Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 012 (Christ Heals a Demon-Possessed)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 2 - Wiwitané Anggone Gusti Yésus Leladi Ing Galilea (Markus 1:14 - 1:45)

3. Sang Kristus Nyarasaké Wong Kang Kepanjingan Setan ing Sinagoge (Markus 1:21-28)


MARKUS 1:21-28
21 Kacarita lakune wis padha tekan ing kutha Kapernaum. Bareng dina Sabat, Gusti Yésus banjur tindak lumebet ing papan pangibadah lan memulang. 22 Wong-wong padha kaeraman ngrungokaké piwulange, amarga anggone paring piwulang iku kaya kang kagungan panguwaos, ora kaya para ahli Torét. 23 Nalika Samana ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, kang nguwuh-uwuh: 24 “Paduka tumut-tumut punapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yésus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhé nyirnakaken kawula? Kawula mangretos Paduka punika sinten: Ingkang asipat suci kagunganipun Allah.” 25 Nanging banjur didukani déning Gusti Yésus pangandikane: “Meneng, metua saka wong iku!” 26 Wong kang kapanjingan banjur kacecengan marga saka panggawéne dhemit mau lan jerit-jerit nuli metu saka wong mau. 27 Kabéh wong padha sumlengeren, nganti padha takon-tinakon, “Apa ta iki? Piwulang anyar kagiyaraké kanthi panguwasa. Dalah dhemit-dhemit diprentah iya padha nurut”. 28 Pawarta bab Panjenengané iki banjur énggal sumber tekan ngendi-endi ana ing wewengkon Galilea.

Wong kang kapanjingan Roh ala teka menyang papan pangibadah. Apa ana uga roh-roh mengkono ing sajroné geréja panjenengan, kang dudu Sang Roh Suci? Manawa mengkono nyuwuna Sang Kristus supaya nundhung kabéh roh ala metu saka geréja, kanthi mangkono wong-wong kang mbutuhaké bisa diselametaké lan diuwalaké saka roh-roh ala, lan wong-wong bisa terus ana ing sajroné patunggalan-patunggalan panjenengan minangka anggota kang diberkahi.

Ing ngendi waé Sang Kristus, kang lair saka katresnané Allah, ana ing kana mula panguwasa kang banget gedhé metu saka Panjenengané lan roh-roh ala wanuh uga wedi marang Panjenengané. Minangka satru Allah, roh-roh ala mau ora bisa ndeleng katresnan Panjenengané, lan ora bisa mangreti nugraha Panjenengané, nanging roh-roh mau gemeter ing ngarsa kasucen Panjenengané kang nyirnakaké roh-roh ala mau. Roh-roh ala mau mung bisa wanuh Sang Kristus miangka hakim kang langgeng kang marang Panjenengané diparingi kabéh panguwasa ing langit lan ing bumi. Iblis, roh-roh ala lan setan-setan wedi marang paukuman langgeng kang ngenteni roh-roh mau. Roh-roh mau gemeter keweden awit paukuman kang bakal dumadi marang deweke.

Dina iki, akéh wong ora pracaya marang anané roh-roh mau. Roh-roh mau mesem lan ngguyu nalika ana wong nyebutaké babagan roh-roh iku. Nanging Injil nyeksekaké kanthi cetha babagan anané Iblis lan prajurite kang gedhé. Roh-rohe duwé daya pengaruh marang wong akéh, lan ngrasuki wong-wong liyane. Awit saka iku, aja kesusu manawa ndeleng ana wong kang kapanjingan roh ala, lan aja mbudidaya nundhung roh iku nganggo kekuwatan panjenengan dhéwé. Prekara iku mung bisa ditindakaké déning Sang Kristus lumantar wong-wong kang wis diwasa kasukman ing sajroné Sang Roh Suci.*** Panjenengané kudu ngaturaké panuwun marang Gusti kanthi golong gilik awit Panjenengané nylametaké panjenengan saka panguwasané Neraka, lan nyucekaké panjenengan kanthi kamardikan minangka para putra Allah. Iman ing sajroné Sang Kristus iku nugraha lan rahmat, lan dudu hasil pakaryan panjenengan. Panjenengan kudu yakin babagan pangayoman saka kraton Sang Kristus. Panjenengan bakal ayem ing sajroné manah Panjenengané, lan Panjenengané bakal ngayomi panjenengan saka si pangawak dursila manawa panjenengan sawutuhe mbangun turut marang gusti.

