggone cecerakan sarira Panjenengan karo para pandhérék Panjenengané kanthi mengkono para pemimpin agama kanthi mangkono wong-wong mau ora bisa nyekel Panjenengané atas dakwan ngajak geger masyarakat utawa nyerang agama wong-wong mau. Sang Kristus martakaké bebener secara jangkep, nanging kanthi ngati-ati lan wicaksana, dikaya pratele, “pinter dikaya ula lan tulus dikaya manuk dara”.
Ing sajroné pasemon babagan juru nyebar, Gusti Yésus mratélakaké sarira Panjenengané, lan andadekaké kita minangka kanca nyambut gawé ing sajroné pengalaman iki, gegayutan karo panampa para kang mirengaké marang pangandikané Allah kang disebar. Yaiku watonan saka pawarta Injil: Ora kabéh wong kang krungu bakal menehi tanggapan kang padha. Ana papat jinis kang dadi pangéling-eling kang tuwuh ing sajroné atine wong gegayutan Pangandikané Allah.
Apa tau panjenengan ndeleng wong nyebar wiji ing dalan kang aspalan? Ora ana wong kang nyebar wiji ing kono, awit pancen ora bakal ana gunane. Nanging Gusti Allah nawakaké kawilujengan malah marang wong-wong kang wangkot. Nanging, kabéh wong kang ngejaraké awaké nampa daya pengaruh déning akibat akibat ala saka jagating panglipuran, utawa kapercayan agama kang fanatik utawa propaganda waé, bakal dadi wangkoting ati. Wong-wong mau ora bakal gelem ngrungokaké lan ora bisa ngrungokaké, awit pikirané wong-wong mau repot, lan atine kebak karo watonan-watonan lan paugeran kang kothong. Bebarenga lakune wektu, wong-wong mau mung mikir selaras karo anggone kawangun landhesan doktrine waé.
Sing sapa kang lelamisan kala-kala uga katon banget déning kaya iyak-iyaka nanging ora patio jero. Wong iku kecepetan nanggapi timbalané Sang Kristus, lan kenthi cepet uga wong iku tiba lan ngadoh, awit iman kang mung alandhesan rasa ora cukup kanggo ngadhepi mangsa-mangsa angél, kang mbutuhaké pamikiran kang jero, kebak sabar lan sih rahmat lumantar rasa ajur ing sajroné telenging ati kang jero dhéwé.
Wong kang nandhang sangsara awit anggone mlarat lan kuwatir bakal nampani Pangandikané Allah kanthi semangat, minangka panglipuran pungkasan kanggo prekara kadonyane. Nanging sing sapa ora ngungkuraké awaké dhéwé, ninggalaké anggone seneng dhuwit, lan masrahaké awaké sawutuhe marang Gusti Allah, bakal sengit marang Gusti Allah lan nyenyamah Panjenengané nalika prekara dadi tambah gedhé ing sajroné panguripane. Manawa wong iku ora terus ana ing sajroné katresnané Sang Rama, lan duwé panguripan ilahi ing sajroné awaké, mula wong iku bakal cepet nglalekaké Pangandikané Allah, lan bakal kajiret ing sajroné patrap mentingaké awaké dhéwé. Nanging wong-wong kang mratobat lan rumangsa ajur ati bakal énggal sowan marang Gusti Allah, ora kanthi gumunggung nanging kanthi kebak rasa wirang sesambungan karo dosa-dosané, ora mbudidaya ngoyak pitulungan manungsa utawa mbombongaké awaké nanging golék pangapurané dosa lan kamenangan atas watek wantune kang cemer. Wong iku bakal kapenuhan karo Sang Roh Suci. Wong iku bakal ngasilaké woh-woh Sang Roh, kang timbul awit saka ngrungokaké Pangandikané Gusti Allah. Ing sajroné uripe wong-wong dosa kang mratobat, Gusti nemokaké lemah kang subur kanggo Pangandikan Panjenengané kang kebak panguwasa.
PANDONGA: Dhuh Gusti, kanthi kebak raos wirang kawula ngakeni bilih kawula boten saged mirengaken Pangandikan Paduka kadosdene ingkang Paduka kersakake. Paduka apunten patrap wangkot, lelamisan, lan raos kuwatos kawula. Tuntun kawula dhumateng pamratobat ingkang tulus lumantar Sang Roh Suci kanthi makaten Pangandikan Paduka saged ngasilaken woh ing salebetipun gesang kawula. Paduka pitulungi kawula kanthi cara mligi supaya mbangun turut dhawuh-dhawuh Paduka kanthi makaten kawula mboten nglampahi kekirangan secara kasukman, nanging kawula saged tuwuh ing salebeting nugraha Paduka. Amin.
PITAKONAN:
- Apa papat golongan wong kang ngrungokaké Pangandikané Allah, lan nanggapi pangandikan kuwi kanthi cara kang beda-beda?