Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)
8. Pangajak cacah telu kang pengaji (Rum 8:18-27)RUM 8:18-22 Paulus boten rumaos marem dhumateng iman lan katresnanipun dumateng Allah, pyambakipun mbudidaya nggayuh kanugrahan lan pangajeng-ajeng wonten ing Allah. Punapa panjenengan ngajeng-ajeng wujuding kamulyanipun Allah? Punapa punika dados tujuaning gesang panjenengan? Sampun rumaos marem dhumateng karampunganing pakewed utawi reribet alit panjenengan, karana Allah ngrancang nebus salumahing bumi. Kaajeng-ajenga kanugrahan ageng saking Allah, inggih punika enggaling sadaya titahipun. Sato kewan nandang sangsara, lan rerumputan dados garing. Bilai manusa kang njalari sato kewan sami sangsara. Punapa panjenengan nate nggatosaken mripating kewan kang merem lan katingal sedih? Punika krn kewan punika makluk kang boten langgeng. Kabingahan sampun nilar kewan-kewan punika, lan pakewed sampun tuwuh. Sadaya kewan ugi ngantos-antos wancining kamulyanipun Putraning Allah kawujudaken, samangsa rawuhipun Gusti, samangsa para putranipun kang kalairaken saking Roh Suci kauwalaken saking badaning kasangsaranipun, lan kamulyanipun Gusti kawujudaken wonten gesangipun para putra. Lajeng sadaya makluk bade kawilujengaken. Ing mangsa punika boten wonten kuldi (keledai) kang dipun gepuki kanthi kanepson, boten wonten lamuk kang nyakiti tiyang kang saweg tilem. Allah njanjeni kita bade wontenipun katentreman kang sampurna ing bumi, kang bade dipun jangkepi ing wekdal rawuhipun Kristus kang kaping kalih sesarengan kaliyan para tiyang suci lan para malaekatipun. Punapa panjenengan ugi ngajeng-ajeng punika? Alam sampun sangsara sanget wiwit dawahing amnusa, karana kanisthanipun manusa, tanggel jawab lan sadaya kang wonten pangrehipun sampu sami karisak. Paulus ngandaraken kasangsaraning sadaya makluk kados dene pisakit sanget samangsa nglairaken, kang murugaken Putranipun Allah saya caket dhumateng kita, awit Panjenenganipun nandang sangsara kaliyan kita lan kaliyan sadaya sato kewan. Panjenenganipun ngersakaken cecaketan raket murih kawilujenganing sadaya titah. RUM 8:23-25 Para putraning Allah ing alam donya sesambat ing pangwasaning Roh Suci wonten salebeting batos, nyuwun supados ingangkating tiyang-tiyang punika minangka putra kasampurnakaken. kita sampun katebus karana iman, nanging bade katebus sawetahipun. Samangke kita nyandhang kasampurnan kang namung saperanganing jiwa kita kemawon, awit kasampurnan kang jangkep taksih kaaontos-antos. Pangajeng-ajeng lan panuwun sokur minangka pambuka tumrap kamulyan dados wewujudan kang wigatos tumraping gesang karohanen kita. kita boten ngajeng-ajeng emas utawi hawa nepsu, nanging kita kepengin ningali Allah Sang Rama, Sang Putra lan Roh Suci. Punapa panjenengan kepengin sanget ningali Rama panjenengan? Punapa panjenengan ngajeng-ajeng wontenipun patunggilan kaliyan Kristus, Panebus panjenengan? Sami engeta bilih badan panjenengan kang boten langgeng bade kobong ing ngarsaning kamulyanipun Allah, lan panjenengan bade dados pepadang kang langgeng wonten ing pepadangipun Gusti. Punika pepenginaning sadaya tiyang suci, bilih gesangipun kang kasingidaken bade kalairaken. Punika boten namung bade ngebaki manahipun, nanging ugi badanipun kang kaniaya, kang sakit lan boten langgeng bade dipun ewahi lan dipun mulyakaken. kita sadaya mbetahaken kasabaran menawi kita manggen eontwn ing ruang tunggu di donya punika, karana teknologi lan kawruh mbudidaya ngremuk pangajeng-ajeng kita kanthi mbangun swarga kang palsu ing donya punika. Nanging Roh Suci dados jaminan tumrap kamulyan kita kang bade dhateng. RUM 8:26-27 Roh Suci pyambak nandang sangsara wonten badan kita kang ringkih, rumaos sedhih karana badan kita kang boten kwagang/ mampu, ngraosaken pandonga kita kang panjang lan medhit, sesambat karan pamawas kita kang boten sampurna, rumaos sedhih awit saking katresnan kita kang sekedhik, sarta kuciwa karana kakiyatan kita kang alit sanget. Roh Suci pyambak ndedonga lan dados pantara kagem tiyang-tiyang pitados, malah nadyan tiyang-tiyang pitados boten ndedonga, sambating karohanen kapireng wonten ing gesangipun, selaras kaliyan Donga Rama Kawula, inggih punika pandonga saking Roh Suci. Tumungkula panjenengan wonten ing sekolah pandonga punika temah panjenengan kaluwaran saking watak mentingaken dhiri pribadi lan mbikak kori kangge ilining panuwun sokur lan pepujian kanthi kebak sih katresnan, ndedonga kanthi wicaksana, bingah lan mandi, awit Roh Suci ndedonga wonten gesang panjenengan siyang lan dalu supados salumahing bumi kawilujengaken. Dados, kapan panjenengan bade nderek ing pepujian dumateng Rama Kaswargan panjenengan, ndedonga lan ngucap sokur kanthi sawetahing manah panjenengan? PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula nyuwun pangapunten amargi saking londhogipun langkah kawula dalah pandonga kawula ingkang namung mentingaken dhiri kawula piyambak. Mugi Gusti nuntun kawula supados saged ngluhuraken kasucén asma Paduka, mulyakaken karya penebusan saking sang Kristus kanthi sedaya gesang kawula, lan makarya kanthi andhap asor wonten ing kwaosipun Roh Suci. Dhuh Gusti, wulangana kawula supados saged mangertosi pangajeng-ajengipun Roh, lan ndedonga kados dénéng ingkang Paduka kersakaken, tuwin ngrantos rawuhipun Putra Paduka wonten ing kamulyan ingkang ageng saéngga sedaya titah saged kaslametan sesarengan klayan sedaya tiyang ingkang gadhah pangajeng-ajeng wonten in antawisipun bangsa kawula. PITAKON:
|