Roh-roh ala uga pracaya marang Allah lan Kang dijebati Panjenengané, nanging roh-roh mau gemeter keweden marang Panjenengané. Aneh banget yén roh-roh ing neraka iku ora wanuh kayekten babagan Sang Kristus, nanging roh-roh mau ngakoni Panjenengané, kanthi kebak rasa sengit ngerotaké untune; dikaya akéh wong lan akéh agama nyelaki sipat allah Gusti Yésus. Roh-roh ala ngakoni karo kepeksa ngakoni babagan kasucen Sang Krisus, lan sujud ing ngarsa Panjenengané, nanging pangakone roh-roh mau wis cukup. Pengakon iku dilandhesi déning kaculikan. Roh-roh cemer iku ora mangreti kayekten iku kanthi sakcukupe, awit Sang Kristus ora teka kanggo nyirnakaké, utawa kanggo mratélakaké sarira Panjenengané minangka Hakim kang langgeng, nanging Panjenengané rawuh marang kita minangka Juru selamet kang kebak sih rahmat kang ngersaaké iman lan kapercayan atas landhesan katresnan kita, lan dudu atas landhesan rasa wedi kita marang Panjenengané. Yaiku sebabé Panjenengané dhawuh roh-roh ala iku supaya meneng. Gusti Yésus ora ngersakaké tatanan kraton Panjenengané dibangun atas tembung saka kang mapan ing neraka, nanging mung atas landhesan kapercayan ing sajroné katresnan Panjenengané. Sedulur kang kinasih, aja pracaya marang panguwasa si pangawak dursila, roh-roh cemer, ora maelu kaya apa mursid keprungune tembung roh-roh mau, awit apa waé kang roh-roh kandhakaké déning kaculikan, malah sinadyana wong-wong entha-entha dadi kaya wong Farisi kang banget ngorong babagan Pangandikané Allah, dikaya kang dumadi marang wong kang kapanjingan ing papan pangibadah ing Kapernaum iku.

Sang Kristus iku Sang Menang. Panjenengané nundhung roh-roh ala iku nandhakaké tekané kraton Allah ing sajroné jagat kita, ing ngendi Iblis ora maneh dadi panguwasa jagat, awit Sang Kristus bakal ngrampas lan merdekakaké kabéh tawanan saka rante si pengawak ala iku. kabéh roh cemer kudu mlayu saka ngarsané Roh Kristus. Kanthi siji tembung waé, Sang Kristus nundhung panguwasa pepeteng metu saka wong iku, tanpa kekerasan. Kawula nyurung supaya panjenengan uga nyawisaké nyesekaké kanggo Injil kang suci iku, ndedonga kanthi setyo, lan masrahaké urip panjenengan sawutuhe kabawah cipratan rah cempé Allah, kanthi mengkono Sang Kristus bisa nguwalaké akéh wong ing antarané bangsa kita saka cancangan Iblis lan roh cemer lumantar pangandikan Panjenengan kang kagungan panguwasa. Injil waé siji-sijine cara nampani kaselametan manungsa. Sowana marang Sang Menang lan panjenengan bakal diselametaké, panjenengan lan seisi omah Panjenengané.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus Kristus, Paduka kemawon Raja kawula ingkang agung. Kawula manembah Paduka lan ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit Paduka nguwalaké kawula saking roh-roh awon, lan nguwaosi kawula kanthi roh suci Paduka. Paduka teguhaken ing salebetipun kawula katresnan lan kayektosan Paduka kanthi makaten kawula saged tansah wonten ing salebeting pangayoman Paduka lan lumampah ing salebeting kayektosan Paduka. Uwalaken sadaya tiyang ingkang ing salebetipun daya pengaruh roh-roh awon ing caketan kita, lan padhangi kawula ingkang kapang Paduka kanthi makaten tiyang-tiyang ugi saged ningali pepadhang Paduka lan nguwalaken saking pepeteng kanthi panguwaos Paduka.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé Gusti Yésus nguwalaké wong kang kepanjingan déning roh ala? Kepiyé gusti Yésus nguwalaké wong-wong kang ana ing daya pengaruh déning roh-roh cemer ing jaman iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 12, 2025, at 09:01 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)